Kabupatèn Kadhiri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kabupatèn Kedhiri)
Jump to navigation Jump to search
Kadhiri
كَبُڤَتَينْ کٚضِرِ
ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀‌ꦏꦼꦝꦶꦫꦶ
Kabupatèn
Lambang Kediri.jpg
Lambang
Sesanti: Canda Bhirawa
ꦕꦤ꧀ꦢꦧ꧀ꦲꦶꦫꦮ
Locator kabupaten kediri.png
Pernahé Kadhiri ing Jawa Wétan
Nagara Indonésia
Provinsi Jawa Wétan
Dina Dadi 25 Maret 804
Kutha krajan Pare
Pamaréntahan
 • Bupati Hj. Haryanti Sutrisno
 • Wakil Bupati Drs. H. Masykuri Ikhsan, M.M.
Laladan
 • Gunggung 1.368,05 km2 (0.52.821 sq mi)
Cacah warga (Sènsus 2015)
 • Gunggung 1.546.883
 • Pepadhet 1.1/km2 (2.9/sq mi)
Bebrayan
 • Wong Jawa, Madura, Arab, Cina dll.
 • Basa Jawa, Madura lan Indonesia
 • Kepercayan Islam 93.62%
Kristen Protestan 2.68% %
Hindu 2.56%
Katulik 1.03
Buddha 0.11%
Zona wektu WIK (UTC+7)
Kodhe laladan (+62) 354
Plat montor AG
Situs wèb www.kedirikab.go.id
(ing basa Indonésia)

Kabupatèn Kadhiri, (Basa Indonésia: Kediri, (Carakan: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀‌ꦏꦼꦝꦶꦫꦶ, Pegon: كَبُڤَتَينْ کٚضِرِ), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, Indonésia. Pare iku kutha krajané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1368.05 km². Kabupatèn Kadhiri minangka lokasi punjer krajan wigati Nusantara ing wiwitan milenium kapindho, Krajan Kadhiri. Ing mangsa kejayaané, ya iku nalika ana ing sangisoré pamaréntahan Raja Jayabaya, prabawané nganti tekan Ternaté. Situs Tondowongso, sing tinemu taun 2007, nuduhaké yang ing panggonan iki dunungé punjer pamaréntahan krajan iki.

Kabupatèn Kadhiri duwé sawetara papan wisata, antarané Gunung Kelud ing Wates, Guwa Maria Pohsarang ing Semen, Candhi Tegowangi ing Paré lan uga petilasan Sri Aji Jayabaya ing Désa Menang, Kacamatan Pagu sing biyèn dadi papan muksané raga Raja Jayabaya lan sing kari mung sandhangané.

Géografi[besut | besut sumber]

Kabupatèn Kadhiri wewatesan ing sisih lor karo Kabupatèn Jombang, ing sisih kulon karo Kabupatèn Nganjuk, Kertasana, ing sisih kidul karo Kabupatèn Tulungagung lan Kabupatèn Blitar, ing sisih wétan karo Kabupatèn Malang.

Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Kabupatèn Kadhiri katata sajeroning 25 kacamatan, 344 kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki ya iku:

Panganan lan Plesiran[besut | besut sumber]

Kadhiri duwé panganan kas, ya iku: tahu kuning, gethuk pisang, lan jangan tumpang. Jangan tumpang iku digawé saka témpé bosok utawa témpé sing wis sadina terus diuleg/dijur, dibumboni, banjur disanteni.

Tahu kuning Kadhiri uga mau tahu takwa. Miturut katrangan para nimpuna sing mumpuni babagan sajarah, tembung takwa iku asalé saka tembung "tok wa" tembung sing asalé saka Negeri Cina. Ing Kadhiri, tahu ora mung didol kaya adaté, nanging uga diolah dadi kripik tahu. Kabèh panganan kas Kadhiri iku akèh didol ing dalan Pattimura, Kadhiri]]. Dalan Pattimura iku pancen punjeré tuku olèh-olèh saka Kadhiri.

Nanging béda karo jangan tumpang. Jangan tumpang iku gathukané karo sega pecel, kang akèh didol wayah ésuk lan wengi. Yèn ésuk akèh ditemoni ing warung-warung omahan, nanging yèn wengi akèh didol ing pèrènging dalan. Pusat wong dodol jangan tumpang lan sega pecel iku ana ing Dalan Daha. Awit saka jam 19.00 nganti jam 24.00, dalan Daha ora tau sepi. Saka punggawa pamaréntah nganti tukang bècak kabèh ngumpul dadi siji nèng Dalan Daha, mung kanggo bisa ngrasakaké jangan tumpang uga sega pecel kas Kadhiri.

Panggon Plesir[besut | besut sumber]

Kadhiri kutha kang akèh duwé panggon plesir. Panggon-panggon plesir iku kaya ta Simpang Lima Gumul, Grojogan Dholo, Gumul "Paradise Island", Gunung Kelud, Bendungan Waru Turi, Candhi Tégawangi, Candhi Surawana, Candhi Tua Puh Sarang, Petilasan Sri Aji Jayabaya, lan Kadhiri rafting.

