Demam berdarah dengue

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Demam berdarah dengue (Dengue fever)
Classification and external resources
Photograph of a person's back with the skin exhibiting the characteristic rash of dengue fever
Ciri kulit wong sing kena lelara dengue fever.
ICD-10 ICD-10 Chapter A|A90
ICD-9 061
DiseasesDB 3564
MedlinePlus 001374
eMedicine med/528
MeSH C02.782.417.214

Dengue fever ya iku infeksi kang disebabake déning virus dengue. lemut utawa werna-werna jinis lemut nularake (utawa nyebarake) virus dengue. Demam dengue uga kasebut "demam patah balung” utawa "demam balung patah", amarga demam kasebut bisa \bnjalari\b panandhang ngalami nyeri pengpengan kaya-kaya balung panandhang. Sejumlah gejala saka demam dengue ya iku demam; nyeri sirah, kulit rada abang kang katon kaya campak; lan nyeri otot lan persendian. Ing sejumlah panandhang, demam dengue bisa owah dadi salah siji kang ngancam jiwo. Kang kapisan ya iku demam berdarah, sing nyebabaké pendarahan, kobocoran pembuluh darah (pipa kang ngilini getih), lan darah cendhèk trombosit (kang \bnjalari\b getih beku) ).Kang kaping pindo ya iku sindrom renjat dengue, kang nyebabkake tekanan darah cendhèk kang mbebayani.

Ana papat jinis virus dengue. Manawa wong kang kainfeksi siji jinis virus,biyasane dek’e kalindung saka jinis kasebut sak umur uripé. Nanging, dek’e mung bakal kalindung saka telung jinis virus ing wektu singkat. Yèn bar iku dek’ne kena siji saka telung jinis virus kasebut, mungkin dek’e bakal éntuk perkara kang serius.

Durung ana vaksin kang bisa nyegah pawongan kena virus dengue kasebut. Ana pirang-pirang tumindak pencegahan demam dengue. Wong-wong bisa nglindungi wong saka lemud lan meminimalisake jumlah cokotan lemut. Para ilmuwan uga nganjurake kanggo ngurangi habitat lemut lan ngurangi cacahé lemut sing ana. Manawa pawongan kena demam dengue, biyasane dek’e bisa pulih amung kanthi ngombe cukup cuwèran, sak suwéné lelarane isih ringan utawa ora tatu mbebayani. Manawa pawongan ngalami kasus luwih mbebayani, dek’ne mungkin mbutuha\ke cuwèran infus (cuwèran kang dilebokakae saka vena, migunakaké jarum lan pipa infus), utawa transfusi darah (diwènèhi getih saka wong liya).

Wiwit 1960-an, saya akèh wong kang kena demam dengue. Lelara kasebut kawitan dadi perkara ing sakabehe dunya kawitan Perang Dunia Kedua. Lelara iki umum anané ing punjul 110 nagara. Saben taun, sekira 50-100 juta wong kena demam dengue.

Para ahli lagi ngembangaké usada kanggo nangani virus kanthi langsung. Masarakat nindakaké akèh perkara kanggo nyoba mbasmi lemut.

Deskripsi kapisan saka demam dengue ditulis ing 1779. Ing wiwit abad kaping -20, para ilmuwan mangertos lelara kasebut disebabake déning virus dengue,lan manawa virus kasebut ditularake (utawa disebarakae) déning lemut.

Tandha lan gejala[besut | besut sumber]

Outline of a human torso with arrows indicating the organs affected in the various stages of dengue fever
Schematic depiction of the symptoms of dengue fever

Kira-kira 80% saka panandhang (utawa 8 saka 10 panandhang) kang kainfeksi virus dengue ora nunjukake gejala, utawa mung ngatoke gejala entheng (kaya ta demam biyasa).[1][2]

Kira-kira 5% saka wong kang kainfeksi (utawa 5 saka100) bakal ngalami infeksi berat. Lelara kasebut uga ngancam jiwo wong. Ing sak cuil saka wong-wong kang kena dengue, lelara iku ngancam jiwo.[1][2] Gejala bakal muncul antara 3 lan 14 dina sawisé pawongan terpajan virus dengue. Seringkali gejala muncul sawisé 4 sampe 7 dina.[3] Amarga iku, manawa pawongan bar saka wewengkon kang nduwé akèh kasus dengue, sak wis e pasien nandhang demam utawa gejala – gejala liyané sawisé punjul 14 dina dek’e balik saka wewengkon kasebut, bisa waé lelara kasebut dudu dengue.

Seringe, manawa bocah-bocah kang kena dengue, gejala kang muncul kaya ta gejala pilek utawagastroenteritis utawa flu weteng; kaya, muntah-muntah lan diare).[4] Nanging, bocah-bocah manawa ngalami perkara kang parah, bocah-bocah luwih cenderung kena perkara demam dengue kang luwih abot.

Tahapan klinis[besut | besut sumber]

Gejala klasik saka demam dengue ya iku kang kedadean ndadak, lara sirah (biyasa ing mburi mata); ruam; lan nyeri sendi. Lelara iki uga kasebut, "demam sendi" nggambarake manawa lelara iki bisa dadi lara banget[1][5] Kedadean demam dengue ana ing telung tahap: febrile, kritis, lan pemulihan.[6]

