Pantun gaga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Tegil pantun gaga celak ing Sundarbazaar Lamjung, Nepal.

Pantun gaga utawi pantun gagi (ngoko pari gaga) punika pantun ingkang boten thukul ing sabin teles nanging ing siti garing utawi ing tegil gaga, inggih punika sabin tanpa irigasi.[1] Tembung gaga kémawon tegesipun ugi saged pantun gaga.[1]

Mèh kalih katiga tlatah pantun gaga wonten ing bawana Asia. Bangladesh, Cina, Kamboja, India, Indonesia, Myanmar, Thailand, lan Vietnam punika produsèn wigatos.[2]

Ciri-ciri umum[besut | besut sumber]

Pantun punika limrahipun gesangipun wonten ing sabin.[3] Awit, mbetahaken toya cekap tur ajeg.[3] Mila, manawi pinuju kirang toya, sabin-sabin sami kasatan, pantun lajeng sami pejah.[3] Saboten-botenipun sami boten awoh, ingkang dipunwastani pusa.[3]

Éwasamanten ugi wonten pantun ingkang gesangipun manawi dipuntanem ing tegil, awit pantun punika boten mbetahaken toya kathah.[3] Malah, manawi kekathahen toya pantun punika boten purun awoh.[3] Ronipun jené semu abrit satemah lajeng pejah.[3] Ingkang makaten punika dipunwastani bacek.[3] Pantun punika naminipun pantun gaga, ingkang nanemipun ugi béda kaliyan pantun-pantun sanèsipun.[3]

Pantun limrah nanemipun mawi damel pinihan rumiyin.[3] Pinihan punika manawi sampun thukul saé, inggilipun watawis sampun kilan, dipundhaut lajeng dipuntanem ing lèr-lèran.[3] Nanemipun kaliyan mundur supados boten risak kepidak-pidak.[3] Pantun gaga nanemipun boten ndadak mawi ndamel pinihan.[3] Siti ingkang badhé dipuntanemi dipuncluweki nganggé linggis utawi kajeng lancip.[3] Manawi sampun, gabah lajeng dipuncemplungaken ing cluwekan punika, lajeng dipunrabuk pisan mawi awu layan terus dipunurugi, lan lajeng dipunsiram.[3] Makaten salajengipun saben cluwekan dipunisèni gabah kalih utawi tigang iji.[3]

Manawi sampun thukul, watawis umur satunggal wulan, lajeng dipundhangir utawi dipunwatun mawi pacul alit, naminipun wangkil.[3] Kinten-kinten umur sekawan wulan pantun sampun saged dipunenèni.[3]

Pantun gaga minangka wos lan sekul[besut | besut sumber]

Sekul gaga punika kalebet empuk tur pulen, nanging kirang melar.[3]

Pantun utawi tegil gaga ing sastra Jawi[besut | besut sumber]

Ing sawatawis serat-serat sastra Jawi, pantun gaga utawi tegil gaga ugi dipunsinggung. Ing ngandhap punika kapacak sawatawis tuladha.

Kakawin Rāmâyaṇa[besut | besut sumber]

Pupuh 2.11 Jarwa
a. Nāhan tinonira rikang wanadeśa rāmya,
b. Nton tang gagā saphala dibya parinya wṛddhi,
c. Kapwâkiris wahu huwus winatun ta rāmya,
d. Sang Rāma Lakṣmaṇa saharṣa tumon ya saśrī.
a. Mila tlatah wana ingkang éndhah dipuntingali,
b. Katingal wonten tegil gaga subur[4] saé, pantunipun tumuwuh,
c. Sedaya sami rata awit telas dipun watun, inggih éndhah,
d. Pun Rama lan Lesmana kasengsem manahipun mriksani kang sarwa éndhah.

