Gunung Mekongga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gunung Mekongga
Dhaptar Ribu
Gunung Mekongga ing Sulawesi Tenggara

Gunung Mekongga inggih punika salah satunggaling gunung ing kawasan pegunungan Mekongga ingkang mbujur dawa ing sisih lor laladan Kabupatèn Kolaka Propinsi Sulawesi Tenggara, Indonésia.[1] Wonten ing pegunungan Mekongga punika, Gunung Mekongga inggih kalebet gunung ingkang paling inggil ing antawisipun gunung-gunung sanesipun.[1] Kawasan pegunungan punika kalebet runtutaning pegunungan Verbeck ingkang pucuk-pucukipun saking jinis watu karst dhataran inggil, kanthi pucuk ingkang paling inggil kasebat mosero-sero, dhuwuripun 2.620 meter saking nginggil laut.[1] Gunung Mekongga inggih kalebet gunung ingkang paling inggil ing Propinsi Sulawesi Tenggara.[2].

Gunung Mekongga ingkang gadhah dhuwur 2.620 meter saking nginggil toya laut punika, mapan wonten ing Kecamatan Ranteangin, Kabupatèn Kolaka, Propinsi Sulawesi Tenggara, Indonésia. Miturut warga masarakat sakiteripun, tembung Gunung Mekongga tegesipun gunung papan matinipun setunggaling garudha utawi garuda raksasa ingkang dipun pejahi dning pemudha namanipun Tasahea.

Kahanan Fisik[besut | besut sumber]

Gunung Mekongga ingkang kalabet ing wewengkon pegunungan Mekongga punika kalebet pegunungan Karst ingkang ngewrat kathah potensi alam saha kaendahan ingkang sae sanget.[3] Miturut cathatan geografisipun, wewengkon pegunungan punika maujud saking atol ingkang kaangkat ing sekiter atusan taun rumiyin. Proses punika ingkang salajengipun dadosaken medalipun kawasan karst dataran inggil ingkang endah punika. Fenomena kados mekaten ingkang salajengipun paring papan kangge flora saha fauna khas dados biota endemic ingkang namung wonten ing papan punika, ing antawisipun inggih Anoa dataran inggil ingkang dados kéwan endemic ing Sulawesi, Rangkong inggih punika salah satunggaling jinis manuk endemic Sulawesi, Tarsius, saha flora- flora ingkang endah, saperangan ageng jinis kembang anggrek ugi saged ipun panggihaken ing jalur dhaki punika, kados ta anggrek tanah Sorumeh kanthi maneka warna wernanipun ingkang dados titikan ingkang khas wilayan Sulawesi Tenggara, saha anggrek ingkang nemplek ing wit- witan.

Jalur Dhaki[besut | besut sumber]

Saking Makasar saged dugi ing Kendari lajeng nerasaken mlampah dhateng kota kabupatèn Kolaka medal jalur dharat ngantos désa ingkang kaping pungkasan utawi base camp ingkang dados titik wiwitanipun anggenipun ndhaki. Desa Pungkasan punika inggih Desa Tinukari ingkang mapan wonten ing sisih kilen radi kidul Kota Kendari tebihipun kirang langkung 300 km. Desa Tinukari punika dipun dadosaken papan tilaripun suku Tolaki Mekongga. Saking désa punka lajeng kedah mlampah liwat mergi setapak ing kebon coklat. Ing sadangunipun mergi badhe dipun panggihaken kali Aala Mosembo saha Aala Tinukati minangka camp 1. Wekdal ingkang dipun betahaken dhateng camp 1 punika namung kirang langkung 2,5 jam.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c Gunung Mekongga (dipunundhuh tanggal 5 Nopember 2012)
  2. ^ Kendaripos:HPI akan tertibkan pemandu wisata di Sultra(dipunundhuh tanggal 5 Nopember 2012)
  3. ^ [1] Never Stop Exploration..Gunung Mekongga Kolaka Utara-Sultra… (dipunundhuh tanggal 14 Januari 2013)