Simpang Lima Gumul diyasa taun 2003, nalika Sutrisno dadi Bupati Kadhiri. Akèh wong Kadhiri nyebut yèn SLG (Simpang Lima Gumul) iku kaya ka'bahe Kadhiri, nanging asliné SGL iku niru yasan ing Paris sing jenengé L'Ach de Triomphe. Simpang Lima Gumul diyasa ing tlatah Kadhiri panjeré ing Désa Tugu Rejo Kacamatan Ngasem. Ana sing ngomong yèn Simpang Lima Gumung iku asliné kainspirasi saka Jangka Jayabaya kang duwé pangarep-arep bisa ndadèkaké siji limang wewengkon ing Kadhiri.

Grojogan Dholo ana ing Dhusun Besuki, Désa Jugo, Kacamatan Maja kira-kira ana 25 kilomèter saka Kutha Kadhiri. Grojohan Dholo ora tau sepi saka wong plesir, akèh wong kang seneng dolan menyang grojogan Dholo. Wisatawan ora mung saka Kadhiri nanging uga saka kutha liya lan provinsi liya. Hawa ing Grojogan Dholo adhem amarga ana 1.800 kaki saka rai laut. Wong kang plesir uga disuguhi panggon kanggo kémah utawa adaté ingaran Camping Ground. Ing kana uga ana kebon strobèri uga kebon janganan, dadi yèn dolan mrana para wisatawan uga bisa tuku strobèri lan janganan kang isih seger.

Gumul Paradise Island utawa adaté ingaran GPI iku wisata bèji kang gedhé ing Jawa Wétan. GPI dadi salah sawijining panggon plesir sing disenengi karo masarakat Kadhiri, amarga duwé fasilitas kang pepak. Ing GPI ana speed slide, body slide, kolam jamur, fun boomerang, kolam bak kutah, lan flying fox. Rega karcis ora larang mung Rp 20.000,00 kanggo wong tuwa, lan Rp 15.000,00 kanggo cah cilik. GPI duwé visi kang gedhé ya iku GPI dadi simbul wisata banyu kang paling apik lan gedhé ing Jawa Wétan lan Nasional.

Gunung Kelud salah sawijining gunung kang isih aktip ing Indonésia. Gunung Kelud ana ing Kacamatan Ngancar, Kabupatèn Kadhiri. Gunung kang tau mbledhos ing taun 2007 iki saiki nganakaké gunung cilik utawa ingaran anak Gunung Kelud. Kaanan iku luwih disenengi karo para wisatawan amarga Gunung Kelud sang saya ramé. Sesawangan ing puncuk kepundhèn kang ana bendhungan banyu ijo dadi biji tambahan kaélokané Gunung Kelud.

Bendhungan Waru Turi , bendungan kang ana ing pèrènging dalan gedhé Kertasana-Kadhiri. Bendhungan iki dadi papan wisata kang uga disenengi déning masarakat Kadhiri, amarga fasilitas kang dicepakaké pepak. Flying fox ora mung ana ing Gunung Kelud nanging uga ana ing Bendhungan Waru Turi, saliyané iku uga ana bendhungan teratai (bendhungan kang kebak kembang teratai). Ing kana uga ana kolam nglangi, dolanan bocah, lan sing paling wigati ya iku ana warung iwak seger. Saka dolanan banyu nganti wisata panganan kabèh ana ing wisata Bendhungan Waru Turi. Rega karcis uga murah, mung Rp 2.000,00 kémawon.

Candhi Tégawangi. Ing Jawa Wétan akèh ditemoni candhi-candhi cilik, salah sawijné ya iku candhi Tégawangi. Candhi Tégawangi ana ing Kacamatan Plemahan Kabupatèn Kadhiri, kira-kira ana 24 kilomètèr saka Kutha Kadhiri. Ora ana karcis yèn arep mlebu papan wisata iki, amarga pancèn ora patia dirawati karo pamaréntah. Akèh péranganing candhi sing ilang amarga dicolong utawa rusak.

Candhi Surawana ya iku candhi Hindhu sing ana ing Désa Canggu, Kacamatan Paré, Kabupathèn Kadhiri, ± 25 km saka arah wétan Kutha Kadhiri. Candhi Surawana duwé jeneng asli Wishnubhawanapura. Para ahli sajarah kang mumpuni ngira-ngira candhi iki diyasa abad 14 kanggo Yang Mulia Bhre Wengker, ratu Karajan Wengker ing Tlantah Majapahit. Candhi Surawana sing ana saiki ora wutuh saka asalé, sing ana saiki ya iku candhi kasil saka rekonstruksi para nimpuna arkéologi sing mumpuni.

Kampung Inggris, Kacamatan Paré, Kabupatèn Kadhiri[besut | besut sumber]

Kampung Inggris punika kampung ingkang kathah kursusan basa Inggris. Kampung Inggris panggoné ana ing Kacamatan Paré. Ancer-anceré ana ing dalan Anyelir, dalan Brawijaya, dalan Kemuning Désa Tulungrejo, lan Désa Singgahan, kacamatan Paré, kabupatèn Kadhiri, Jawa Wétan.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]