Menyang kontèn

Uwuh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Larahan)
Uwuh numpuk ing Dalan Pasteur, Bandhung, Mèi 2006

Uwuh utawa larahan (Basa Indonésia: sampah, Basa Sundha: runtah), iku barang turah kang wis ora dikanggokaké manèh utawi barang kang sengaja utawa ora sengaja diguwang sumberé saka prosès manungsa lan ngalam jagad, kang durung ana aji kang migunani lan dadi regedan.

Jinis uwuh

[besut | besut sumber]

Miturut sumber

[besut | besut sumber]

Werna-warna uwuh miturut sumberé, ana 6:

Miturut sipaté

[besut | besut sumber]

Uwuh miturut sipaté ana 2 cacahé

  • Uwuh Organik ya iku larahan kang bisa ajur (terurai)
  • Uwuh Anorganik larahan kang ora bisa ajur

Miturut wujud

[besut | besut sumber]

Uwuh utawa barang kang awujud padhet utawa èncèr kang wis ora dipigunakaké manèh lan bebucalé manungsa, kéwan, pipis lan uwuh èncèr bisa uga awujud uwuh rumah tangga.

Miturut bahan

[besut | besut sumber]

Miturut bahane uwuh iku dikelompokake dadi uwuh organik lan anorganik

  • Uwuh organik ya iku uwuh kang asalé saka barang ana kandhutan unsure bahan organik, koyoto sisa-sisa janganan (sayuran), kéwan, deluwang, petilan-petilan kayu saka piranti rumah tangga, petilan-petilan kayu, suket lan sak panunggalipun.Sajatiné prosès pangolahe uwuh ora winates diayahi déning pabrik utawa perusahaan gedhé. Para warga lumrah uga bisa ngayahi utawa nglakoni dewe.Umpamane uwuh organik sisa-sisa rumah tangga saka sisané para ibu masak saka janganan (sayuran) apa dhene gegodhongan bisa dirajang-rajang kanggo campuran pakan ingon-ingon bangsane pitik, bèbèk, menthok, lan banyak, utawa dipakakake raja kaya
  • Uwuh anorganik ya iku uwuh kang ora bisa ajur utawi lebur karo lemah lan bisa ngrusak kasuburane lamah utawa nuwuhaké polusi kaya ta gendul plastik, tilas ban mobil, rongsokan omplong, tong, gabus lan sakpiturute. Uwuh anorganik ora bisa lebur ing lemah.

Cara ngolah uwuh

[besut | besut sumber]
  • Uwuhorganik tumprape uwuh sayuran, kayu lan gegodhongan, bisa di budidayake digawé rabuk kompos kang diarani uga pupuk organik. Carane: uwuh dirajang-rajang banjur diwadhahi èmbèr utawa talam banjur diingoni salah sawijiné jinis cacing kang gelis anggoné mangan cacahan utawa obat kang bisa dilebur dadi uwuh saéngga bisa dadi kompos. Marang tuwuhan rabuk kompos iki luwih unggul dibandhingaké pupuk kimia, ramah karo lingkungan saubengé lan dodolané kompos iki luwih payu tinimbang kompos saka tléthong amarga njijiki
  • Uwuhanorganik tumprape botol plastik, tilas ban, rongsokan omplong, tong, gabus. Ora bisa diolah manungsa kajaba karo mesin olah kang canggih, nanging ana carané ngolah ya iku digawé utawa digunakake kanggo dolanan bocah, kanyata dolanan iku ora mung digawé saka bahan kang anyar lan bisa migunakake barang bekas lan digathuk-gathukake saka gabus, plastik, seng kerdus lan liya-liyané. Dolanan kang kaya mangkono kalebu aslie olahan uwuh anorganik. Conto uwuh anorganik kang diolah uga kaya déné tilase ban mobil dienggo pot tuwuhan lan bak sampah/adah larahan. Bakune kang diarani ngolah uwuh anorganik kang kaya mangkono iku dijupuk munpangaté kanthi cara langsung lan ora nganggo diolah ing mesin utawa nganggo bahan kimia.

Kagunan ngolah uwuh

[besut | besut sumber]
  • Ngolah uwuh saliyané nyengkuyung programing pamaréntah lan njaga keresikan
  • Nyengkuyung keséhatan lingkungan, kang tegesé lingkungane dhéwé dadi resik lan séhat
  • Bisa nambahi ulu pametu kulawarga yèn anggoné makarya diniyati minangka pakaryan tambahan

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
Topik-topik sing magepokan karo larahan

Daur ulang | E-waste | Greywater | Insinerasi | Karusakan lingkungan | Kompos | Pananganan selokan | Pengelolaan sampah | Pengurugan | Polusi | Sampah nuklir | Kalèn | Scrap | Larahan mawa racun | Truk larahan