Kutha Surabaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Surabaya
کَوتَ سُرَبَيَ
ꦑꦸꦛꦯꦸꦫꦧꦪ
Kutha gedhé
Saka kiwa ndhuwur, manut dom jam: reca Sura lan Baya ing Kebon Raja Surabaya, Kreteg Suramadu, Tugu Pahlawan, Tunjungan Plaza
Saka kiwa ndhuwur, manut dom jam: reca Sura lan Baya ing Kebon Raja Surabaya, Kreteg Suramadu, Tugu Pahlawan, Tunjungan Plaza
Official seal of Surabaya کَوتَ سُرَبَيَ ꦑꦸꦛꦯꦸꦫꦧꦪ
Lambang
Peparab: Kota Pahlawan
(Kuthaning Para Wira)
Sesanti: Sparkling Surabaya
Pernahé Surabaya ing Jawa Wétan
Pernahé Surabaya ing Jawa Wétan
Koordhinat: 7°15′55″S 112°44′33″E / 7.26528°S 112.74250°E / -7.26528; 112.74250Koordhinat: 7°15′55″S 112°44′33″E / 7.26528°S 112.74250°E / -7.26528; 112.74250
Nagara Indonésia
ProvinsiCoat of arms of East Java.svg Jawa Wétan
Didunungi kawit31 Mèi 1293
Pamaréntahan
 • WalikuthaTri Rismaharini (PDI-P)
 • Wakil walikuthaWisnu Sakti Buana
Laladan
 • Kutha gedhé350,5 km2 (1,353 sq mi)
 • Métro2.787 km2 (1,076 sq mi)
Élepasi5 m (16 ft)
Cacah warga (Sènsus 2010 [1])
 • Kutha gedhé2,765,487
 • Métro6,484,206
Demonym(s)Surabaya
Dhémografi
 • Golongan ètnisJawa
Cina
Indhi
Madura
Sundha
Minangkabo
Batak
Banjar
Bali
Bugis
 • Agama[2]Islam 86,53%
Kristen 8,09%
Katulik 3,20%
Buda 1,13%
Hindhu 0,26%
Konghucu 0,10%
Liyané 0,02%
Kodhe laladan+62 31
Plat montorL
Situs wèbsurabaya.go.id
Kutha Surabaya
Cina 泗水

Kutha Surabaya iku kutha krajané Provinsi Jawa Wétan, Indonésia. Jembar wewengkoné watara 274,06 km². Kutha iki kutha gedhé urut loro sawisé Jakarta. Nanging, yèn Jakarta dipérang miturut wewengkon administratif yaiku Jakarta Pusat, Jakarta Lor, Jakarta Kidul, Jakarta Wétan, Jakarta Kulon, lan Kapuloan Seribu, Surabaya ora. Mula, ngélingi tunggalé wewengkon administratif, Surabaya bisa ingaran kutha sing gedhé dhéwé sa-Indonésia. Surabaya uga minangka papané kumpul para sudagar saka bang tengah lan wétan Indonésia. Présidhèn Indonésia kapisan, yaiku Soekarno, miyos ing kutha iki.

Administrasi[besut | besut sumber]

Profil Wilayah[besut | besut sumber]

Posisi geografis minangka pemukiman pesisir nggawe Surabya duweni potensi minangka persinggahan lan pemukiman kanggi para imigran. Proses imigran iki sing nggawe Surabaya dadi khuta sing akeh kutha budaya sugih etnis. Macem-macem migrasi, ora mung saka macem-macem klompok etnis ing Nusantara, kayata; Madura,Sunda, Batak, Borneo, Bali, Sulawesi, lan Papua. Nanging uga saka kelompok etnis liyane Indonesia, kayata; etnik Melayu, Cina, Arab, India, lan Eropa. Podo mandheg lan netep, urip bebarengan lan nyawiji karo pribumi, mbentuk pluralisme budaya sing banjur dadi ciri khas kutha Surabaya.

Panggunaan Tanah Kutha Surabaya[besut | besut sumber]

Wilayah Padhet, lahan dibutuhke kanggo omah, kebutuhan komersial lan kanggo rekreasi, dadi ora ana daerah maneh kosong sing bisa sigunakake kanggo TPA Sanitary. Kutha Surabaya kanthi pendunung meh 3 yuta jiwa, iku kutha paling gedhe nomer loro wonten Indonesia lan peran sing gedhe banget ing nampa lan nyebaraké barang industri, peralatan rekayasa, prodhuk tetanèn, produk alas, sembako, lan liya-liyané, utamané kanggo wilayah Indonesia wétan. Penggunaan lahan wonten kutha Surabaya; Perumahan 13.711,00 Ha, Sabin 3.506,19 Ha, Tegalan 1.808,90 Ha, Tambak 4.982,71 Ha, Jasa 2.982,06 Ha, Dagang 573,32 Ha, Industri Sedheng 2.370,38 Ha, Lahan Lowong 1.784,90 Ha, liya-liyane 918,29 Ha lan totale nipun 32.637,75 Ha.[3]

