Dhialèk Banyumasan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Basa Banyumasan)
Jump to navigation Jump to search

Dhialek Banyumasan dicaturaké ing tlatah Banyumasan, kasebar wiwit Kebumèn, Cilacap, Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara, Pemalang, Tegal, Brebes nganti tlatah Pasundan, molai Cirebon-Indramayu lan Banten lor. Dhialèk Banyumasan dianggep logat Basa Jawa sing tuwa dhéwé. Bab iki ditandhani kanthi anané sawetara tembung sajeroning Basa kawi/sanksekerta sing wujud asal’e basa jawa sing isih dianggo ing dhialèk Banyumasan kaya ta tembung rika (jw = kowé, ind = kamu), uga tembung inyong sing asal saka ingong sarta pangucapan vokal a sing wutuh ora kaya å (waca a tipis / miring) sing dadi pocapan dhialèk Banyumasan kaya déné basa sangskerta. Sadurungé kena prabaw saka kraton/karajan, basa jawa amèh ora ana prabédan antara krama inggil lan ngoko. Sawisé mangsa karajan-karajan jawa, basa jawa ngalami pangalusan, ya iku basa sing dianggo déning rakyat biyasa lan sing dianggo déning kulawarga karajan dibédakaké pocapané sanadyan tegesé padha. Basa Banyumasan duwé ciri khas ya iku wujud pocapan ing vokal a sing dipocapaké wutuh ora å (waca a tipis) kaya ing logat basa jawa. Logat iki duwé panekanan aksara-aksara luwih cetha utawa luwih kandel, kaya ta aksara k ing pungkasan tembung diwaca nyedhaki uni g, aksara p nyedhaki b,panambang ki dadi ti lan aksara l sing pocapané kandel, uga ana sawetara partikel tambahan sing bisa didadèkaké ciri logat banyumasan kaya déné lah, yuh, la, thok, baén, géh, gyéh, baé, tuli, teli, acan lll.

Dhialèk iki misuwur kanthi cara omongé sing khas. Dadi logat Banyumasan iki akèh medhoke ketimbang logat Jawa liyané. Dibandhing basa Jawa dhialèk Yogyakarta lan Surakarta, dhialèk Banyumasan akèh banget bedane. Béda sing utama yakuwe akhiran 'a' tetap diucapna 'a' dudu 'o'. Dadi angger ing Sala wong mangan karo 'sego', ing Banyumas wong madhang karo 'sega'. "Utek ko kon jallan jalan maning ora karo ndasse". tegesé: utek kok dikon jalan olehe jalan mesti karo sirahé.. "oli-olihe apa kang " duwé oleh2 apa kang, "munthul nagka thok " telo pohung karo nangka baé.. kepiye ana ing dhialèk Banyumas dadi kepriwe, mdean, lsp. kosakata akhiran konsonan diucapake medhok lah kandhel ana ing pangucap. wédok warek dadi waregh, njupuk dadi njupukk..lsp

Tuladha[besut | besut sumber]

  • Nyong : aku
  • gandhul : kates
  • kowek : kowe
  • Sarap, Nyarap=Mangan, Sarapan
  • Madhang =Mangan
  • Nyoré =Mangan bengi
  • Kencot=Ngelih, luwé
  • Rika, Ko =Sampeyan, Kowé
  • Nyong, Inyong, Enyong =Aku
  • baén, baé =waé, aé
  • kepriwén, keprimén =piyé, kepriwé
  • sekang =saka, teka
  • kiyé=iki
  • kuwé =iku
  • égin, mégin, igun =esih, isih
  • gigal =tiba, ceblok
  • téyéng=bisa, bisa
  • dhisit, dhingin, giri,=dhisik
  • dhimin, gimin=dhisik
  • maén=apik, sip
  • acan=babar blas
  • entong=enték
  • katisen=kadhemen
  • semriwing=isis
  • gasik=pagi, rikat
  • gethak, geplak=jithak, keplak
  • lebuh=bledug
  • munthul=téla
  • cengis=lombok rawit
  • gandhul=katés
  • nyigit (mangan cengis)=
  • ngajog=getun
  • bebeh=aras-arasen
  • jimot, jiyot =jupuk
  • nclekamin pisan !=énak banget, nikmat banget, sip banget
  • mboké, biyung=si mbok
  • mbekayu=mbakyu, mbak

Sub-sub dhialèk Banyumasan[besut | besut sumber]

Pamérangan dhialèk Banyumasan:

Dhialek Banyumasan (logat Banyumasan) saged dipunpirsani katrangane mawa langkung gamblang ing kamus Dialek banyumas-Indonésia. http://hanacaraka.fateback.com, Ugi Wonten koleksi kamus basa jawi ingkang jarang kepanggih wonten ing toko2 buku: Kamus Dialek Banyumas-Indonésia Kamus Dialek Tegal

Mugi mirsani[besut | besut sumber]