Ing fase febrile, pawongam biyasane ngalami demam dhuwur. ("Febrile" tegesé manawa pawongan ngalami ndrogdog). Seringe panas awak nganti 40 drajat Celsius (104 drajat Fahrenheit). Panandhang uga biyasane nandhang lara kang umum utawa lara sirah. Fase febrile biyasane kanthi sasuwene 2 sampe 7 dina.[5][6] Ing fase iki, kira-kira 50 % kanthi 80 % panandhang gejala ngalami ruam.[5][7] Ing dina kaping siji utawa kaping pindho, ruam bisa ketok dadi kulit abang.sak langkunge (ing dina kaping-4 kanthi dina kaping-7), ruam bakal ketok kaya campak.[7][8] Bintik abang cilik (petechiae) bisa muncul ing kulit. Bintik-bintik iki ora ilang manawa kulit dipencet. Bintik-bintik iki disebabake saka pembuluh kapiler kang pecah. [6] Panandhang uga manawa bisa ngalami pendarahan entheng saka membran mukus cangkem lan irung.[5] Demam iku dewek cenderung bakal (pulih) bar iku kedadean manèh sak suwéné siji utawa rong dina. Nanging, pola iki béda- béda ing dhéwé-dhéwé panandhang.[8][9]

Ing sapérangan panandhang, lelara kumat manèh marang fase kritis sawisé demam dhuwur rada mendhing. Fase kritis kasebut biyasane saksuwene 2 kanthi 3 dina. [6] Sak suwéné fase iki, cuwèran bisa numpuk ing dhadha lan abdomen. Perkara iki kedadean amarga pembuluh getih kecil bocor. Cairan kasebut bakal sangsaya akèh, bar iku cuwèran mandhek bersirkulasi ing njero awak. Iki tegesé manawa organ-organ vital (paling wigati) ora enthuk suplai getih seakeh biyasane.[6] Amarga iku, organ-organ kasebut ora makarya kanthi normal. Panadhang kasebut uga bisa ngalami pendarahan parah (biyasane saka saluran gastrointestinal.)[6] Kurang saka 5% saka wong kang ngalami dengue syok sirkuler, sindrom syok dengue lan demam berdarah. Manawa pawongan tau ngidap jinis dengue kang liya (“infeksi sékundhèr”), manawa dek’ne ngalami perkara serius.[10]

Ing fase penyembuhan, cuwèran kang metu saka pembuluh getih balik manèh ning ilen getih..[6] Fase penyembuhan biyasane kedadean sak suwéné 2 kanthi 3 dina. Panandhang biyasane sayata mendhing ing tahap iki. Nanging, panandhang manawa nandhang gatel-gatel kang parah lan detak jantung kang lemah.[6]

Sak suwéné fase iki, panandhang bisa ngalami kahanan keluwihan cuwèran (kakehen cuwèran kang dijupuk). Manawa kena utek, cuwèran kasebut bisa nyebabaké kejang utawa owah e drajat kesadaran (ya iku pawongan kang pikirane, kesadarane ,lan perilakune ora kaya biyasane).

Perkara sing ana kaitane[besut | besut sumber]

Kerep, dengue bisa ngaruh sistim liya ing njero awak manungsa [6] Pawongan kang kena dengue bisa nanadhang mung gejalane, utawa dibarengi gejala dengue klasik uga.[4] Tingkat kesadaran mudhun kedadean ing 0,5-6 % saka perkara mbahayani. Iki bisa kahanan manawa virus dengue \bnjalari\b infeksi ing utek. Iki uga bisa kedadean manawa organ vital, kaya ta ati, ora berfungsi apik..[4][9]

Kelainan neurologis liyané (kelainan kang ngaruh ing utek lan saraf) dilapuraké kedadean ing pandandhang kang ngalami demam dengue. Kaya, dengue bisa \bnjalari\b mielitis melintang lan sindrom Guillain-Barré.[4] Mesti hal iki meh ora pernah kedadean, dengue uga ngakibatke infeksi jantung lan gagal ginjal akut.[6]

Sebab-sebabe[besut | besut sumber]

 Gambar pengiriman electron mikroskopi ngetoke virus dengue.
Poto kang jelas sanget ngetokke virus dengue (sekelompok titik-titik ireng cendhak tengah

Demam dengue disebabke virus dengue. Ing sistim ilmiah kang ngarani lan nglasifikasike virus-virus dengue kasebut ya iku bagean saka famili Flaviviridae lan gènus Flavivirus. Virus liyané uga bagean saka famili kang padha lan nyebabaké lelara ing manungsa. Contohe, virus demam kuning, virus West Nile, virus St. Louis encephalitis, virus encephalitis Jepang, virus encephalitis yang ditularkan melalui sengkenit, Kyasanur forest disease virus, lan Omsk hemorrhagic demam virus sakabehe termasuk ing njero kulawarga Flaviviridae..[9] Meh sakebehe virus-virus kasebut disebarake déning lemut utawa ticks.[9]

Penularan[besut | besut sumber]

Lemut"Aedes aegypti" nyokot kulit manungsa difoto saka cedhak

Dengue virus ditularke (utawa disebarke) meh kabèh saka lemut Aedes, kususe lemut Aedes aegyptitype.[11] Lemut iki biyasane urip antara garis lintang 35° arah lor lan 35° arah ngidul, sak ngingsore kedhuwuran 1000 m.[11]. Meh kabèh lemut nyokot ing wayah awan. [12]

Kadang-kadang, lemut-lemut uga bisa kena dengue saka manungsa. Manawa lemut wadon kang nyokot wong kang kainfeksi, lemut iku bisa waé kena virus dengue. Kaping siji, virus urip ing saluran pencernaan lemut. Kira-kira 8 kanthi 10 dina sawisé, virus nyebar marang kelenjar liur, kang nggawésaliva (utawa “spit”). Iku tegesé idu kang dihasilake lemut kainfeksi déning dengue virus. Lan manawa lemut nyokot manungsa, idu kang kainfesi mlebu marang manungsa kan nginfeksi wong iku. Virus ora nyebabaké masalah /perkara kanggo lemut kang kainfeksi, kang bakal tahan terus sampe akir uripé lemut-lemut iku. LemutAedes aegypti ya iku lemut kang paling seneng nyebarake dengue. Iki amarga lemut iku seneng urip cedhak wong-wong lan mangan getihe manungsa ketimbang kéwan-kéwan.[13].Lemut iku uga seneng nyelehke endhog ing bak-bak banyu gawénan manungsa.

