Kutha Banjarbaru
Lambang {{{nama}}} Moto: Gawi Sabarataan (Mergawe Kabeh)
| |
Peta lokasi {{{nama}}} di Kalimantan Selatan Koordinat: 114°45'-114°45' BT dan 3°27'-3°29' LS | |
| Propinsi | Kalimantan Selatan |
| Tanggal peresmian | 20 April 1999 |
| Pamaréntahan | |
| - DAU | - |
| Luas | {{{luas}}} |
| Gunggung cacah jiwa | |
| - Total | {{{penduduk}}} |
| - Kepadatan | {{{kepadatan}}} |
| Démografi | |
| - Kode area telepon | 0511 |
| Pembagian administratif | |
| Simbol khas daerah | |
| Situs web | www.banjarbarukota.go.id |
Kutha Banjarbaru iku kutha ing provinsi Kalimantan Kidul, Indonésia. Kutha Banjarbaru minangka sawijining kutha sing anyar ing wewengkon Provinsi Kalimantan Kidul, madeg ing tanggal 20 April 1999 miturut Undhang-Undhang Nomer 9 Taun 1999. Kutha Banjarbaru duwé jembar wewengkon 371,30 km² (37.130 ha) sing kapérang dadi 5 kacamatan lan 12 kalurahan.
Kutha Banjarbaru dumunung ing koordinat 03°27' nganti 03°29' LS lan 114°45' nganti 114°45' BT. Posisi géografis Kutha Banjarbaru saka Kutha Banjarmasin yaiku 35 km ing arah 296°30' sisih kidul-wétan Kutha Banjarmasin, déné posisi saka kutha Martapura, Kabupatèn Banjar yaiku 5 km ing arah 55°30' sisih kidul-kulon Kutha Martapura. Kutha Banjarbaru minangka kutha pengasil inten sing dumunung ing Kacamatan Cempaka, Banjarbaru sing dadi punjer pemukiman utawa perkampungan tuwa dhéwé ing kutha iki.
Wates wewengkon
[besut | besut sumber]Wates wewengkon Kutha Banjarbaru yaiku:
| ing sisih lor karo: | Kacamatan Martapura Kabupatèn Banjar |
| ing sisih kidul karo: | Kacamatan Bati-Bati Kabupatèn Tanah Laut |
| ing sisih kulon karo: | Kacamatan Gambut dan Aluh-Aluh Kabupatèn Banjar |
| ing sisih wétan karo: | Kacamatan Karang Intan Kabupatèn Banjar |
Suku bangsa
[besut | besut sumber]Gunggung sing ndunungi Kutha Banjarbaru yaiku 123.973 jiwa (2000) dumadi saka sawatara bebrayan antarané:
- Suku Banjar: 75.537 jiwa
- Wong Jawa: 37.975 jiwa
- Suku Bugis: 947 jiwa
- Suku Madura: 1.180 jiwa
- Suku Buket: 1.728 jiwa
- Suku Mandar: 6 jiwa
- Bakumpai: 85 jiwa
- Suku Sunda: 2.319 jiwa
- Lainnya: 4.340 jiwa
(Sumber: Badan Pusat Statistik-Sensus Penduduk taun 2000)
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Situs web resmi Pamaréntah Kutha Banjarbaru Archived 2009-05-01 at the Wayback Machine.
Situs-situs liya ngenani Banjarbaru
- Situs Banjarbaru Online Archived 2010-12-29 at the Wayback Machine.
- Situs Media Online Kota Banjarbaru Archived 2012-03-09 at the Wayback Machine.
- Informatika di Kota Banjarbaru Archived 2009-09-04 at the Wayback Machine.