Wong Banjar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Banjar
Gunggung cacah jiwa
(4.8 yuta)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Indonésia (sènsus 2000) 3,500,000[1]
        Kalimantan Kidul 2,271,586
        Kalimantan Tengah 435,758
        Kalimantan Wétan 340,381
        Riau 179,380
        Sumatra Lor 111,886
Basa
Banjar, Indonésia lan Malayu.
Agama
Islam
Golongan ètnik magepokan
Malayu, Kutai, Jawa, Dayak (Dayak Bukit, Bakumpai, Ngaju, Ma'anyan, Lawangan)

Wong Banjar utawa Sukubangsa Banjar [2] iku bebrayan sing manggon sapérangan gedhé wewengkon Provinsi Kalimantan Kidul, lan wiwit abad kaping-17 wiwit manggon ing sapérangan Kalimantan Tengah lan sapérangan Kalimantan Wétan mligi kawasan dhataran lan pérangan hilir saka Laladan ilèn Kali (DAS) ing wewengkon kasebut.

Sistem paseduluran[besut | besut sumber]

Waring
Sanggah
Datu
Kai (simbah kakung) + Nini (simbah putri)
Abah (bapak) + Uma (ibu)
Kakak < ULUN > Ading
Anak
Cucu
Buyut
Intah/Muning

Kaya sistem paseduluran lumrahé, masarakat Banjar ngenali istilah-istilah tartemtu minangka panyelukan sajeroning kulawarga. Skema mau punjere saka ULUN minangka panyebute.

ULUN uga ana celukan kanggo sadulur saka bapak lan ibu. sadulur paling tuwa sinebut Julak, sadulur kaping pindho sinebut Gulu, sadulur candhaké sinebut Tuha, sadulur tengah saka bapak lan ibu sinebut Angah, lan liyané sinebut Pakacil (paman mudha/kecil) lan Makacil (bibi mudha/kecil), déné paling enom sinebut Busu. Yèn nyeluk sadulur saka kai lan nini padha waé, semana uga kanggo sadulur datu.

Saliyané istilah ing dhuwun, uga ana sebutan liyané, ya iku :
 · minantu (bojo saka anake ULUN)
 · pawarangan (bapak / ibu saka minantu)
 · mintuha (bapak / ibu saka bojone ULUN)
 · mintuha lambung (sadulur mintuha saka ULUN)
 · sabungkut (wong kang siji Datu karo ULUN)
 · mamarina (sebutan umum kanggo seduluré bapak/ibu saka ULUN)
 · kamanakan (anake kakang/adhi saka ULUN)
 · sapupu sakali (anake mamarina saka ULUN)
 · maruai (bojo wadon karo bojo wadone seduluran)
 · ipar (sadulur saka bojo saka ULUN)
 · panjulaknya (sadulur paling tuwa saka ULUN)
 · pambusunya (sadulur paling cilik saka ULUN)
 · badangsanak (sadulur kandhung)

Yèn ngeluk wong kang seumuran, bisa gunakake ikam, lan uga bisa gunakake tembung aku kanggé nuduhaken awake dhéwé. Dhewe kanggé ngurmati utawa nyeluk kang luwih tuwa, gunakaken tembung pian, lan tembung ulun kanggé nuduhaké awake dhéwé.

Gegaman Tradisional[besut | besut sumber]

Adhedhasar asil wawancara langsung karo wong kang tau gunakake, gaman tradisional suku banjar kang padhatan digunakaké saben dina ing antarané:

  • 1. Serapang

Serapang ya iku tombak mawa mata lima. Patang mata mekar kaya ta cakar garudha kanthi bait pengait ing saben pucuke. Siji mata manèh ana ing tengahing bait, kang sinebut “besi lapar” kang dipercaya bisa ngrubuhake wong kang duwé elmu kebal.

  • 2. Tiruk

Tiruk ya iku tombak dawa lurus tanpa bait kanggo golèk iwak gabus lan toman ing kali.

  • 3. Pangambangan

Pangambangan ya iku tombak lurus mawa mata siki kanthi bait ing sakloron sisine.

  • 4. Duha

Duha ya iku lading mata loro ingkang biyasa digunakaké kanggé bedhag babi.

Populasi suku Banjar[besut | besut sumber]

Suku Banjar minangka suku ka-8 paling akèh ing Indonésia Miturut sensus BPS taun 2000 populasi suku Banjar kira-kira semene:

Miturut situs "Joshua Project" cacahing suku Banjar ana

Populasi Suku Banjar ing Kalimantan Kidul[besut | besut sumber]

Miturut sènsus sing ndunungi taun 2000 déning Badan Pusat Statistik (BPS), populasi suku Banjar ing Kalimantan Kidul ana 2.271.586 jiwa, sing kadistribusi ing sawetara kabupatèn lan kutha, ya iku :

Wong Banjar Hulu Sungai sing micara Basa Banjar Hulu ana ing 6 kabupatèn (Banua Enam) ya iku :

Tokoh-tokoh Banjar[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Literatur[besut | besut sumber]

  • Alfani Daud, Islam dan Masarakat Banjar; Deskripsi dan Analisa Kebudayaan Banjar, (Jakarta: Rajawali Press, 1997).
  • J.J. Rass, Hikajat Bandjar:A Study in Malay Histiography, (The Hague : Martinus Nijhoff), 1968
  • Tjilik Riwut, Kalimantan Memanggil, Djakarta:Penerbit Endang, 1957.
  • Idwar Saleh, Sajarah bandjarmasin:Selajang Pandang Mengenai Bnagkitnja Keradjaan Bandjarmasin, Posisi, Funksi dan Artinja Dalam Sedjarah Indonésia Dalam Abad Ketudjuh Belas. Bandung: Balai Wiyata Guru. 1958
  • Rumah Tradisional Banjar: Rumah Bubungan Tinggi, Departemen Pendididkan dan Kebudayaan, Musiyum Negeri Lambung Mangkurat, 1984
  • M. Gazali Usman, Karajan Banjar:Sajarah Perkembangan Pulitik, Ékonomi, Perdagangan dan Agama Islam, Banjarmasin: Lambung Mangkurat Press, 1994.
  • Jurnal Kebudayaan:KANDIL, Melintas Tradisi, Edisi 6, Tahun II, Agustus-Oktober, 2004 ISSN: 1693-3206
  • Arthum Artha, Naskah Kitab Undang Undang Sultan Adam 1825, Banjarmasin: Penerbit Murya Artha, 1988
  • Tim Haeda, Islam Banjar; Tentang Akar Kultural dan Revitalisasi Citra Masarakat Religius, (Banjarmasin: Lekstur, 2009)

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Leo Suryadinata; Evi Nurvidya Arifin; Aris Ananta. (2003). Indonésia's Population: Ethnicity and Religion in a Changing Political Landscape. Institute of Southeast Asian Studies. ISBN 9812302123. 
  2. ^ Banjar of Indonésia

Pranala njaba[besut | besut sumber]