Trombosit

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Trombosit
Giant platelets.JPG
Gambar saking mikroskop cahya kanthi perbesaran 40X saking apusan getih pinggir kang dikupengi sel-sel getih abang (eritrosit). Setunggal trombosit ingkang normal saged dipunpirsani ing sisih kiwa inggil gambar (ungu) lan mesthinipun langkung alit kanthi ukuran saking ukuran eritrosit. Kalih trombosit ingkang ageng (ungu wonten nodanipun) ugi saged katingal.
Latin thrombocytes
Sèl trombosit utawi keping getih

Trombosit utawi keping getih (Keping darah, lempeng darah) (en:platelet, thrombocyte) (el:θρόμβος - "klot" dan κύτος - "sel") inggih punika sèl anuclear nulliploid (boten gadhah inti sèl (nukleus) wonten ing DNA-nipun) kanthi mbentuk wangun ingkang boten rapi kanthi ukuran diameter 2-3 µm[1] ingkang minangka fragmentasi saking megakariosit.[2]. Trombosit kesirkulasi ing salebeting getih lan ndhèrèk ing mekanisme hemostasis tingkat sèl ing prosès koagulasi kanthi mbentuk trombus. Perbandhingan plasma getih trombosit normal udakawis 200.000-300.000 keping/mm³, gunggung sangandhapipun kasebat saged anjalari perdarahan, déné manawi wonten sanginggilipun rentang gunggung punika saged mindhakaken resiko trombosis.

Ciri-ciri[besut | besut sumber]

Trombosit gadhah wangun ingkang boten teratur, boten wonten werninipun, ukuranipun langkung alit tinimbang eritrosit kaliyan leukosit, ugi gampil pecah manawi kedemèk piranti atos utawi kasar.

Adatipun, ukuran trombosit inggih punika diamèteripun 2-3 mikron, ananging wangun ingkang ageng tuwuh nalika prodhuksi mindhak.[3] Prodhuksi punika dipunkendhalèkaken déning thrombopoietin. Trombosit tahan sadangunipun 8-10 dinten kaliyan gunggung paling inggil kadadosan sepalih dinten dangunipun.[3] Sawatawis obat saged mindhakaken gunggungipun trombosit kanthi ngrangsang prodhuksi thrombopoietin.[3]

Kaginan[besut | besut sumber]

Trombosit gadhang kagunan utama kanggé mbekukaken getih, saéngga boten kathah getih ingkang kabucal nalika kadadosan perdharahan.[4] Trombosit ugi gadhah kaginan sanès, inggih punika migunani sanget kanggé kekebalan badan, inggih punika nguwataken daya tahan badan.[4] Nalika kadadosan tatu, trombosit punika ngempal ing tatu lajeng mbeku saéngga saged nutup tatunipun. Lajeng trombosit kasebat nedahaken baktèri tumuju limpa.[4] Salajengipun, baktèri kasebat dikupengi déning slè-sèl dendritik kang kaginanipun minangka sèl daya tahan badan. Respon daya tahan badan punika ingkang nelasaken baktèri ingkang wonten ing tatu.[4]

Kinetika[besut | besut sumber]

  • Trombosit ingkang dipunkasilaken ing prosès mbentuk sèl getih (thrombopoiesis) ing sumsum balung.
  • Rentang fisiologis kanggé trombosit inggih punika (150 – 400) × 103 per mm3
  • Watawis 1011 trombosit dipunkasilaken saben dinten déning tiyang diwasa ingkang séhat.
  • Wekdalipun gesang trombosit ingkang nyebar inggih punika 5 ngantos 9 dinten.
  • Prodhuksi megakariosit lan trombosit diatur déning thrombopoietin, padatanipun hormon dipunkasilaken déning ati lan ginjel
  • Saben megakariosit ngasilaken antawisipun 5.000 ngantos 10.000 trombosit.
  • Trombosit dipunremuk déning fagositosis ing limpa lan déning Kupfer sel ing ati.
  • Sèrepan trombosit dipunsimpen ing limpa lan diculaken manawi diprelokaken déning kontraksi limpa.

