Kinjeng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Semprang)
Kinjeng
Army dragonfly.jpg
Kinjeng wadya
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Arthropoda
Klas: Insecta
Ordho: Odonata
Subordho: Epiprocta
Infraordho: Anisoptera
Selys, 1854
Suku

Aeshnidae
Austropetaliidae
Cordulegastridae
Corduliidae
Gomphidae
Libellulidae
Macromiidae
Neopetaliidae
Petaluridae

Kinjeng (utawa semprang, coblang, uga diarani kotrik, Dodok Erok, Tete Iyek) lan kinjeng dom iku golongan srangga sing kagolong ing bangsa Odonata. Kinjeng arupa salah sijiné wujud kéwan sing mbajak ing angkasa.[1] Rong macem srangga iki arang ana ing papan sing adoh karo banyu, papané kanggo ngendhog lan ngentèkaké wektu pra-diwasa anak-anaké. Jenengé ing basa Indonésia ya iku capung déné basa Inggrisé ya iku dragonfly[1] lan ing basa Sundha ya iku papatong.

Kinjeng (subordo Anisoptera) rélatif gampang dibédakaké saka kinjeng dom (subordo Zygoptera). Kinjeng lumrahé awaké rélatif gedhé lan mencok kanthi swiwi kabukak utawa mbentang kiwa tengen. Éwadéné kinjeng dom lumrahé awaké cilik (senadyan ana sapérangan jinis rada gedhé), duwé abdomen sing kuru ramping mèmper dom, lan mencok kanthi swiwi katutup, jejeg dadi siji ing gegeré.

Kéwan iki dadi kéwan kang unik ya iku pas mangsa kawin ing angksa.[1] Uripé kinjeng iki ora suwé bisa diétung nganggo dina.[1] Amarga yèn wayah ésuk dadi mangsané manuk Sikatan déné wayah soré dadi mangsané manuk alap-alap, walèt sapi, kirk-kirk, lan cabak maling.[1]

Kinjeng iku bisa mabur kurang luwih 30 detik kang ajeg dhuwuré.[2] Wadiné ya iku lar aérodinamisé kinjeng iku pancèn supertipis, ora rata, lan ana lekukan kang ora bisa nekuk (mlengkung).[2] Para èlmuwan akèh sing wis nliti yèn kinjeng iku duwé daya angkat sing luwih gedhé nalika miber nglayang.[2]

Kinjeng iki kira-kira wis ana kawit 300 yuta taun kapungkur.[3] Jinisé kurang luwih ana 5.000 jinis kanthi dawané 2 - 12,5 sentimèter.[3] Kéwan sing kagolong srangga iki saliyané laré sing alus, uga duwé cangkem sing kuwat, mata sing amba lan tajem banget kaanggo ngerti mangsané.[3] Kijeng iki bisa gawé titènan yèn alamé isih resik, dhèwèké bakal teka lan ana.[3] Ananging yèn ora ana wis dadi pratandha yèn alamé wis rusak lan kacemar.[3]

Kinjeng iki bisa dadi pamangsané alami kéwan wereng[4] lan uler wulu[5] sing agawe susahé manungsa.

Sebaran lan jinis jinise[besut | besut sumber]

Udakara ana 3012 spésies kinjeng kang wus dikenali ing taun 2010.

Family Oriental Neotropical Australasian Afrotropical Palaearctic Nearctic Pacific World
Aeshnidae 149 129 78 44 58 40 13 456
Austropetaliidae 7 4 11
Petaluridae 1 6 1 2 10
Gomphidae 364 277 42 152 127 101 980
Chlorogomphidae 46 5 47
Cordulegastridae 23 1 18 46
Neopetaliidae 1 1
Corduliidae 23 20 33 6 18 51 12 154
Libellulidae 192 354 184 251 120 105 31 1037
Macromiidae 50 2 17 37 7 10 125
Synthemistidae 37 9 46
Incertae sedis 37 24 21 15 2 99

Kinjeng kasebar ing kabèh benua kajaba Antartika.

Kawiné kinjeng[besut | besut sumber]

Kawine Kinjeng

Yèn mangsané kawin kinjeng wadon ora bakal kawin manèh bar diawohi déning kinjeng lanang.[6]

  1. Kinjeng lanang nyekel guluné kinjeng wadon.[6]
  2. Kinjeng wadon ngubetaké sikilé ing pinggir buntuté kinjeng lanang, kanthi ana sambungan kang kas ing buntuté.[6]
  3. Kinjeng lanang banjur nglebokaké banyu lanangé nuju rongga kinjeng wadon.[6] Kadadéan iki merlokaké wektu kang suwé jam-jaman.[6] Mula kekaroné miber kanthi posisi kang mèpèt-mèpètan.[6]
  4. Kinjeng ninggal endhog gedhéné ing wadhuk utawa blumbang.[6]
  5. Sarampungé endhog kinjeng mau netes, bajur anakané kinjeng mau urip ing njero banyu kurang luwih telu nganti patang taun.[6] Mangsané iwak, bisa renang kanthi banter, lan duwé jepit sing cukup kuwat.[6]
  6. Kijeng mau bisa ganti kulit nganti ambal kaping papat.[6] Ing amabalan kang pungkasan dhèwèké munggah ana watu utawa wit kang dhuwur.[6] Kanthi réwangan sikil kang ing pucuké ana jepitané dhèwèké munggah.[6] Sepisan waé keplèsèt ndadèkaké dhèwèké bisa mati.[6]
  7. Geger kepompong kabukak.[6] Metuné kinjeng kanthi bening lan duwé sipat kang lentur sampurna saka kanugrahané Gusti Kang Murbegdumadi.[6]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e Intisari April 2000, Kaca:81 -88
  2. ^ a b c suaramerdeka.com(Kaundhuh tanggal 26 April 2011)
  3. ^ a b c d e m.suaramerdeka.com(Kaundhuh tanggal 26 April 2011)
  4. ^ www.metrotvnews.com(Kaundhuh tanggal 26 April 2011)
  5. ^ metrotvnews.com(Kaundhuh tanggal 26 April 2011)
  6. ^ a b c d e f g h i j k l m n o forum.kompas.com(Kaundhuh tanggal 26 April 2011)