Ngoko (basa)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Basa Jawa Ngoko)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Basa ngoko iku basa Jawa kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko. Ater-ater lan panambang ngoko ana dak-, ko-, di-, -ku, -mu, -(n)é, lan -(k)aké.

Saka panganggoné jaman saiki, ana basa ngoko kang dianggep alus lan ana ora alus. Mula, basa ngoko banjur kapérang loro, ya iku basa ngoko alus lan basa ngoko lugu. Duk nguni, basa ngoko kapérang telu: ngoko lugu, ngoko antya-basa, lan ngoko basa antya.[1]

Basa ngoko minangka dhasaring basa Jawa. Duk nguni, sandhuwuring basa ngoko, ana basa madya lan basa krama ing dhuwur dhéwé. Saiki, sandhuwuring basa ngoko langsung basa krama.

Pérangan[besut | besut sumber]

Lawasan[besut | besut sumber]

Basa krama kang lawas kapérang telu: ngoko lugu, ngoko antya-basa, lan ngoko basa-antya.[1][2][3] Ana uga kang mérang basa ngoko dadi basa ngoko lugu lan basa ngoko andhap. Basa ngoko andhap banjur kapérang manèh dadi basa ngoko antya-basa lan basa ngoko basa-antya.[2][4]

Ngoko lugu[besut | besut sumber]

Basa ngoko lugu iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko.[1][3] Ing isor iki conto ukara kang nganggo basa ngoko lugu.

Kowé apa arep mangan iwak wedhus?[3]

Kabèh tembung ing conto iku ngoko.

Ngoko antya-basa[besut | besut sumber]

Basa ngoko antya-basa iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko kanthi woworan tembung krama inggil lan tembung krama andhap.[1][3] Ing isor iki conto ukara kang nganggo basa antya-basa.

Sariramu apa karsa dhahar iwak wedhus?[3]

Tembung sarira, karsa, lan dhahar ing conto minangka éwoning tembung krama inggil.

Ngoko basa-antya[besut | besut sumber]

Basa ngoko basa-antya iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko kanthi woworan tembung krama saha tembung krama inggil lan tembung krama andhap.[1][3] Ana sawatara tembung ngoko kang ora kena dikramakaké supaya dumadi basa ngoko basa-antya, ya iku: ana, endi, ora, arep, aku, iki, iku, utawa, isih, apa, aja, iya, amarga, enggon, kana, kéné, kono, karo, kapan, kepriyé, kang, durung, dudu, saiki, saprana, sapréné, saprono, samana, saméné, samono, sing, wis, lagi, pira, dhèk, jaré, mau, manèh, menawa, menyang, marang, mung, mengko, mangkana, mengkéné, mengkono, baé, lan nganti.[4] Manawa tembung-tembung mau, ater-ater, lan panambang kakramakaké kang dumadi destun malah basa mudha krama, dudu basa ngoko basa-antya. Ing isor iki conto ukara kang nganggo basa ngoko basa-antya.

Panjenenganmu apa karsa dhahar ulam ménda?[3]

Tembung panjenengan, karsa, lan dhahar ing conto minangka éwoning tembung krama inggil, déné tembung ulam lan ménda minangka éwoning tembung krama.

Anyaran[besut | besut sumber]

Basa ngoko kang anyar kapérang loro: ngoko lugu lan ngoko alus.[1]

Ngoko lugu[besut | besut sumber]

Basa ngoko lugu iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko.[5] Basa ngoko lugu arané isih padha karo aran kang lawas. Ing ngisor iki conto tulisan ing basa ngoko lugu.

Mengko soré, yèn sida, aku arep lunga menyang Surabaya. Yèn kowé duwé dhuwit, bok aku disilihi sangu. Arep njaluk Paman, dhèwèké lagi ora duwé dhuwit. Ana dhuwit sathithik, nanging jaréné Paman, wis kadhung ditukokaké obat. Bibi lara tangané. Bisa ta nyebrak sadina rong dina?[5]

Conto ing dhuwur mung nganggo tembung ngoko.

Ngoko alus[besut | besut sumber]

Basa ngoko alus iku basa ngoko kang nganggo tembung, ater-ater, lan panambang ngoko sarta kaworan tembung krama inggil lan tembung krama andhap.[5] Basa ngoko alus iku owah-owahan aran saka basa antya-basa kang lawas. Ing ngisor iki conto tulisan ing basa ngoko alus.

Mengko soré, yèn sida, aku arep lunga menyang Surabaya. Yèn panjenengan kagungan dhuwit, bok aku diparingi sangu. Arep nyuwun Paman, panjenengané lagi ora kagungan dhuwit. Ana dhuwit sathithik, nanging pangandikané Paman, wis kadhung dipundhutaké obat. Bibi gerah astané. Bisa ta nyebrak sadina rong dina?[5]

Conto ing dhuwur nganggo tembung ngoko lan tembung krama inggil (panjenengan, kagungan, paring, nyuwun, pangandika, pundhut, gerah, lan asta).

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f Suwadji 2013, kk. 10-11.
  2. a b Harjawiyana & Supriya 2001, kk. 18.
  3. a b c d e f g Prajapustaka, Mas Ngabèi (1925). Kawruh Basa. Ngayogyakarta: N. V. Mardi Mulya. kk. 4–6. 
  4. a b "Antya basa lan basa antya". Sasadara. 1903-08-09. 
  5. a b c d Suwadji 2013, kk. 13-14.

Rujukan[besut | besut sumber]