Menyang kontèn

Gunung Tambora

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pasawangan gunung Tambora
Barkas:Caldera Mt Tambora Sumbawa Indonésia.jpg
Kawah Gunung Tambora.
{{{Nama}}}
Elevasi {{{Elevasi}}}
Listing Ribu

Gunung Tambora (utawa Tomboro) yaiku stratovolcano aktif kang panggoné ana ing pulo Sumbawa, Indonésia.[1] Gunung iki mapan ana ing rong kabupatèn, yaiku Kabupatèn Dompu (sapérangan sikil sisih kidul nganti tekan kulon sagara, lan Kabupatèn Bima (pérangan èrèng-èrèng sisih kidul nganti tekan kulon lor, lan sikil nganti tekan sisih wétan tekan lor), Provinsi Nusa Tenggara Barat, pasé ana ing 8°15' LS lan 118° BT.[1]

Gunung mapan ana ing sisih lor lan kidul yaiku awujud kerak oseanik.[1] Tambora dumadi déning zona subduksi ana ing ngisoré.[1] Perkara iki ngundhakaké kadhuwuran Tambora nganti tekan 4.300 m[2] kang ndadèkaké gunung iki tau dadi salah siji puncak paling dhuwur ana ing Nusantara lan mededi dapur magma kang gedhé ing gunung iki.[1] Mbutuhaké wektu saabad kanggo ngisi manèh dapur magma kang ana ing gunung iki.[1]

Aktivitas vulkanik gunung iki ana ing pucuké nalika sasi April taun 1815 nalika iku gunung iki mbledhos ana ing skala pitu Volcanic Explosivity Index.[1] Bledhosan iki dadi bledhosan gedhé dhéwé nalika ana jeblugan tlaga Taupo taun 1815.[3]

Pabandhingan jeblugan gunung Tambora lan jeblugan gunung liyané
JebluganTaunDhuwuré keluk (km) VEI Owah-owahan mangsa panas ana ing sisih lor bumi (°C)Pepati
Taupo181517?ora dikawruhi
Baekdu969256–7??
Kuwae1452?6−0,5?
Huaynaputina1600466−0,8≈1400
Tambora1815437−0,5> 71.000
Krakatau1883256−0,336.600
Santamaría1902346ora ana owah-owahan7.000-13.000
Katmai1912326−0,42
Gunung St. Helens1980195ora ana owah-owahan57
El Chichón1982324–5?> 2.000
Nevado del Ruiz1985273ora ana owah-owahan23.000
Pinatubo1991346−0,51202
Sumber: Oppenheimer (2003),[3] dan Smithsonian Global Volcanism Program untuk VEI.</ref>"Large Holocene Eruptions". Global Volcanism Program. Smithsonian Institution. Diarsip saka sing asli ing 2012-01-17. Dibukak ing 7 Novèmber 2006.</ref>

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 Degens, E.T.; Buch, B (1989). "Sedimentological events in Saleh Bay, off Mount Tambora". Netherlands Journal of Sea Research. 24 (4): 399–404.
  2. Stothers, Richard B. (1984). "The Great Tambora Eruption in 1815 and Its Aftermath". Science. 224 (4654): 1191–1198.
  3. 1 2 Oppenheimer, Clive (2003). "Climatic, environmental and human consequences of the largest known historic eruption: Tambora volcano (Indonésia) 1815". Progress in Physical Geography. 27 (2): 230–259.