Kabupatèn Malang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Malang
كَبُڤَتَينْ مَلَڠْ
ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦩꦭꦁ
Kabupatèn
Logo-Kabupaten-Malang.jpg
Lambang
Sesanti: Satata Gama Karta Rahardja
ꦱꦠꦠꦒꦩꦏꦂꦠꦫꦲꦂꦢ꧀ꦗ
Locator kabupaten malang.png
Pernahé Malang ing Jawa Wétan
Nagara Indonésia
Provinsi Jawa Wétan
Dina Dadi 28 Nopember 760
Kutha krajan Kepanjèn
Pamaréntahan
 • Bupati Drs. H. Rendra Kresna, BcKU., S.H., M.M., MPM.
 • Wakil Bupati Drs. H. Muhammad Sanusi, M.M.
Laladan
 • Gunggung 3.530,65 km2 (1.36.319 sq mi)
Cacah warga (Sènsus 2015)
 • Gunggung 3.092.714
 • Pepadhet 0.88/km2 (2.3/sq mi)
Bebrayan
 • Wong Jawa, Madura, Arab, Cina lan liya-liya
 • Basa Jawa, Madura lan Indonesia
 • Kepercayan Islam, Kristen Protestan, Katulik, Buddha, Hindu
Zona wektu WIK (UTC+7)
Kodhe laladan (+62) 341
Plat montor N
Situs wèb www.malangkab.go.id
(ing basa Indonésia)

Kabupatèn Malang (Carakan: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦩꦭꦁ, Pegon: كَبُڤَتَينْ مَلَڠْ), iku kabupatèn ing Provinsi Jawa Wétan, Indonésia. Kutha krajané Kepanjen. Kabupatèn iki wewatesan karo Kabupatèn Jombang, Kabupatèn Majakerta, Kutha Batu, lan Kabupatèn Pasuruan ing sisih lor, Kabupatèn Lumajang ing sisih wétan, Samodra Hindia ing sisih kidul, lan Kabupatèn Blitar lan Kabupatèn Kadhiri ing sisih kulon. Sabagéyan gedhé wewengkoné mujudaké pagunungan sing hawané seger, Malang misuwur minangka laladan jujugan plesiran utama ing Jawa Wétan.

Pambagéyan administratif[besut | besut sumber]

Kabupatèn Malang kapérang dadi 33 kacamatan, sing kapérang manèh dadi désa lan kalurahan. Punjeré Panatapanguwasa ana kutha Kepanjen. Sadurungé ana ing Kutha Malang. Biyèné Kutha Batu kalebu ing Kabupatèn Malang, wiwit taun 2001 sawisé dikukuhaké dadi kutha dhéwé Kutha Batu pisah saka Kabupatèn Malang. Punjeré Panatapanguwasa Kacamatan sing gedhé dhéwé lan amba ing Malang antarané: Lawang, Singosari, Dampit, lan Kepanjèn.

Kacamatan-Kacamatan ing Kabupatèn Malang:

Géografi[besut | besut sumber]

Kabupatèn Malang iku kabupatèn paling amba nomer loro ing Jawa Wétan, sawisé Kabupatèn Banyuwangi. Sabagéyan gedhé wewengkoné wujud pagunungan. Pérangan kulon lan kulon-lor wujud pagunungan, kanthi puncaké Gunung Arjuno (3.339 m) lan Gunung Kawi (2.651 m). Pagunungan iki ana tuké Kali Brantas, kali paling dawa ing Jawa Wétan.

Pérangan wétan wujud komplèks Pagunungan Brama-Tengger-Semèru, kanthi puncaké Gunung Brama (2.392 m) lan Gunung Semèru (3.676 m). Gunung Semèru iku gunung paling dhuwur ing Pulo Jawa. Kutha Malang dhéwé ana ing cekungan antarané rong komplèks pagunungan mau.

Pérangan kidul wujud pagunungan lan dhataran glombang. Dhataran asor ing pasisir kidul cukup ciut lan sapérangan gedhé pasisiré ana wukiré.

Kabupatèn Malang nduwé potènsi tetanèn kanthi iklim sejuk. Laladan lor lan wétan akèh dipigunaaké kanggo kebonan apel. Dahérah pagunungan ing kulon akèh ditanduri janganan, lan dadi salah sawijining pangasil janganan utama ing Jawa Wétan. Laladan kidul akèh dipigunaaké kanggo nandur tebu lan hortikultura kaya déné salak lan semangka.

Transportasi[besut | besut sumber]

Bis[besut | besut sumber]

Transportasi angkudan antarkutha diladèni mawa bis kutha lan sepur. Terminal antarkutha ing kutha Malang ya iku Arjosari (jurusan Surabaya, Pasuruan, Probolinggo, Lumajang, Jember lan Banyuwangi), Gadang (jurusan Dampit, Lumajang lan Blitar/Tulungagung), lan Landungsari (jurusan Jombang, Tuban, lan Kadhiri). Angkudan ing kabupatèn migunakaké bis mini lan angkudan désa. Terminal ing wewengkon kabupatèn Malang ya iku: Kepanjen lan Tumpang.

Sepur[besut | besut sumber]

Malang ana ing jalur sepur lintas Surabaya-Malang-Blitar-Kertosono-Surabaya. Ana rong stasiun sepur ing Kutha Malang (Malang lan Malang Kotalama), lan pitung stasiun ing wewengkon Kabupatèn Malang (Lawang, Singosari, Blimbing, Pakisaji, Kepanjen, Ngebruk lan Sumberpucung). Lintasan sepur iki kalebu unik (mungel siji-sijiné) ing Indonésia amarga ngliwati rong trowongan (tunnel) ing laladan PLTA Karangkates.

Pariwisata utawa Plesiran[besut | besut sumber]

Malang misuwur minangka laladan tujon plesiran utama Jawa Wétan. Sapérangan papan plesiran mranani ing Kabupatèn Malang ya iku:

  • Gunung Kawi, ana ing wewengkon Ngajum. Misuwur minangka papan plesiran spiritual.
  • Gunung Arjuno-Welirang, asring kanggo pandhakian kanthi rute: Junggo, Cangar, Singosari, Lawang, Purwosari utawa Pandaan.
  • Pucuk Pananjakan Brama liwat Nongkojajar.
  • Wadhuk Selorejo, ana ing Kacamatan Ngantang (ing sapinggiring dalan gedhé Malang-Jombang)
  • Wadhuk Karangkates (Bendungan Sutami), ana ing Kacamatan Sumberpucung.
  • Taman Ria Sengkaling, ana ing sapinggiring dalan gedhé Malang-Batu, ing kana ana bèji lan taman kanggo dolan.
  • Air terjun Coban Rondo, ana ing Kacamatan Pujon.
  • Pasiraman Dèwi Sri, ana ing Kacamatan Pujon nyawisaké plesiran pasiraman banyu panas pagunungan. Plesiran iki ana ing saceraking pasar Pujon minangka sentra pamasaran woh lan janganan.
  • Candhi Singosari, ana ing Kacamatan Singosari.
  • Pasisir: Pasisir Ngliyep, Pasisir Bajulmati, Pasisir Sendangbiru, Pasisir Balekambang.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]