Kabupatèn Lamongan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kabupatèn Lamongan
Lambang Lamongan.jpg
Lambang Lamongan
Sesanti: "Memayu Raharjaning Praja"
250px
Dina Dadi: ...
Kutha krajan: Lamongan
Bupati: Masfuk, SH
Wakil Bupati: Drs. Tsalis Fahami, MM
Jembar
 - Total:

1.812,80 km²
Kacamatan
 - Cacahe:

27 Kacamatan
Padunung
 - Total:
 - Kapadhetan:

1.365.402 (31 mei 2005)
+/- 682 jiwa/km²
Suku bangsa: wong Jawa
Agama: Kajawèn, Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buda
Basa: basa Jawa lan basa Indonésia

Kabupatèn Lamongan, mujudaken satunggaling kabupatèn ingkang dumunung wonten Provinsi Jawi Wétan, Indonésia. Ibukithanipun inggih punika Lamongan. Kabupatèn punika ugi wewatesan kaliyan Seganten Jawi wonten sisih lèr, Kabupatèn Gresik wonten sisih wétan, Kabupatèn Mojokerto kaliyan Kabupatèn Jombang wonten sisih kidul, Kabupatèn Bajanegara kaliyan Kabupatèn Tuban wonten sisih kilèn.

Géografi[besut | besut sumber]

Lamongan mujudaken satunggaling Kabupatèn ingkang dumunung wonten pasisir lèr Jawi Wétan. Sapérangan wewengkon pasisir arupi wewengkon pagunungan. Wewengkon punika amujutaken rerangkenipun pagunungan kapur lèr. Wonten pérangan tengah arupi dataran andap ingkang sitinipun boten roto, lan sapérangan malih arupi siti bono rowo. Wonten perangan sisih kidul wonten pagunungan ingkang mujudaken pungkasanipun rerangken Pegunungan Kendeng wonten iring wétan, Bengawan Sala mili wonten perangan sisih lèr.

Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Kabupatèn Lamongan kapérang dados 27 kacamatan, ugi kapérang malih dados pinten-pinten désa lan kalurahan. Punjering pamaréntahan wonten ing kacamatan Lamongan.

Perékonomian[besut | besut sumber]

Tetanèn mujudaken satunggaling sèktor perékonomian ingkang wigati sanget wonten Kabupatèn Lamongan. Wewengkon pasisir mujudaken wewengkon perkembangan GERBANGKERTOSUSILA (singkatan saking nami kitha-kitha GRESIK, BANGKALAN, MOJOKERTO, SURABAYA, SIDOARJO lan LAMONGAN).

Angkudan[besut | besut sumber]

Kabupatèn Lamongan dipunlangkungi margi ageng Pantura ingkang saged nggubungaken kitha JakartaSurabaya, ingkang nglangkungi saurutipun pasisir seganten lèr. Margi punika ugi nglangkungi Wewengkon Kec.Paciran ingkang gadhah kathah panggènan pariwisata. Kitha Lamongan ugi dipunlangkungi margi ageng Surabaya – CepuSemarang. Kitha Babat mujudaken persimpangan margi antawis Surabaya - Semarang kaliyan margi Malang - Jombang - Tuban. Lamongan ugi dipunlangkungi margi kereta api jalur lèr Pulo Jawa.

Plesir[besut | besut sumber]

Lamongan gadhah panggènan damel rekreasi ingkang saé tur edi. Ing wewengkon pasisir wonten panggènan wisata ingkang arupi Monumen Van der Wicjk, Waduk Gondang Pasisir Tanjung Kodok lan Wisata Bahari Lamongan utawa Jatim Park-2. Guwa Maharani wonten ing Kacamatan Paciran, wonten pinggirane jalur utomo pantura (margi dalan Daendels ingkang mau dalan Anyer - Panarukan), ya iku guwa kapur ingkang saé. boten tebih saking Guwa Maharani, wonten Makam Sunan Drajat lan Makam Sunan Sendang Duwur, ya iku wali ingkang nyebar agama Islam wonten Pulo Jawa. Kekalih pasaréan punika gadhah seni arsitèktur ingkang sanget acorak Majapahit, sacelakipun pasaréan wonten Museum Sunan Drajat.

Rupa–rupa[besut | besut sumber]

Lamongan kawentar gadhah dhedaharan ingkang kas ingkang cekapdipun kenal lan saged kapanggih wonten saindewnging tlatah ing Jawi Wétan, upaminipun soto Lamongan, sekul boranan, tahu campur Lamongan. Wingko Babat mujudaken Jajanan kas saking kitho Babat. Salintunipun punika ugi wonten jajanan kas saking wewengkon Kec.Paciran ingkang kasebat Jumbreg. Salintunipun jumbreg ,Paciran ugi mujudaken wewengkon ingkang ngasilaken who siwalan enem ingkang biyasa dipunsebat ental.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]