Gunung Rajabasa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gunung Rajabasa
Gunung Rajabasa
Èlevasi 1,281 metres (4,203 ft)

Gunung Rajabasa inggih punika salah satunggaling gunung geni awujud kerucut vulkanik ingkang mapan ing Selat Sunda, ing sisih wétan radi kidul saking Pulo Sumatra, estunipun dumunung ing Kabupatèn Lampung Selatan, Provinsi Lampung.[3] Gunung Rajabasa gadhah kawah ing pucukipun kanthi ambanipun 500x700 mèter. Gunung Rajabasa inggih punika salah satunggaling gunung saking kathah gunng inggil ingkang wonten ing Indonésia. Kathah para pendaki ingkang ngginakaken gunung punika kanggé nguji fisikipun saha nyali lan mentalipun. Gunung Rajabasa gadhah fungsi ékologi minangka kawasan lindhung. Paedahipun gunung Rajabasa ing antawisipun inggih punika kanggé ngatur tata ilining toya, penstabi iklim, kanggé nyegah banjir, kanggé ngendhalikaken erosi, saha njagi kesuburan tanah. Jasa lingkungan kasebat dipun-ginakaken déning para warga ing 4 kacamatan saha 39 désa ing Kabupatèn Lampung Selatan. Pramila kawasan hutan ingkang sak punika sampun risak kanthi amba 4.900 hektar punika temtu badhé gadhah dampak ageng kanggé para warga ing sakitering gunung Rajabasa.

Jalur Dhaki[besut | besut sumber]

Manawi badhé tumuju dhateng Gunung Rajabasa punika saged dipunwiwiti saking Sumur Kumbang, ingkang mapan ing satunggaling désa ing sikilipun gunung Rajabasa. Kampung punika jarakipun 5 kilomèter saking Kalianda, kutha krajan Lampung Selatan. Warga ingkang dumunung ing désa punika inggih saking suku Sunda.[4] Kangge ndhaki gunung Rajabasa dipunbetahaken wekdal kirang langkung 6 dumugi 8 jam saha ngliwati 4 pos kanggé istirahat. Saking awal ndhaki dugi pos 1 taksih kathah kapanggih mata air ingkang taksih resik, bening lan asring dipun-ginakaken kanggé bekal para pendaki ndhaki gunung, lan toyanipun saged langsung dipununjuk tanpa kedah dipungodhog rumiyin. Mata air-mata air punika ugi dipundadosaken sumber mata air ingkang resik kanggé para warga ingkang dumunung ing sakiteripun sikilipun gunung Rajabasa. Sadèrèngipun dugi pos 1, pendaki dipunparangi pamanggih supados saged ziarah rumiyin dhateng makam Syeh Mansyur ingkang dipunanggep keramat déning para warga. Syeh Mansyur punika tokoh saking Sunda ingkang dados perintis lairipun Désa Sumur Kumbang. Lan manawi ndhaki gunung Rajabasa, ugi boten dipunkeparengaken nebas wit-witan ingkang wonten ing gunung kasebat. Anggenipun ndhaki saking Désa Sumur Kumbang dugi pos 1 betahaken wekdal kirang langkung 3 jam. Ing sak dangunipun ndhai saged kapanggih kebon coklat, kopi, lada, saha duren ingkang dipuntandur déning warga. Kangge para pendaki ingkang taksih pemula boten dipunkeparengaken ndhaki piyambak amargi resiko kesasar ing lebet hutan ageng sanget lan ugi medanipun ingkang rekaos sanget.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ "Rajabasa". Global Volcanism Program. Smithsonian Institution. Dijupuk 2006-12-26. 
  2. ^ Pusat Vulkanologi dan Mitigasi Bencana Geologi
  3. ^ [1] Rajabasa volcano (dipunundhuh tanggal 15 Januari 2013)
  4. ^ [2] Misteri Gunung Rajabasa (dipunundhuh tanggal 15 Januari 2013)