Ngelingi peran penting ing Surabaya, gangguan banjir bandhang sing nggegirisi Surabaya ing saben mongso ketigo duwe pwngaruh gedhe ing kelancaran ekonomi, kewarasan, lan kenyamanan masarakat kutha Surabaya lan sakiwa tengene. Minangka kutha dangang Surabaya ora mung pusat dagang pedalaman ing Jawa Wetan, nanging uga nggampangake wilayah ing Jawa Tengah, Kalimantan, lan Indonesia Wetan

Sajarah[besut | besut sumber]

Jeneng Surabaya wiwit ana nalika jamané Majapahit.[4] Jeneng Surabaya mawujud saka rong tembung, yaiku "sura" lan "baya".[4] Tembung rékan iku sajatiné kanggo nandhani prastawa héroik sing naté kadadéan ing Ujung Galuh, yaiku prastawa perang antarané wadya Radèn Wijaya lumawan wadya saka Tar-Tar nalika tanggal 31 Mèi 1293.[4] Tanggal kadadéan iku banjur dadi tanggal lairé Kutha Surabaya.[4]

Purwakané Surabayaiku awujud padésan ing pinggir kali. Jeneng-jeneng désa sing isih dienggo tekan sapréné kaya ta Kaliasin, Kaliwaron, Kalidami, Ketabangkali, Kalikepiting, Darmakali, lan sapituruté nandhani yèn Surabayaiku papan kang akèh mumpangataké kali.[4]

Amarga dumunung ing pinggiré segara, Surabaya uga dadi papan patemoné wong ing alas Jawa karo wong njaba.[4] Nalika taun 1612, Surabaya dadi salah siji punjeré dagang ing Nusantara.[4] Akèh prau kang labuh ing Kali Mas banjur tumuju njeron Surabaya.[4]

Kutha Surabaya uga ana gegayutané karo révolusi kamardikan Indonésia.[4] Wiwit jamané jajahan Walanda uga Jepang, arèk Surabaya perang kanggo mersudi kamardikané Indonésia.[4] Prastawa mau kadadéan nganti tekan tanggal 10 Novèmber 1945 nalika arèk-arèk Surabaya kasil nguwasani Hotèl Oranye (saiki Hotèl Majapahit) kang nalika iku dadi simbulé kolonialisme.[4] Awit saka iku, tekan sapréné tanggal 10 Novèmber dianakaké upacara kanggo mèngeti Dina Pahlawan.[4] Ora mung iku, tetabetané masa panjajahan uga isih katon ing Kutha Surabaya awujud yasan-yasan kolonial.[4]

Géografi[besut | besut sumber]

Alang-ujur[besut | besut sumber]

Kutha Surabaya mapan ing 07° 21' Ujur Kidul lan 112° 36'-112° 54' Alang Wétan

Dhuwur[besut | besut sumber]

Dhuwuré lumrahé Kutha Surabaya yaiku 3-6 mèter saka lumahing segara, kajaba laladan ing sisih kidul sing awujud gumuk, yaiku tlatah Lidah & Gayungan sing dhuwuré 25-50 mèter saka lumahing segara.

Wates[besut | besut sumber]

Kutha Surabaya wewatesan karo Selat Madura ing sisih lor lan wétan, Kabupatèn Sidaharja ing sisih kidul, lan Kabupatèn Gresik ing sisih kulon.

Jembar[besut | besut sumber]

Jembaré wewengkon kutha iki ana 33.306,30 Ha,[5] sing kapérang dadi 31 kacamatan lan 160 désa utawa kalurahan.[5]

Topografi Kutha Surabaya[besut | besut sumber]

Topografi kutha Surabaya kalebu

Kutha pantai

Dataran rendah antara 3-6 m ing sadhuwure segara

Wilayah berbukit, ing sisih kidul Surabaya 20-30 m saka lumahing segara

Suhu kutha Surabaya lumayan panas, sing rata-rata antara 22,60-34,10 kanthi tekanan udhara rata-rata antarane 1005,2-1013,9 milibars lan asor antara 42%-97%. Kecepatan rata-rata bayu saben jam tekan 12-23 km, rata-rata jawah antarane 120-190 mm. Jenis lemah ing kutha Surabaya kalebu jenis lemah alfovial kasusun saka 3 karakteristike yaiku; alluvial hydromorph, aluvial grey peteng, lan aluvial grey.

Ekonomi[besut | besut sumber]

Kahanan Ekonomi Daerah[besut | besut sumber]

Surabaya minangka pusat perdagangan lan pendhidhikan sing lagi ngalami pembangunan cepet. Industri utamane kalebu nggawe kapal, alat abot, ngolah panganan lan pertanian, elektronik, prabot rumah tangga lan kerajinan tangan.

Sektor perdagangan bisa menehi kontrinusi 29,50% ing taun 1991 lan terus mundhak dadi 33,86% ing taun 2001 saka PDB Surabaya. Kanthi fungsi dadi kutha dagang, Surabaya dadi jembatan timbal balik antarane produsen lan konsumen.

