Eosinofil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Eosinofil diubengi eritrosit.

Eosinofil (Inggris: eosinophil, acidophil) ya iku leukosit saka golongan granulosit kang nduwé kagunan ing sistem kekebalan awak nalika nglawan parasit multiseluler lan sawatara infèksi ing makluk vèrtebrata. Bebarengan karo sèl biang, eosinofil uga mèlu ngendhalèkaké alèrgi.

Eosinofil kabentuk ing prosès haematopoiesis kang kadadéan ing sumsum balung sadurungé pindhah tumuju sirkulasi getih. Eosinofil ngandhut sawatara zat kimiawi, antarané histamin, eosinofil peroksidase, ribonuklease, deoksiribonuklease, lipase, plasminogen kang disèkrèsiké liwat prosès degranulasi sawisé eosinofil aktif. Zat-zat iki nduwé sipat toksin tumrap parasit lan jaringan awak. Eosinofil iku sèl substrat ing réaksi alèrgi. Aktivasi lan ngeculaké racun déning eosinofil diatur kanthi ketat kanggo nyegah ajuré jaringan kang ora diprelokaké.

Individu normal nduwé rasio eosinofil kira-kira 1 nganti 6% leukosit kanthi ukuran kira-kira 12-17 mikromèter.[1]

Eosinofil bisa tinemu ing medula oblongata lan sambungan antarané korteks utek gedhé lan timus, uga ing jero saluran pencernaan, ovarium, uterus, limpa, lan lymph nodes. Nanging ora bisa tinemu ing paru-paru, kulit, esofagus, lan organ jero liyané. Ing kahanan normal, anané eosinofik ing wewengkon iki malah minangka pratandha anané sawijining lelara. Eosinofil bisa tahan ing sirkulasi getih suwéné 8-12 jam lan tahan luwih suwé kira-kira 8-12 dina ing jero jaringan yèn ora ana stimulasi.[2]

Eosinofilia[besut | besut sumber]

Eosinofilia ya iku gunggung eosinofil kang dhuwur banget ing jero getih. Eosinofilia dudu lelara nanging respon kanggo sawijining lelara. Mundhaké gunggung eosinofil ing jero getih padatan nuduhaké respon kang trep tumrap sèl-sèl abnormal, parasit, utawa bahan-bahan kang njalari alergi.[3] Yèn ana sawijining bahan asing mlebu ing awak, bakal dingertèni déning limfosit lan neutrofil, kang bakal nguculaké bahan kanggo narik eosinofil menyang dhaérah kwui. Eosinofil banjur nguculaké bahan eacun kang bisa matèni parasit lan ngremuk sèl-sèl kang abnormal.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Young, Barbara; Lowe, joseph o'connell; Stevens, Alan; Heath, John W. (2006). Wheater's Functional Histology (ed. 5). Elsevier Limited. ISBN 0-443-06850-X. 
  2. ^ Young, Barbara; Lowe, James S.; Stevens, Alan; Heath, John W. (2006). Wheater's Functional Histology (ed. 5). Elsevier Limited. ISBN 0-443-06850-X. 
  3. ^ a b Eosinofilia(diundhuh 24 Fèbruari 2013)