Dengue uga bisa disebarake déning werna-werna getih kang wis kainfeksi lan kanthi donasi organ[14][15] Manawi wong kang nandhang dengue danar darah utawa organ, lan bakal diwènèhi kanggo wong liya, wong iku bisa kena dengue saka getih utawa organ kang didonasike. Ing pirang-pirang nagara, kaya ta singapura, dengue iku wis umum. Ing nagara-nagara iku, antara 1,6 sampe 6 kedadean transfusi getih, saben 10,000 nyeabarake dengue.[16] Virus dengue uga bisa disebarake saka ibu marang anak sak suwéné [[kehamilan ) utawa manawa bayi lair.[17] Dengue iku biyasane ora disebarake nganggo cara-cara liyané.[5]

Resiko[besut | besut sumber]

Dibanding karo wong diwasa, bayi lan bocah cilik kang nandhang dengue luwih akèh resikone ngalami infeksi kang serius. Bocah-bocah cenderung akèh resiko ngalami lara kang mbahayani manawa bocah-bocah iku kagolong kang gizine cukup.( manawa bocah-bocah séhat lan mangan panganan kang due gizi akèh).[18] (iki béda saka infeksi liyané, kang biyasane luwih mbahayani manawa kadadéan ing bocah-bocah kang temasuk golongan malagizi, ora séhat, utawa ora mangan panganan kang bergizi.) Wong wadon luwih cenderung keserang lelara kang luwih parah ketimbang wong lanang.[19] Dengue bisa ngancam nyawa ing pasien kang nduwé lelara kronis (jangka dawa) kaya ta diabetes lan asma.[19]

Mekanisme[besut | besut sumber]

Manawa lemut nyokot wong, banyu iler lemut kasebut mlebu marang kulit wong kasebut. Manawa lemut kasebut ngandung dengue, virus kegawa ing njero banyu ilere. Nganti mbok manawa lemut kasebut nyokot wong viruse mlebu ing njero kulit wong kasebut bareng karo banyu ilere. Virus kasebut mlebu (sèl darah putih) wong kasebut. (Sel getih putihe seharusnya mbantu pertahanan awak kanggo merangi ancaman, kaya infeksi).Manawa sèl getih outih kasebut move around ing njero awak, virus mroduksi manèh (utawa memperbanyak diri). Sel getih putih bereaksi nganggo cara nggawé akèh signalling (protein) (apa kang kasebut kaliyan Cytokines), kaya ta interleukins,interferons lan tumor necrosis factors. Protein-protein iku nyebabaké ndrogdog,kaya gejala flu, lan werna-werna lara kang kedadeean manawa kena dengue.

Manawa pawongan nduwé werna-werna (serius) infeksi, virus bakal ngasilaké luwih akèh lan rikat ing njero awak. Amarga ing kana wis akèh virus, iku bisa ngaruh kanggo akèh organ-organ (kaya ta liver lan sumsum balung). Cairan saka ilen getih bocor nglewati tembok saka urat nadi cilik marang rongga-rongga awak. Amarga iku, sirkulasi darah kurang (utama muter ing awak) ing pembuluh getih. Tekanan getih panandhang dadi cendhèk sanget amarga jantung ora bisa nyediaake getih marang organ-organ vital (organ kang paling wigati). Uga, balung sungsum ora kesedia kanggo nggawé cukup platelet, kang dibutuhake getih kanggo mbekuake sak mestine. Tanpa jumlah platelet kang cekap, panandhang luwih cenderung kena masalah pendarahan. Pendarahan ya iku komplikasi utami saka dengue (salah siji masalah kang paling serius kang bisa disebabake saka lelara). .[20]

Diagnosis[besut | besut sumber]

Biyasane, pelayanan keséhatan propesional ndeteksi dengue saka pemeriksaan wong kang kainfeksi lan memprediksi gejala cocog karo dengue. Para pelayan keséhatan propesional mirunggan manawa bisa ndiagnosa dengue nganggo cara iki ing laladan ing endi iku wis umum kahanane kedadean iku.[1] Nanging, dengue ing tahap awal angèl dibedaake karo lelara lan infeksi virus liyané (infeksi kang disebabake déning virus).[18] Wong sing kena dengue uga ngalami demam lan gejala-gejala kaya: sirah mumet lan mutah; ruam; nyeri umum (pegel-pegel saawak); jumlah sèl darah putih sing cendhèk; utawa hasil tes tourniquet positif. Tanda-tanda kang kudu diwaspadai, sak liyané ndogdog, biyasane tanda wong kang kena dengue manggon ning wewengkon kang wis umun ana lelara iki.[21].

Tanda-tanda peringatan biyasane katon sedurunge dadi saya parah.[6] Tes tourniquet iku kanggo manawa ora ana tes laboratorium kang bisa ditindakake. Kanggo nindakaké tes tourniquet, pelayan keséhatan propesional bakal mbungkus tekanan getih digubetke ing lengen tangane wong saksuwene 5 menit. Pelayan keséhatan propesional bakal ngetung titik-titik abang cilik kang ana ing kulit. Saya dhuwur cacahé titik-titik tegesé kecenderungane kena demam dengue luwih dhuwur.[6]

Bedhaake antarané demam dengue lan chikungunya iku bisa dadi luwih angèl. Chikungunya ya iku infeksi virus kang duwé gejala-gejala padha kaya ta dengue, lan kahanane ana ing pirang-pirang bagean ing dunya. Dengue uga bisa duwé gejala-gejala kang padha karo lelara liya kaya ta malaria, leptospirosis, demam tipus, lan lelara meningococcal. Kerep, sedurunge wong didiagnosis kena dengue, pelayan keséhatan propesional bakal ngecek kanggo nemtoake pasien ora duwé siji déning tanda-tanda kaya ngono.[18]

