Gunung Sindara
| Gunung Sindoro | |
|---|---|
| Titik dhuwur dhéwé | |
| Èlevasi | 3,136 m (10,289 ft) [1] |
| Prominèn | 1,747 metres (5,732 ft) |
| Pratélan | Ultra Ribu |
| Géografi | |
| Location | Jawa Tengah, Indonésia |
| Géologi | |
| Jinisé gunung | Stratovolcano |
| Panjeblug pungkasan | 1971 |
| Panjatan | |
| Rute gampang dhéwé | Gubugklakah, Burna |
Gunung Sindara (asring kasebut Sundara utawa Sendara) kalebu gunung geni aktif kang dumunung ing antarané Kabupatèn Temanggung lan Kabupatèn Wanasaba.[2] Yèn digambar, Gunung Sindara iku sesandhingan karo Gunung Sumbing.[2] Prenahé ana ing sisih lor-kuloné Temanggung lan sisih lor-wétané Wanasaba.[3]
Dhuwuré Gunung Sindara kira-kira 3.155 mdpl, nanging ora ngungkuli dhuwuré Gunung Sumbing kang kira-kira 3.340 mdpl.[3] Masarakat sakiteré asring nyebut Gunung Sindara lan Sumbing kanthi telahan gunung kembar.[3] Ana uga kang nyebut Gunung Susi utawa Sindara-Sumbing.[4]
Kahanan ing Gunung Sumbing lan Sindara ora béda karo pucuk Bogor, kang duwé sesawangan éndah lan hawa adhem.[3] Sakloroné uga duwé potensi kanggo laladan agrowisata, kaya ta kebon klèngkèng, mbako, vanilla lan kopi.[3] Awit saka iku, Dinas Perhubungan lan Pariwisata Kabupatèn Temanggung nduwèni niyat arep ngrembakakaké Gunung Sindara lan Sumbing minangka laladan wisata terpadu.[3] Ora mung kaendahane waé sing bisa gawé gumun, nanging gunung Sindara uga nyimpen sapérangan barang purbakala tinggalan saka Agama Hindhu.[5] Kaya ta arca Ganesha, Lingga lan Yoni kang tinemu ing Dusun Liyangan, Désa Purbasari, Kacamatan Ngadireja, Kabupatèn Temanggung.[5] Isih ana 25 barang purbakala liyané kaya ta pecahan grabah, pecahan kramik saka Dinasti Tang, sawijining reca kang duwé wujud manungsa kang durung bisa diidentifikasi, uga sapérangan piranti omah kaya ta cowèk, munthu, lan pipisan (piranti giling) sing asring dienggo gawé jamu.[5]
Déné sing gawé béda Gunung Sindara karo Gunung-gunung liyané yaiku ing pucaking Gunung Sindara ana lapangan kang ambané padha karo 7 lapangan bal–balan.[4] Ing sisih wétan pucuk, uga ana kawah Sindara kang jerone nganti 30 m.[4] Déné ing sisih lor lapangan mau, ana watu gedhé kang aran Watu Géyong.[4] Miturut carita, watu iku kadadéan nalika Gunung Sindara njeblug.[4] Pawiyatan munggah Gunung Sindara bisa kawiwitan saka Désa Katekan, Kacamatan Ngadirejo, Kabupatèn Temanggung.[3] Kajaba iku, para pendaki uga bisa miwiti munggah saka Kledung lan Sigedang.[6] Panjenengan bakal ngliwati 7 pos pemberhentian saben 1,5 km.[4]
Nalika ngambah pos 1 nganti tekan pos 3, panjenengan bakal disuguhi sesawangan kebon kubis utawa mbako ing kiwa lan tengen dalan.[4] Ngancik pos 3, sesawangan kang disuguhake béda manèh.[4] Penjenengan bakal nemu alas Pinus kang wis naté kobongan watara sekilo ambané.[4] Banjur panjenengan bakal nyawang sabana utawa padhang rumput ing pos 4 nganti tekan 5.[4] Ing pos 6, ana sesawangan éndah yaiku wujud watu kang wis mbeku, minangka material vulkanik kang metu nalika Gunung Sindara njeblug.[4] Kadang kala uga mambu wlirang ing sadalan-dalan.[4] Tumekaning pucuk, panjenengan wis bisa nyawang lapangan kang amba.[4] Aja lali kanggo para pendaki nggawa jaket kandel, amarga antarané jam 3 lan jam 7, panjenengan bakal ngrasakake hawa paling adhem yaiku 2 drajat celcius.[4] Akèh kasus kang mratelakake yèn para pendaki mau kelangan rasa pangrasané jalaran saka hawané kang kaliwat adhem.[4]
Deleng uga
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ "Sundoro". Global Volcanism Program. Smithsonian Institution. Dibukak ing 2006-12-26.
- ↑ a b Wisatanesia[pranala mati permanèn] (diunduh tanggal 26 maret 2011)
- ↑ a b c d e f g Situs Kab. Temanggung(diunduh tanggal 26 maret 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o yuudi.webs.com[pranala mati permanèn] (diunduh tanggal 26 maret 2011)
- ↑ a b c kompas.com (diunduh tanggal 30 maret 2011)
- ↑ visitdiengplateau.com[pranala mati permanèn] (diunduh tanggal 27 maret 2011)
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- Kabèh artikel mawa pranala njaba sing mati
- Artikel mawa pranala njaba sing mati kawit October 2023
- Articles with invalid date parameter in template
- Artikel mawa pranala njaba sing mati permanèn
- Pages using infobox mountain with unknown parameters
- Kabupatèn Temanggung
- Kabupatèn Wanasaba
- Gunung ing Jawa Tengah
- Rintisan mawi topik gunung ing Indonésia
