Menyang kontèn

Dolanan bocah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aksara Latin
     
dolanan anak-anak
Bocah dolanan béténgan.

Dolanan bocah utawa dolanan tradhisional bocah utawa dolanan rakyat yaiku "dolanan sing dilakokaké kanthi ora resmi nganggo piranti apa anane, sing dimangerteni dening bocah-bocah srana nuladhani bocah-bocah liyané, lan uga bisa dilakokaké tanpa aturan sing katulis. Dolanan kasebut biasané dilakokaké déning bocah-bocah udakara umur 7 tekan 12." [1] Dolanan tradisional bocah diturunaké saka bocah siji menyang bocah liyané, saka zaman biyen tekan saiki sacara informal kanthi lisan.

Dolanan bocah ora kalebu produk komersial kaya ta dolanan papan (board game) utawa dolanan éléktronik kaya ta dolanan HP, nanging kalebu dolanan sing mbutuhaké alat peraga kaya ta tali utawa ora mbutuhaké alat, kaya ta dhelikan. Senadyan ditularaké utamané mung saka wong (bocah) siji ményang wong (bocah) liyané sacara lisan, dolanan tradisional "ora ilang, malah ngrembaka dadi modhel anyar." [2]

Dolanan bocah umumé nduwèni paling ora loro saka enem perangan iki kanthi bagean sing béda-béda: ketrampilan fisik, stratègi, bejan-bejanan, mbalèni pola, kreativitas, lan kaprigelan sesrawungan.

Dolanan bocah ing Jawa lan Indonésia

[besut | besut sumber]

Dolanan bocah-bocah cilik ana Jawa utawa bocah-bocah ing tlatah liyané. Sênajan ing jaman saiki, dolanan mau suwé mboko suwé wis ora dikenal karo bocah saiki, amarga wis ana jinis dolanan sing luwih modérn.

Dolanan 17 Agustusan

[besut | besut sumber]

Dolanan sing uga dilakokaké wong diwasa

[besut | besut sumber]

Dolanan liyané

[besut | besut sumber]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Cathetan

[besut | besut sumber]

    Referensi

    [besut | besut sumber]
    1. Sierra, Judy and Kaminski, Robert (1995). Children's Traditional Games, p.xii. Oryx. ISBN 0897749677.
    2. Lindon, Jennie (2001). Understanding Children's Play, p.83. Nelson Thornes. ISBN 9780748739707.