Manawa wong kena dengue, owahan kang paling wiwit kang bisa ketok ing laboratorium tes ya iku rendahe cacahé getih putih.Cacah rendahe platelet lan metabolic acidosis uga tanda-tanda saka dengue.[18] Manawa wong nduwé dengue berat,ana uga owahan kang bisa ketok manawa getih panandhang disinau. Dengue berat nyebabaké kebocoran cuwèran saka ilen getih.Iki nyebabaké hemoconcentration (neng ndi kahanan kurange plasma- bagean cair saka getih-lan luwih sèl getih abang ing jero getih). Iki uga nyebabaké rendahe tingkat albumin ing getih.[18]

Kadang-kadang,dengue kang wis berat nyebabkake large pleural effusions (where leaked fluid builds up around thelungs) or ascites (where fluid builds up in the abdomen). Manawa iku wis cukup gedhé, pelayan keséhatan propesional manawa bakal mènèhi peringatan marang panandhang yèn mriksa panadhang.[18] Pelayan keséhatan propesional bisa deteksi sindrom syok dengue luwih rikat manawa punggawa iku bisa gunakake ultrasound medis kanggo nemu cuwèran sak jerone awak.[1][18] Nanging ing akèh wewengkon kang kahanane dengue wis umum, meh kabèh pelayanan keséhatan propesional lan klinik-klinik ora nduwé mesin ultrasound.[1]

Kadang-kadang,dengue kang wis berat nyebabkake large pleural effusions (where leaked fluid builds up around thelungs) or ascites (where fluid builds up in the abdomen). Manawa iku wis cukup gedhé, pelayan keséhatan propesional manawa bakal mènèhi peringatan marang panandhang yèn mriksa panadhang.[18] Pelayan keséhatan propesional bisa deteksi sindrom syok dengue luwih rikat manawa punggawa iku bisa gunakake ultrasound medis kanggo nemu cuwèran sak jerone awak.[1][18] Nanging ing akèh wewengkon kang kahanane dengue wis umum, meh kabèh pelayanan keséhatan propesional lan klinik-klinik ora nduwé mesin ultrasound.[1]

Klasifikasi[besut | besut sumber]

Ing 2009, World Health Organization (WHO) nglasifikasi, utawa mbagi, demam dengue marang rong rong jinis; ringan lan berat.[1][21]. Sedurunge iki, ing 1997, WHO wis mbagi lelara kaya ta demam kang ora bisa dibedake, demam dengue, lan demam berdarah. WHO mutusaké manawa cara lawas kanggo mbagi dengue mbutuhake cara kang luwih gampang. Iki uga nemtoake manawa cara lawas iku kebatas banget, ora termasuk kabèh cara-cara dengue bisa ketok.Sanajan klasifikasi dengue kanthi resmi wis owah, klasifikasi kang paling lawas isih sering digunake.[18][21][22]

Ing sistem klasifikasi lawas WHO, demam berdarah dibagi ing jero tahap, kasebut kelas I–IV:

  • Ing kelas I, wong kang duwé demam, dek’ne uga gampang memar utawa positip tes turniket.
  • Ing kelas II, panadhang luka ing njero kulit lan bagean liya saka awak
  • Ing kelas III, panandhang ngetoke tanda-tanda syok sirkulasi.[22] Grades III and IV are called "dengue shock syndrome."[21][22]

Tes laboratorium[besut | besut sumber]

Demam dangue bisa didiagnosis saka microbiologis tes laboratorium.[21] Werno-warna tes kang béda bisa ditindake. Tes siji (isolasi virus) diisolasi (utawa dipisah-pisakake)virus dengue saka perkembangbiakan (utawa contoh) saka sèl-sèl. Tes liya (deteksi asam nucleus) goleki asam nukleus nganggo tèhnik kang kasebut reaksi rantai polimerase (PCR). Tes ketelu (deteksi antigen) goleki antigen saka virus. Tes liya ingh njero getih kanggo golèk antibodi kang di gawé awak kanggo nglawan virus dengue.[19][23] Isolasi virus lan deteksi tes asam nucleus luwih apik ketimbang deteksi antigen.Nanging tes larang biyayane, amarga iku tes ora kesedia ing akèh panggonan.[23] Manawa dengue ana ing tahap awal, kabèh tes iku bisa waé negetip (tegesé ora ketok manawa wong kena lelara dengue).[18][19]


Sak liyané kanggo tes antibody, tes laboratorium mung bisa kanggo mbantu diagnosis demam dengue akut (awal) tahap saka sakite. Nanging, tes antibody bisa kanggo nemtoake manawa wong kena dengue ing tahap lanjutsaka infeksi.Awak nggawé antibodi kang mirunggan kanggo nglawan virus dengue sawisé 5 kanthi 7 dina..[5][19][24]

Pencegahan[besut | besut sumber]

Ora ana paksin kang wis kebukti kanggo nyegah wong saka virus dengue.[1] Kanggo nyegah infeksi To prevent infection, World Health Organization (WHO) mènèhi saran kanggo ngontrol populasi lemut kang nglindungi wong saka cokotan lemut..[12][25]

WHO menahi saran program kanggo nyegah dengue ( kasebut program "Integrated Vector Control") kang kalebu lima bagean-bagen kang béda:

  • Advocacy, mobilisasi sosial, lan legislasi (laws) kudu digunaake kanggo nggawékeséhatan masarakat organisasi lan komunitas luwih kuwat.
  • All kabèh bagena masarakat kudu makarya bareng-bareng. Iki kalebu sèktor umum (kaya ta pemerentah), the private sector (kaya bisnis lan perusahaan ), lan babagan keséhatan.
  • Kabèh cara ngontrol lelara kudu dadi siji (utwa digotong bareng-bareng), dadi sumber kang kesedia bisa duwé efek sing paling mungkin.
  • Dudutan kudu di gawé nggango dhasar bukti. Iki bakal mbantu mastiakae manawa campur tangan (perkara kang ditindake kanggo dengue) bisa migunani.
  • Wewengkon kang due masalah dengue kudu di wenehi bantuan, uga iku masarakat bisa yasa kemampuan kang apik kanggo ngrespon lelara dengue nanggo carane dewek.[12]