Kakawin Nāgarakṛtâgama[besut | besut sumber]

Pupuh 88.3 Jarwa
a. mukyanikang gagā sawah asing tinandur ika wṛddhya rākṣan aměrěn,
b. yāwatikang lemah pinaka râmaken pagěha tan padadya waluha,
c. hétunikang kulina tana tuṇḍungêng amaradéśa yèn pataruka,
d. ana ing pratiguṇḍalanya ya tuten ri gönganikanang pradéśanusirěn.
a. Utaminipun tegil gaga lan sawah satunggal-satunggal, punapa kémawon ingkang dipuntandur, mugi sarwa subura, dipunreksa lan dipunopèni,
b. Sedaya siti ingkang sampun dipundadosaken dhusun, kedah panggah makaten lan boten wangsula malih,
c. Inggih punika supados padunungipun boten ngaliha manawi pataruka ,
d. Punika aturan ingkang kedah dipuntutaken, ayo sami ngwiyaraken wewengkon pamaréntahan.

Kidung Tantri Kědiri[besut | besut sumber]

Pupuh 4 Jarwa
231. a. [...] pakacaritanya sěděnging paburwan sang KrěsnÂrjuna,
231. b. kalanira ri nguni gumeseng ing alas iki kang mangaran Andakawana dadi luput kang singha Nilamoro mangkêki lungha ta yâmegil umungsi ikang alas lyan amanggih ta ya kidang Mrěgalohini ngaranya wisata têki ameng-ameng rikang alas.
232. a. katon dénikang singha diněmaknya luput kang kidang apan kapulět ing odod pwêkang singha mangkin masengit,
232. b. magělěng rikang alas něhěr inujaranya karěngě pwa ya déning alas mangkono mojar kan alas angling.
233. a. adama kang singha ri wěnangnya masabda iki asing manukanê citanya kadi pira saktinya yadin sadénya matinggal ika manglwanga pira iki mangké ri ananya masânamběha mangkono lingikang alas mojar lungha tang singha aměgil in těgal,
233. b. katon pwêkang singha déning ramaning těgal dadi binuru mangké kinabèhan ya ta mati kang singha ri wěkasan tang alas ginaga [...]
231. a. [...] cinariyos nalika sang Kresna lan Arjuna sawege beburon,
231. b. Kalanipun wana Andakawana rumiyin dipunbesmi, wonten ta singa satunggil anami Nilamoro ingkang mlajeng, ngungsi dhateng wana sanès. Dados kapanggih ta piyambakipun kaliyan satunggiling kidang anami Mregalohini ingkang saweg cengkrama dhateng wana punika.
232. a. Piyambakipun katingal déning singa, lajeng dipundemak. [Nanging] kidangipun saged luput amergi ingkang singa kapulet ing oyod. Mila sangsaya sengit,
232. b. Nepsu dhateng wana. Sanjangipun kapireng déning wana. Dados ingkang wana ugi sanjang:
233. a.... Pun singa lajeng késah dhateng ing tegal.
233. b. Katingal ta ingkang singa déning ingkang gadhah tegal. Dados piyambakipun dipunburu saha dipunkroyok. Singanipun lajeng pejah lan wananipun wekasanipun dipundadosaken tegal gaga.

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. a b Zoetmulder (1995-262), s.v. èntri gagā
  2. Phool Chand Gupta, J. C. O'Toole. 1986. Upland Rice: A Global Perspective By , International Rice Research Institute Published by International Rice Research Institute, 1986 ISBN 9711041723, 9789711041724
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Sahid et al. (1984:55-56)
  4. Miturut Kern saphala dipunpertal 'subur'

Kapustakan[besut | besut sumber]

  • Kodhe basa ora trep. Much. Sahid, Wahyudi Soejono, Istandar Hadipranoto, Hisyam Zaini lan Siswadi, 1984, Wulang Basa. Wulangan Basa Jawa Sekolah Dasar. Klaten: PT Intan
  • Phool Chand Gupta, J. C. O'Toole, 1986, Upland Rice: A Global Perspective By , International Rice Research Institute. [S.l.]: International Rice Research Institute. ISBN 9711041723
  • P.J. Zoetmulder bekerja sama dengan S.O. Robson, 1995, Kamus Jawa Kuna - Indonesia. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama. Penerjemah Darusuprapta, Sumarti Suprayitna ISBN 979-605-346-4

Priksani ugi[besut | besut sumber]