Sangiran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Sangiran Early Man Site
Museum Purbakala Sangiran 1.JPG
Situs Warisan Donya UNESCO
Pernah Indonésia Edit this on Wikidata
Paugeran iii, vi[1]
Rujukan 593
Koordhinat 7°27′S 110°51′E / 7.45°S 110.85°E / -7.45; 110.85
Prasasti 1996 (Sèsi 20th)
Pithecanthropus

Sangiran iku situs penggalian arkéologi kang dumunung ing Pulo Jawa ing Indonésia. Tlatah iki jembaré watara 48 km² lan dumunung ing Jawa Tengah, udakara 15 kilomèter saloré Surakarta ing lembah Bengawan Sala. Ing taun 1996 diakoni minangka salah siji situs warisan donya déning UNESCO.

Ing taun 1934 antropologis Gustav Heinrich Ralph von Koenigswald miwiti neliti tlatah iki. Sajeroning penggalian ing taun-taun sabanjuré fossil saka nènèk moyang manungsa, Pithecanthropus erectus ("Java Man", saiki diklasifikasi ulang minangka péranganing spésies Homo erectus), tinemu ing situs iki. Watara 60 fossil manèh, ing antarané fosil Meganthropus, uga tinemu ing tlatah iki.

Dumunung ing désa Krikilan,Kacamatan Kalijambé (+ 40 km saka Sragèn utawa + 17 km saka Sala) Sangiran Dome nyimpen puluhan èwu fosil saka jaman pleistocen (+ 2 yuta taun kapungkur). Fosil-fosil purba iki minangka 65 % fosil hominid purba ing Indonésia lan 50 % ing saindenging donya. Nganti dina iki wis tinemu punjul 13.685 fosil 2.931 fosil ana ing Museum, sisané disimpen ing gudhang panyimpenan. Minangka ’World Heritage List (Warisan Budaya Donya). Museum iki duwé fasilitas-fasilitas antarané:ruwang pamèran (fosil manungsa, kéwan purba), laboratorium, gudhang fosil, ruwang slide lan kios-kios souvenir kas Sangiran.

Kaistiméwaan Sangiran, miturut panelitèn para ahli Géologi jaman biyèn ing jaman purba minangka hamparan segara. Akibat prosès géologi lan akibat jeblugan Gunung Lawu, Gunung Merapi, lan Gunung Merbabu, Sangiran owah dadi dharatan. Bab iku dibuktèkaké kanthi anané lapisan-lapisan lemah pambentuk wewengkon Sangiran sing béda banget karo lapisan lemah ing panggonan liya. Saben lapisan lemah mau tinemu fosil-fosil miturut jinis lan jamané. Umpamané, Fosil kéwan segara akèh tinemu ing Lapisan lemah paling ngisor,sing biyèn arupa segara.

Tumuju Sangiran[besut | besut sumber]

  • Nganggo montor mabur: saka Papan Anggegana Adi Soemarmo Sala diterusaké dalan dharat.
  • Dalan dharat:
    • Saka Sala > Kalijambe > Sangiran (± 20 km arah ngalor)
    • Saka Semarang > Purwodadi > Kalijambe > Sangiran
    • Saka Surabaya > Sragen > Kalijambe > Sangiran
    • Saka Yogyakarta > Sala > Kalijambe > Sangiran

Pranala njaba[besut | besut sumber]