WHO uga nyaranake kanggo nindakaké pirang-pirang perkara spesipik kanggo ngontrol lemut-lemut lan nyegah saka cokotane. Cara paling apik kanggo ngontrol lemut “Aedes aegepthi” ya iku lunga saka habitat-habitate.[12]).Wong kudu ngosongake bak-bak kebuka saka banyu (amarga lemut-lemut ora bisa ngendog ing njerone). Insektisidas utawa kontrol biologi uga bisa dadi perantara kang digunake kanggo ngontrol lemut ing wialyah iku.[12]. Para ahli ngrasa manawa nyemprot nganggo organofosfat lan insektisida piretroid ora bisa mbantu.[2]. Banyu kang mandheg (kang ora bisa dipindah) kudu di resiki, amarga iku narik lemut-lemut, lan uga amarga wong bisa kena masalah keséhatan manawa insektisida nyebabaké banyu ngecembeng.[12] Kanggo nyegah cokotan lemut, wong bisa nganggo klambi kang nutupi kabèh kulite. Masarakat bisa nganggo penolak serangga (kaya semprotan hama), kang mbantu nyegah lemut-lemut nyedaki (DEET ampuh). Masarakat uga bisa nganggo raket lemut manawa mereka lagi istirahat.[26]

Ora ana perawatan mirunggan kanggo demam berdarah.[1] Wong uga mbutuhake perawatan kang béda, bergantung déning gejala panandhang. Sapérangan dari mereka bisa membaik mung déning ngombe cuwèran sing akèh ing omah, kemudian layanan keséhatan professional bakal nemtoake kedadean keséhatan panandhang wis membaik. Sedangkan sapérangan wong mbutuhake cuwèran infus lan transfusi getih.[27] Pelayanan keséhatan profesional bisa nemtokake kanggo merujuk panandhang marang rumah sakit nalika pasien ngrasaake tanda-tanda peringatan serius, khususe nalika panandhang kasebut wis ngalami kondisi keséhatan kronis.[18]

Manawa wong-wong kang kainfeksi mbutuhake cuwèran saka infus, panandhang biyasane mbutuhake infuse mung sedina utawa rong dina.[27] Propesional pelayanan keséhatan bakal ningkatake jumlah cuwèran sing diwènèhi.Sehingga panandhang kasebut mènèhi volume tertentu urin (0,5–1 ml/kg/jam). Cairan infus uga ditambah hingga hematokrit (jumlah iron ing jero getih) panandhang lan tanda-tanda vital panandhang kanthi normal.[18] Amarga resiko pendarahan, propesional pelayanan keséhatan nyoba ora nggunaake prosedur medis invasive kaya intubasi nasogastrik (ngleboke tube saka irung pasien marang jero weteng), injeksi intramuskular (nyuntike obat marang jero otot), lan suntikan arteri(ngleboke jarum marang jero arteri).[18] Asetaminofen (Tylenol) bisa di wenehi kanggo demam lan nyeri. Jinis obat anti-peradangan kang kasebutNSAID (kaya ibuprofen lan aspirin) ora enthuk digunake amarga obat kasebut bisa gawé resiko pendarahan luwih gedhé.[27] Transfusi getih kudu di wiwiti luwih énggal nalika tanda-tanda vital pasien owah utawa ora normal, lan nalika jumlah sèl getih abang tansaya mudhun..[28] Nalika transfusi dibutuhake, pasien kudu diwènèhi getih wutuh (getih kang durung dipisah-pisahake) utawa dibungkus ing kantong getih kang béntuke sèl getih abang. Platelet (dipisahke saka getih wutuh) lan plasma seger sing dibekuake biyasane ora dianjurke.[28] Manawa pasien sak njerone pemulihan saka dengue, dek’ne biyasane ora bakal diwènèhi cuwèran inpus manèh amarga pasien ora ngalami keluwihen cuwèran.[18] Manawa kedadean keluwihen cuwèran, nanging tanda-tanda vitale isih stabil (ora owah), iki bisa dadi cekap alasan kanggo mandeke mènèhi cuwèran.[28] Manawa pasien ora ing mangsa kritis, pasien bisa diwènèhi diuretic furosemide (Lasix). Lasix bisa mbiyantu ngetokake keluwihen cuwèran saka sirkulasi getih pasien..[28]

Kemungkinan[besut | besut sumber]

Sebagean gedhé wong kang kena dengue mari lan apik-apik waé.[21] Ora nganggo pengobatan, 1 sampe 5 % saka wong sing kainfeksi (1 sampe 5 saka 100 wong ) mati amarga dengue.[18] Nganggo perawatan kang apik, kurang saka 1% mati.[21] Naning, ing wong kang nandhang dengue parah 26% mati (26 saka 100)[18] Kedadean dengue akèh punjul 110 nagara.[18] Saben taun, 50 sampe 100 juta wong kainfeksi dengue ning dunya. Lelara iki uga nyebabaké setengah juta perawatan ing umah sakit [1] lan sekira 12500 sampe 25.0000 kematian ing seluruh donya saben taune..[4][29]

Dengue ya iku lelara kang disebabake déning virus lan paling akèh kedadean sing disebarake déning arthropod.[10] Dengue diprakirake wis dadi beban lelara déning sawetara 1600 taun urip tuna upaya (DALYS) per juta populasi. Iki berarti ing saben sejuta wong, dengue nyebabaké ilange panguripan sewatara 1600 taun. Iki kira-kira padha déné beban lelara bocah-bocah lan lelara tropis. Iki padha déné kang disebabake saka lelara ing bocah-bocah lan lealara tropis liyané.[19] Dengue diaggap kaya ta lelara paling wigati kaping pindho, sawisémalaria.[18] World Health Organization uga ngerteni dengue salah sijining lelara tropis sing ora diperhatiake(tegesé bahwa dengue ora ditangani kanthi serius lan semestine.[30]

