Kabupatèn Balangan
| Barkas:Lambang Kabupatèn Balangan.png Lambang {{{nama}}} Moto: Sanggam
| |
| Barkas:Lokasi Kalimantan Selatan Kabupatèn Balangan.svg Peta lokasi {{{nama}}} di Kalimantan Kidul Koordinat: 114°50'31-115°50'24 BT dan 2°1'31-2°35'58 LS | |
| Propinsi | Kalimantan Kidul |
| Pamaréntahan | |
| - DAU | Rp.- |
| Luas | {{{luas}}} |
| Gunggung cacah jiwa | |
| - Total | {{{penduduk}}} |
| - Kepadatan | {{{kepadatan}}} |
| Démografi | |
| Pembagian administratif | |
| Simbol khas daerah | |
| Situs web | www.balangankab.go.id |

Kabupatèn Balangan iku kabupatèn ing Provinsi Kalimantan Kidul, Indonésia. Kutha krajané ana ing Paringin, adohé kurang luwih 199 km saka Banjarmasin kutha krajan Provinsi Kalimantan Kidul.
Gambaran umum
[besut | besut sumber]Kabupatèn Balangan minangka kabupatèn pamekaran saka Kabupatèn Hulu Sungai Utara sing dikukuhaké miturut Undhang-Undhang Nomer 2 Tahun 1972 tanggal 20 Maret 1972 ngenani Pambentukan Kabupatèn Tanah Bumbu lan Kabupatèn Balangan ing Provinsi Kalimantan Kidul. Miturut undhang-undhang mau, Kabupatèn Balangan mèngeti dina dadiné ing tanggal 20 Maret saben taun. Sesanti Kabupatèn Balangan yaiku "Sanggam" (basa Banjar).
Dunung
[besut | besut sumber]Kabupatèn Balangan dumunung ing sisih lor Provinsi Kalimantan Kidul ing garis 114°50'31-115°50'24 Bujur Wétan lan 2°1'31-2°35'58 Lintang Kidul.
Wates wewengkon
[besut | besut sumber]Miturut administrasi Kabupatèn Balangan wewatesan karo:
- Sisih lor karo Kabupatèn Tabalong
- Sisih wétan karo Kabupatèn Kota Baru lan Kabupatèn Pasir (Kalimantan Wétan)
- Sisih kidul karo Kabupatèn Hulu Sungai Tengah
- Sisih kulon karo Kabupatèn Hulu Sungai Utara
