Kalimantan Lor

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kalimantan Lor
Provinsi
Lambang Kalimantan Lor
Seal
Peta lokasi Kalimantan Lor
Peta lokasi Kalimantan Lor
Negara  Indonesia
Dina dadi 25 Oktober 2012
Pepréntahan
 • Gubernur Irianto Lambrie (pj.)
Laladan
 • Gunggung 85.618 km2 (33,057 sq mi)
Cacah warga (2010)
 • Gunggung 524.656
 • Pepadhet 6.1/km2 (16/sq mi)
Dhémografi
 • Suku bangsa Tidung, Dayak, Bulungan, Suluk, Bugis, Jawa, Banjar dll
 • Agama Islam (75,1 %), Protèstan (20,4 %), Katulik (2,6 %), Buda (1,7 %), Hindu (0,05 %), dan Kong Hu Cu (0,15 %)
 • Basa Tidung, Dayak, Indonésia
Zona wektu WITA (UTC+8)
Lagu daerah Bebilin
Omah tradhisional Rumah Baloy
Senjata tradhisional Mandau
Situs wèb http://www.kaltaraprov.go.id/

Provinsi Kalimantan Lor (basa Indonésia: Provinsi Kalimantan Utara), iku katata sajeroning 4 kabupatèn lan 1 kutha. Kutha krajané ya iku Tanjungselor.

Pamérangan Wewengkon[besut | besut sumber]

Kalimantan Lor diperang dadi 5 wewengkon, ya iku 1 kutha lan 4 kabupatèn.

Kutha Tarakan[besut | besut sumber]

Kutha Tarakan iku pusate perékonomian lan jasa paling gehde ing wewengkon lor Kalimantan Wétan. Cacahe penduduk 239.787 jiwa rikala taun 2011 ing pulo cilik sing ambané 250,80 km² lan padete arep tekan 1.000 jiwa per/km². Tarakan uga dadi pusate transportasi udara lan laut ing Kalimantan Lor, Papan Anggegana Juwata dadi papan anggegana kang statuse internasional gedhé dhéwé ing wewengkon Kalimantan lor kang rata-rata penumpang saben tahune nganti 1 yuta penumpang, lan Pelabuhan Malundung iku pelabuhan gedhé dhéwé ing Kalimantan Lor kang dikelola déning PT. Pelindo IV. Kutha Tarakan uga duwé pelabuhan-pelabuhan cilik, kaya Pelabuhan Tengkayu I lan II sarta Pelabuhan Ferry Juata Laut.

Kabupatèn Bulungan[besut | besut sumber]

Kabupatèn Bulungan iku dadi induk kanggo kabèh wewengkon ing Kalimantan Lor sadurungé taun 1997 kang mekar saka Kutha Tarakan lan taun 1999 mekarake Kabupatèn Malinau lan Kabupatèn Nunukan sarta 2007 pamekaran pungkasan ya iku Kabupatèn Tana Tidung. Kabupatèn cilik kang ambané 18.010,50 km² lan duwé penduduk kang cacahé 135.915 jiwa ing taun 2011 sarta pusate ing Kacamatan Tanjung Selor. Bulungan uga dadi laladan kang ingaran kutha krajan calon provinsi Kalimantan Lor, nanging fasilitas kang diduwèni isih akèh kang kurang, saéngga ndadèkaké Kacamatan Pulo Bunyu kang ngrasa kurang digatèkaké lan pengen misah sarta nggabung karo Kutha Tarakan kang dianggep luwih cedhak karo Pulo Bunyu.

Kabupatèn Malinau[besut | besut sumber]

Kabupatèn Malinau iku kabupatèn kang paling amba sak Kalimantan Lor kang ambané 39.799,90 km² sarta penduduke palik sithik nomer loro sawisé Kabupatèn Tana Tidung ya iku 62.423 jiwa. Pusate Malinau ya iku ing Kacamatan Manau Kutha kang penduduke sakiwa-tengené 50% saka cacah penduduk total. Kabupatèn Malinau panggonane ana ing Pedalaman kang lumrahé panggonane suku Tidung lan tangga nagara ya iku Malaysia. Kabupatèn mau uga duwé Papan Anggegana domestik ya iku papan anggegana Kolonel Robert Atty Bessing lan akèh papan anggegana perintis perwatesan salah sijiné ya iku Papan Anggegana Long Apung.

Kabupatèn Nunukan[besut | besut sumber]

Kabupatèn Nunukan iku kabupatèn gedhé dhéwé nomer loro sawisé Kutha Tarakan. Penduduke 140.842 jiwa ing taun 2010, amba wilayhe 14.493 km² kang pusate ana ing Pulo Nunukan Wétan mliginé ing Kacamatan Nunukan. Kabupatèn Nunukan iku kabupatèn kang watesan karo praja Malaysia ya iku Sabah lan Sarawak, saben dinane ing Pelabuhan Tunon Taka kang dadi pelabuhan kang dikelola BUMN utawa PT. Pelindo IV mesthi dikebaki penumpang kang lumrahé bakul lan TKI kang lelungan menyang Tawau, Sabah, Malaysia Wétan. Nunukan uga duwé papan anggegana domestik kang dicalonke dadi papan anggegana internasional ya iku Papan Anggegana Nunukan.

Kabupatèn Tana Tidung[besut | besut sumber]

Kabupatèn Tana Tidung iku kabupatèn paling enom, paling cilikk lan penduduke palik sitik ing Kalimantan Lor kang ana ing pinggiran Kali Sesayap lan cacahé penduduk ana 22.503 jiwa ing taun 2011 lan amba wewengkone 4.828,58 km². Tana Tidung padha karo Kabupatèn Malinau kang lumrahé penduduke Suku Tidung nanging arang banget Suku Dayak malah anané mung Suku Berushu.

Cathetan suku[besut | besut sumber]