Dengue tansaya merajalela ing donya. Ing taun 2010, dengue 30 kali luwih umum ketimbang ing taun 1960.[31] Sapérangan hal sing dianggap penyebab mudhake dengue,Luwih akèh panandhang kang nandhang tinggal ing kutha gedhé. Populasi donya (jumlah manungsa ing donya) tansaya gedhé. Luwih akèh wong kang lelungan berpergian kanthi internasional (saka siji nagara menyang nagara liyané). Pemanasan global uga dianggap sebab mundhake dengue kasebut. .[1]

Dengue luwih asring kedadean ing kiwa-tengené ekuator. 2,5 milyar penduduk kahanan ing wewengkon ing ndi kedadean dengue 70% saka populasi kang manggon ing Asia lan wewengkon Pasifik, déné mereka mengalami dregdheg, kainfeksi nalika lagi melancong. Ing golongan iki, dengue merupakan infeksi kaping pindho kang paling akèh terdiagnosis, sawisé malaria.

Dengue luwih asring kedadean ing kiwa-tengené ekuator. 2,5 milyar penduduk kahanan ing wewengkon ing ndi kedadean dengue 70% saka populasi kang manggon ing Asia lan wewengkon Pasifik.[31] Ing Amérika Sarékat, 2,9% sampe 8% saka penduduk kang nembé balik saka wewengkon kang ana dengue, lajeng dek’ne dregdheg, kainfeksi nalika lagi melancong.[26] Ing golongan iki, dengue uga kagolong infeksi kaping pindho kang paling akèh terdiagnosis, sawisé malaria.[5]

Sajarah[besut | besut sumber]

Dengue pertaman kali ditulis taun-taun sing wis lumantar. Ensiklopedia medis china saka Dinasti Jin (sing berjaya saka 265 kanthi 420 AD) nyritaake tentang wong sing kaya ta kena dengue. Buku kasebut nyritaake tentang “racun banyu” sing ana hubungane karo serangga sing mabur.[32][33] Uga ana cathetan katulis saka abad ke -17 (1600an) tentang apa kang mungkin dadi epidemik dengue ( ya iku nalika lelara nyebar kanthi rikat ing waktu kang singkat). Lapuran-lapuran sing paling énggal tentang kemungkinan epidemic dengue ya iku saka taun 1779 lan 1780. Lapuran iki nyritaake tentang epidemic sing nyapu Asia, Afrika dan Amérika Utara.[33] Sejak wektu iku kanthi 1940, ora akèh manèh epidemic.[33]

Ing 1906, para ilmuwan mbuktiake manawa manungsa kainfeksi saka lemud “Aedes”. Ing taun 1907, para ilmuwan nemuake manawa virus kang nyebabaké dengue. Dengue ya iku lelara kaping pindho kang ketok manawa lelara iki disababake déning virus. (Sadurungé para ilmuwan wis mbuktiake manawa virus uga sing nyebabaké lelara kuning) [34] John Burton Cleland lan Joseph Franklin Siler terus neliti virus dengue, lan ngerti cara dhasar virus nyebar.[34]

Dengue wiwit nyebar dengan luwih rikat selama lan sawisé Perang Dunia kaping pindho. Iki diperkiraake amarga perang kasebut ngubah lingkungan nganggo cara kang béda.. Jinis dengue berbeda uga nyebar menyang kahanan anyar. Kanggo kapisan kaline, manungsa wiwit ngrasa demam berdarah. Wujud lelara sing parah iki kaping pisan di lapurakake ing Filipina ing taun 1953. Ing 1970an, demam berdarah wis dadi penyebab utama kematian ing kalangan bocah-bocah cilik. Lelara kasebut uga wiwit kedadean ing wewengkon Pasifik lan Amérika. Demam berdarah dengue lan sindrom renjat dengue kaping pisan dilapurakake ing Amérika[33] Demam berdarah lan sindrom renjat dengue kaping pisan dilapurakake ing Amérika Tengah lan Kidul ing 1981. Waktu iku, profesional pelayanan keséhatan mengetahui bahwa wong sing nandhang virus dengue jinis 1 nandhang jinis 2 sawisé pirang-pirang taun.[9]

Ora ana kejelasan saka basa apa asalé tembung “dengue”. Sapérangan wong due penemu tembung kasebut saka frasa “ka-dinga pepo” (basa Swahili, Swahili)> Frasa iki nyritaake lelara kasebut disebabke déning arwah ala.Te,bung Swahili “dinga” diperkiraake asalé saka tembung”dengue”(basa spanyol, spanyol)> Tembung iki due arti “sing ati-ati”. Tembung iku mungkin sadurungé di nggunakaké kanggo ngambarake wong kang nandhang nyeri balung amarga demam mriyang dengue, nyeri iku bakal nyebabaké penandhang mlaku ati-ati. Nanging, kemungkinan uga saka tembung basa spanyol kasebut saka tembung basa Swahili, lan dudu sawalike.