Pengembangan sektor industri digoleki uga kalebu pengembangan industri omah, industri cilik, lan industri medium. Saiki ing Surabaya kira-kira ana 11.122 pabrik sing nyedhot 309.223 tenaga kerja. Pamrentahan Surabaya nyoba nambah kesejahteraan tenaga kerja kanthi nyetel UMR kanthi kabutuhan fisik minimal (KFM) Adedasar Keputusan Gubernur Jawa Timur No. 188/294/kpts/013/2003 Babang Pnentuan Upah Minimal Kabupaten/Kota ing Jawa Timur ing taun 2003, UMR ig Surabaya ditambag dadi Rp 515.750,00. Tambah UMR iki paling ora bisa nyuda demontrasi lan serangan sing bisa ngalangi proses industrialisasi.

Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Kutha Surabaya dumadi saka 31 kacamatan. Kacamatan-Kacamatan ing kutha Surabaya yaiku:

Surabaya Punjer

Surabaya Wétan

Surabaya Lor

Surabaya Kidul

Surabaya Kulon

Wiyata[besut | besut sumber]

Pawiyatan luhur nagari[besut | besut sumber]

Pawiyatan luhur swasta[besut | besut sumber]

  • Universitas Hang Tuah
  • Universitas Wijaya Kusuma Surabaya. (UWKS)
  • Universitas Narotama (UNNAR Surabaya)
  • Universitas Ciputra (UC)
  • Universitas Pelita Harapan (UPH)
  • Sekolah Tinggi Ilmu Komunikasi-Almamater Wartawan Surabaya (STIKOSA-AWS)
  • Universitas Surabaya (Ubaya)
  • Universitas Kristen Petra
  • Unika Widya Mandala
  • Universitas Ciputra
  • Universitas 17 Agustus 1945 Surabaya
  • Sekolah Tinggi Manajemen Infomatika dan Teknik Komputer Surabaya (STIKOM)
  • Institut Sains Terapan dan Teknologi Surabaya (iSTTS)
  • Universitas Pembangunan Nasional "Veteran" Jawa Timur
  • Universitas PGRI Adi Buana Surabaya
  • Universitas Dr. Soetomo (Unitomo)
  • Universitas Muhammadiyah Surabaya (UMS)
  • Universitas Bhayangkara Surabaya (Ubhara Surya)
  • Universitas Merdeka Surabaya (Unmer Surabaya)
  • Universitas Putra Bangsa Surabaya (UPB)
  • Universitas Sunan Giri (UNSURI) Surabaya
  • Institut Teknologi Pembangunan Surabaya (ITPS)
  • Institut Teknologi Adhi Tama Surabaya (ITATS)
  • Institut Informatika Indonésia (IKADO)
  • Sekolah Tinggi Pariwisata " Satya Widya " Surabaya
  • Sekolah Tinggi Ilmu Ékonomi Indonésia Surabaya
  • Sekolah Tinggi Ilmu Ékonomi Perbanas Surabaya (STIE Perbanas)
  • Sekolah Tinggi Ilmu Ékonomi IBMT Surabaya
  • Universitas Wijaya Putra (UWP) Surabaya
  • Universitas Widya Kartika Surabaya (UWIKA)
  • Universitas W.R.Supratman (Unipra) Surabaya

Panganan kas[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. http://www.citypopulation.de/php/indonesia-jawa-admin.php
  2. Data Sensus Penduduk 2010-Badan Pusat Statistik Republik Indonesia <http://sp2010.bps.go.id/index.php/site/tabel?tid=321&wid=3500000000&lang=id>
  3. Kutha Surabaya, Admin. "Panggunaan Tanah Kutha Surabaya" (PDF). Dibukak ing 2021-10-14.
  4. a b c d e f g h i j k l m cendy.student.umm.ac.id(diunduh tanggal 7 juni 2011)
  5. a b www.surabaya.go.id/profilkota (diunduh tanggal 6 Juni 2011)
  6. [1]"website UNESA"
  7. [2]"website IAIN Sunan Ampel"
  8. [3]"website Universitas Trunojoyo"

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Kutha-kutha gedhé ing Indonésia
  Kutha Provinsi Populasi     Kutha Provinsi Populasi
1 Jakarta DKI Jakarta 9.607.787 Kutha Surabaya
Kutha Surabaya
7 Dhépok Jawa Kulon 1.738.570
2 Surabaya Jawa Wétan 2.765.487 8 Semarang Jawa Tengah 1.555.984
3 Bandung Jawa Kulon 2.394.873 9 Palembang Sumatra Kidul 1.455.284
4 Bekasi Jawa Kulon 2.334.871 10 Makassar Sulawesi Kidul 1.338.663
5 Medan Sumatra Lor 2.097.610 11 Tangerang Kidul Banten 1.290.322
6 Tangerang Banten 1.798.601 12 Bogor Jawa Kulon 950.334