Kelainan Trombosit[besut | besut sumber]

Aji normal trombosit ing tiyang diwasa inggih punika 150.000-400.000 sel/mm3, déné anak 150.000-450.000 sel/mm3. Aji trombosit ingkang sangandhapipun aji normal dipunwastani trombositopenia, ingkang saged pinanggih ing lelara demam berdarah dengue, anemia, tatu bakar, malaria, lan sepsis. Aji ambang ingkang mbebayani inggih punika kirang saking 30.000 sel/mm3.[5] Déné aji trombosit ingkang inggil sakingg aji normal dipunwastani 'trombsitosis, ingkang saged pinanggih ing lelara sirosis, polisitemia, ibu ingkang nembé ngandhut, sasampunipun ulah raga, lan tiyang ingkang gadhah oenyakit jantung. Padatanipun trombositosis boten mbebayani, kejawi manawi aji trombosit ngantos langkung saking 1.000.000 sel/mm3.[5]

Trombosis[besut | besut sumber]

Trombosis inggih punika lelara amargi pembentukan bekuan getih (trombus) ing salebetipun pembuluh getih ngalangi ilinipun getih lumantar sistem peredaran getih. Nalikanipun pembuluh getih tatu, badan ngginakaken trombosit lan fibrin kanggé mbentuk bekuan getih. Amargi langkah sepisan nalika ndansosi (hemostasis) inggih punika nyegah icalipun getih. Manawi mekanisme ingkang anjalari kathah pembekuan, lan bekuan ngaso bébas, kawentuk embolus. Sabab utama ingkang njalari trombosis inggih punika aji trombosit ing getih ingkang langkung kathah tinimbang aji normal.[6]

ITP (Immune Thrombocytopenic Purpura)[besut | besut sumber]

ITP (Immune Thrombocytopenic Purpura) inggih punika salah satunggaling kelainan getih ingkang jalaranipun sesambetan sanget kaliyan sistem imun utawi kekebalan badan manungsa. ITP punika kelainan ing sel pembekuan getih utawi trombosit ingkang gunggungipun mandhap, saéngga nuwuhaken perdharahan. Normalipun aji trombosit 150.000-450.000 per mm3, nanging ing tiyang ingkang kénging lelara ITO gunggungipun namung 20.000-25.000 per mm3. Ciri lelara ITP inggih punika kulit asring katingal radi biru, gusi asring getihen, sarta asring mimisen. Amargi trombosit mandhap terus, lelara ITP punika asring dipunanggep Demam Berdarah (DB).[7]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Campbell, Neil A. (2008). Biology (ed. 8th). London: Pearson Education. k. 912. ISBN 978-0-321-53616-7. Platelets are pinched-off cytoplasmic fragments of specialized bone marrow cells. They are about 2-3µm in diameter and have no nuclei. Platelets serve both structural and molecular functions in blood clotting. 
  2. ^ Tom Strachan, Andrew P Read (1999). Human Molecular Genetics. University of Newcastle, University of Manchester (ed. 2) (Wiley-Liss). k. Figure 2.4. Some cells form by fragmentation or fusion of other cells. ISBN 1-85996-202-5. Dijupuk 2010-08-12. 
  3. ^ a b c Trombosit(dipunundhuh 1 Fèbruari 2013)
  4. ^ a b c d Trombosit untuk kekebalan tubuh(Dipunundhuh 1 Fèbruari 2013)
  5. ^ a b Kadar Trombosit(dipunundhuh 26 Fèbruari 2013)
  6. ^ Apa itu trombosis?(dipunundhuh 26 Fèbruari 2013)
  7. ^ Penyakit ITP kala trombosit darah terus-menerus turun(dipunundhuh 26 Fèbruari 2013)