Sajarah ing Dunya[besut | besut sumber]

Ora ana kejelasan saka basa apa asalé tembung “dengue”. Sapérangan wong due penemu tembung kasebut saka frasa Ka-dinga pepo Swahili. Frasa iki nyritaake lelara kasebut disebabke déning arwah ala.[32] Tembung Swahili dinga diprakirake saka tembung dengue Spanyol. Tembung iki due arti "sing ati-ati". Tembung iku mungkin sadurungé di nggunakaké kanggo ngambarake wong kang nandhang nyeri balung amarga demam mriyang dengue, nyeri iku bakal nyebabaké penandhang mlaku ati-ati [35] Nanging, kemungkinan uga saka tembung basa Spanyol kasebut saka tembung basa Swahili, lan dudu sawalike.[32]

Wong-wong liya due penemu jeneng ”dengue” asalé saka West Indies. Ing West Indies, budak kang nandhang dengue kasebut- sebut manawa dek’ne ngadeg lan mlaku sakaya wong kang “flamboyan”. Amarga iku, lelara iku uga kasebut “demam flamboyan”.[36][37]

Istilah “breakbone fever” kaping pisan digunakaké déning Benyamin Rush, dhokter lan merupakan Bapak pendiri Amérika Sarékat (Bapak Pendiri Amérika sarékat). Ing 1789, Rush migunakaké istilah “breakbone fever” ing lapuran mengenai kedadean luar biyasa dengue 1780 ing Philadelphia. Ing lapuran kasebut, Rush luwih akèh migunakaké istilah kang luwih formal “bilious remitting fever”

Istilah “demam dengue” durung akèh sing migunakaké jeneng kang béda kanggo lelara iki. Saumpama, dengue uga kasebut “breakheart fever” lan “la dengue”. Jeneng liya uga kanggo dengue parah, kaya ta “"infectious thrombocytopenic purpura", "Philippine," "Thai," dan "Singapore hemorrhagic fever."

Istilah "breakbone fever" kaping pisan digunakaké déning Benyamin Rush, dhokter lan"Bapak Pendiri". Ing 1789, Rush migunakaké istilah "breakbone fever" ing lapuran mengenai kedadean luar biyasa dengue 1780 ing Philadelphia. Ing lapuran kasebut, Rush luwih akèh migunakaké istilah kang luwih formal"bilious remitting fever".[38][39] Istilah "demam dengue" during akèh kang nggunake sampe sawisé taun 1828.[37] Sak derunge, wong-wong nggunake jeneng béda- béda kanggo lelara iki. Kayata, dengue uga kasebut "breakheart fever" lan "la dengue."[37] Jeneng liya uga kanggo dengue parah: kaya ta "infectious thrombocytopenic purpura", "Philippine," "Thai," lan"Singapore hemorrhagic fever."[37]

Para imuwan terus ngusahake kanggo nyiptake vaksin kanggo nglindungi manungsa saka kepapat jinis dengue. Beberapa il;muwan ngawatirake bahwa vaksin bisa ningkatake resiko keparahan lelara lumantar antibody-dependent enhancement (ADE)

Vaksin kang paling apik kang bisa digunaake biyasane duwé beberapa kwalitas béda.Kaping pisan, Vaksin aman, kaping pindho, vaksin bakal bekerja sawisé siji utawa pindho injeksi (utawa suntikan). Kaping telu, vaksin bakal ngelawan sakabehe jinis virus dengue.Kaping papat, vaksin ora bakal nyebabaké ADE. Kaping lima, vaksin bakal gampang pindhah (bergerak) lan kesimpen (kesimpen kanthi diperluake ). Kaping nem, vaksin berbiaya cendhèk lan efektif (sesuai biayane). Beberapa vaksin wis kauji ing 2009.

Para ilmuwan terus ngusahake kanggo nyiptaake vaksin kanggo nglindungi manungsa saka kepapat jinis dengue.[25] Sapérangan khawatir manawa vaksin bisa ningkatke resiko keparahan lelara lumantar antibody-dependent enhancement (ADE).[40] Vaksin kang paling apik kang bisa digunake biyasane duwé kwalitas béda. Kaping pisan, vaksin aman. Kaping pindho, vaksin bakal bekerja sawisé siji utawa pindho injeksi (utawa suntikan). Kaping telu, vaksin bakal ngelawan sakabehe jinis virus dengue.Kaping papat, vaksin ora bakal nyebabaké ADE. Kaping lima, vaksin bakal gampang pindhah (bergerak) lan kesimpen (kesimpen kanthi diperluake ). Kaping nem, vaksin berbiaya cendhèk lan efektif (sesuai biayane).[40] Sapérangan vaksin wis kauji ing 2009.[19][38][40] Para ilmuwan ngarepake awadene vaksin kapisan (utawa beberapa vaksin)bakal tersedia kanthi komersial (bisa ketuku) ing 2015.[25]

Para ilmuwan uga terus makarya kanggo nggawé obat antivirus kango nambani serangan demam dengue lan nyegah awadene manungsa ora kena komplikasi parah. .[41][42] Para ilmuwan uga ngusahaake kanggo mengetahui anggoné protein virus kasebut kesusun. Iki mungkin bisa mbantu mereka kanggo nggawé usada kang bekerja efektif nambani dengue.[42]

