Kemoterapi
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
yaiku terapi kanggo penyakit kanker. Terapi iku nggunakaké obat-obatan, kaya ta: golongan siklofosfamid, Methotreksat, lan 5-Flurorasil. Ing kasunyatané cara kerjané obat-obatan iku padha, yaiku kanggo ngrendheti utawa ngambataken proliferasi sel supaya sel-sel kanker ora sida manak. Kemotérapi bisa diwénéhake kanthi tunggal utawa obat kang sakmacem utawa dikombinasi, supaya sel-se resitén ing obat bisa ngréspon obat liyané. Dampaké rambut rontok, ora doyan mangan, rikat kesel.
Efek samping kemoterapi yaiku saliyané matèni sel-sel kanker, kerep kemoterapi uga nyerang sel-sel séhat liyané, utamané sing tuwuh lan mbelah awake kanthi cepet. Tuladhané sel-sel ing saluran pencernaan, folikel rambut, lan getih. Nalika sel-sel séhat iki keganggu, mula muncul efek samping.
Kemoterapi kuwi diwènèhaké saben telung minggu sepisan. Sawisé kuwi, pasien diwènèhaké wektu istirahat seminggu. Obaté bisa liwat pembuluh getih utawa nganggo obat sing diombé. Jadwal kemoterapi kudu rutin amarga nek ora pas wektu, asil terapiné bisa kurang maksimal.
Tujuan Kemoterapi:
- Mateni sel kanker : Salah siji tujuan kemoterapi yaiku kanggo ngrusak utawa matèni sel kanker sing tuwuhé ora bisa dikendhalèkaké. Saliyane kuwi, kemoterapi uga dadi upaya kanggo nyegah pangembangan sel kanker ing awak.
- Ngecilake ukuran tumor : Ukuran sel kanker utawa tumor sing gedhé banget bisa nimbulaké gejala sing abot. Kanthi nindakake kemoterapi, ukuran sel kanker utawa tumor bisa dadi cilik. Kahanan iki bisa ndadèkaké gejala ing awak luwih entheng. Yèn ukuran tumor wis luwih cilik, pasien kanker uga luwih gampang nindakaké jinis perawatan liyane.
- Nyegah penyebaran sel kanker : Tujuan kemoterapi liyane yaiku kanggo nyegah panyebaran sel kanker. Yèn sel kanker nyebar, kahanan iki bisa nimbulaké tumor ing bagéyan awak liyane lan ndadèkaké gejala tambah parah.
Peringatan kemoterapi
Kemoterapi minangka salah siji jinis pengobatan sing mbutuhaké pengawasan lan pemeriksaan ketat sadurungé dilakoni.[1]
Ana sawetara perkara sing kudu digatèkaké nalika arep nindakake terapi iki, antarané:
- Wanita ngandhung ora olih nindakake kemoterapi, amarga bisa nimbulaké risiko cacat lair.
- Wenehana kabar marang dokter yen lagi ngombe obat herbal. Amarga sawetara obat herbal bisa nimbulaké reaksi sing mbebayani kanggo pasien.
Mula, tansah wenehana informasi lengkap bab riwayat kesehatan lan obat-obatan sing lagi panjenengan gunakaké sadurungé nindakake kemoterapi.
- ↑ Halodoc. "Kemoterapi - Tujuan, Manfaat, dan Prosedur". halodoc (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-11-19.