Catatan[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m Whitehorn J, Farrar J (2010). "Dengue". Br. Med. Bull. 95: 161–73. PMID 20616106. doi:10.1093/bmb/ldq019. 
  2. ^ a b c Reiter P (2010-03-11). "Yellow fever and dengue: a threat to Europe?". Euro Surveil 15 (10): 19509. PMID 20403310. 
  3. ^ Gubler (2010), p. 379.
  4. ^ a b c d e Varatharaj A (2010). "Encephalitis in the clinical spectrum of dengue infection". Neurol. India 58 (4): 585–91. PMID 20739797. doi:10.4103/0028-3886.68655. 
  5. ^ a b c d e f g Chen LH, Wilson ME (2010). "Dengue and chikungunya infections in travelers". Curr. Opin. Infect. Dis. 23 (5): 438– 44. PMID 20581669. doi:10.1097/QCO.0b013e32833c1d16.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  6. ^ a b c d e f g h i j k l WHO (2009), pp. 25–27.
  7. ^ a b Wolff K, Johnson RA (eds.) (2009). "Viral Infections of Skin and Mucosa". Fitzpatrick's Color Atlas and Synopsis of Clinical Dermatology (ed. 6th). New York: McGraw-Hill Medical. kk. 810–2. ISBN 9780071599757.  line feed character ing |location= ing posisi 5 (pitulung)
  8. ^ a b Knoop KJ, Stack LB, Storrow A, Thurman RJ (eds.) (2010). "Tropical Medicine". Atlas of Emergency Medicine (ed. 3rd). New York: McGraw-Hill Professional. kk. 658–9. ISBN 0071496181. 
  9. ^ a b c d e Gould EA, Solomon T (2008). "Pathogenic flaviviruses". The Lancet 371 (9611): 500–9. PMID 18262042. doi:10.1016/S0140-6736(08)60238-X.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  10. ^ a b Rodenhuis-Zybert IA, Wilschut J, Smit JM (2010). "Dengue virus life cycle: viral and host factors modulating infectivity". Cell. Mol. Life Sci. 67 (16): 2773–86. PMID 20372965. doi:10.1007/s00018-010-0357-z.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  11. ^ a b WHO (2009), pp. 14–16.
  12. ^ a b c d e f Cithakan:Web Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "WHOp59" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  13. ^ Gubler (2010), pp. 377–78.
  14. ^ Wilder-Smith A, Chen LH, Massad E, Wilson ME (2009). "Threat of Dengue to Blood Safety in Dengue-Endemic Countries". Emerg. Infect. Dis. 15 (1): 8–11. PMC 2660677. PMID 19116042. doi:10.3201/eid1501.071097.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  15. ^ Stramer SL, Hollinger FB, Katz LM; et al. (2009). "Emerging infectious disease agents and their potential threat to transfusion safety". Transfusion. 49 Suppl 2: 1S–29S. PMID 19686562. doi:10.1111/j.1537-2995.2009.02279.x.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  16. ^ Teo D, Ng LC, Lam S (2009). "Is dengue a threat to the blood supply?". Transfus Med 19 (2): 66–77. PMC 2713854. PMID 19392949. doi:10.1111/j.1365-3148.2009.00916.x.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  17. ^ Wiwanitkit V (2010). "Unusual mode of transmission of dengue". Journal of Infection in Developing Countries 4 (1): 51–4. PMID 20130380.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  18. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Ranjit S, Kissoon N (2010). "Dengue hemorrhagic fever and shock syndromes". Pediatr. Crit. Care Med. 12 (1): 90–100. PMID 20639791. doi:10.1097/PCC.0b013e3181e911a7.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  19. ^ a b c d e f g Guzman MG, Halstead SB, Artsob H; et al. (2010). "Dengue: a continuing global threat". Nat. Rev. Microbiol. 8 (12 Suppl): S7–S16. PMID 21079655. doi:10.1038/nrmicro2460.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  20. ^ Martina BE, Koraka P, Osterhaus AD (2009). "Dengue Virus Pathogenesis: an Integrated View". Clin. Microbiol. Rev. 22 (4): 564–81. PMC 2772360. PMID 19822889. doi:10.1128/CMR.00035-09.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  21. ^ a b c d e f g WHO (2009), pp. 10–11.
  22. ^ a b c
  23. ^ a b WHO (2009), pp. 90–95.
  24. ^ Gubler (2010), p. 380.
  25. ^ a b c WHO (2009), p. 137.
  26. ^ a b Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Yellow10
  27. ^ a b c WHO (2009), pp. 32–37.
  28. ^ a b c d WHO (2009), pp. 40–43.
  29. ^ WHO médhia centre (March 2009). "Dengue and dengue haemorrhagic fever". World Health Organization. Dijupuk 2010-12-27. 
  30. ^ Neglected Tropical Diseases. "Diseases covered by NTD Department". World Health Organization. Dijupuk 2010-12-27. 
  31. ^ a b WHO (2009), p. 3.
  32. ^ a b c Anonymous (2006). "Etymologia: dengue" (PDF). Emerg. Infec.Dis. 12 (6): 893. 
  33. ^ a b c d Gubler DJ (1998). "Dengue and Dengue Hemorrhagic Fever". Clin. Microbiol. Rev. 11 (3): 480–96. PMC 88892. PMID 9665979.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  34. ^ a b Henchal EA, Putnak JR (1990). "The dengue viruses". Clin. Microbiol. Rev. 3 (4): 376–96. PMC 358169. PMID 2224837. doi:10.1128/CMR.3.4.376.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  35. ^ Harper D (2001). "Etymology: dengue". Online Etymology Dictionary. Dijupuk 2008-10-05. 
  36. ^ Anonymous (1998-06-15). "Definition of Dandy fever". MedicineNet.com. Dijupuk 2010-12-25. 
  37. ^ a b c d Halstead SB (2008). Dengue (Tropical Medicine: Science and Practice). River Edge, N.J: Imperial College Press. kk. 1–10. ISBN 1-84816-228-6. 
  38. ^ a b Barrett AD, Stanberry LR (2009). Vaccines for biodefense and emerging and neglected diseases. San Diego: Academic. kk. 287–323. ISBN 0-12-369408-6. 
  39. ^ Rush AB (1789). "An account of the bilious remitting fever, as it appeared in Philadelphia in the summer and autumn of the year 1780". Medical enquiries and observations. Philadelphia: Prichard and Hall. kk. 104–117. 
  40. ^ a b c Webster DP, Farrar J, Rowland-Jones S (2009). "Progress towards a dengue vaccine". Lancet Infect Dis 9 (11): 678–87. PMID 19850226. doi:10.1016/S1473-3099(09)70254-3.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  41. ^ Sampath A, Padmanabhan R (2009). "Molecular targets for flavivirus drug discovery". Antiviral Res. 81 (1): 6–15. PMC 2647018. PMID 18796313. doi:10.1016/j.antiviral.2008.08.004.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)
  42. ^ a b Noble CG, Chen YL, Dong H; et al. (2010). "Strategies for development of Dengue virus inhibitors". Antiviral Res. 85 (3): 450–62. PMID 20060421. doi:10.1016/j.antiviral.2009.12.011.  Paramèter |month= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung)

Réferènsi[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]


Pranala njaba[besut | besut sumber]