Neurologi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Neurologi iku cawang èlmu kadhokteran sing nangani kelainan sistem saraf. Dhokter sing mligi ngurusi babagan neurologi ingaran neurolog lan duwé kemampuan kanggo ndhiagnosis, ngrawat, lan nata pasien lan kelainan saraf. Akèh-akèhé para neurolog dilatih kanggo nangani pasien diwasa. Kanggo bocah cilik ingayahi déning neurolog pediatrik, sing cawang saka pediatri utawa ngèlmu kaséhatan anak. Ing Indonésia, dhokter kanthi spesialisasi neurologi diwènèhi gelar Sp.S. utawa Spesialis Saraf.

Babagan makarya[besut | besut sumber]

Para neurolog nangani kelainan sajeroning sistem saraf, kalebu ing sistem saraf punjer (utek, batang utek, lan utek cilik), sistem saraf tepi (umpamané saraf utek), lan sistem saraf otonom. Neurolog uga bisa ndiagnosa lan mriksa sawetara kasus ing sistem otot lan balung (muskuloskeletal).

Kondhisi mayor kalebu:

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Ing Indonésia, wong bisa ngayahi pendhidhikan spesialisasi saraf sawisé éntuk gelar profesi dhokter. Pendhidhikan spesialiasi bisa diayahi ing universitas sing mbuka program mau.

Pamriksaan[besut | besut sumber]

Sajeroning pamriksaan, neurolog ninjau riwayat kaséhatan pasien kanthi perhatian mirunggan ing kondhisi wektu semana. Pasien bakal nglakoni manéka pamriksaan klinis kaya pamriksaan pandulu, kakuwatan, koordinasi, rèflèks, lan rangsangan. Informasi mau bakal mbantu neurolog kanggo mesthèkaké lelara mau magepokan karo sistem saraf. Pamriksaan sabanjuré diayahi kanggo ndhiagnosis lelara sing disangga pasien.

Tugas klinis[besut | besut sumber]

Kasus umum[besut | besut sumber]

Para neurolog tanggung jawab ngenani dhiagnosis, parawatan, manajemen kondhisi pasiené. Yèn perlu tindhakan pambedhahan, neurolog kudu ngarujuk pasiené menyang dhokter spesialisasi bedhah saraf lan neuroradhiolog. Ing sawetara nagara, neurolog diperlokaké kanggo negakaké kaputusan mati batang utek.

Neurolog uga tanggung jawab kanggo sawetara tindhakan mèdhis kaya fungsi lumbal. Nanging yèn neurolog ora ana, dhokter umum sing nduwé kemampuan bisa ngayahi fungsi lumbal mau.

Babagan makarya kanthi spesialiasi liya[besut | besut sumber]

Saben nagara duwé cawang kadhokteran spesialis sing béda lan ing panerapan tugasé. Nyatané, akèh pasien stroke sing dirujuk menyang dhokter lelara njero, kamangka bab iki bisa ditangani déning neurolog. Pasien sing ngalami angèl saré bisa uga dirujuk menyang ahli pulmunologi. Lara sirah sing ènthèng bisa dirujuk menyang dhokter umum.

Neurologi lan psikiatri[besut | besut sumber]

Sanadyan lelara jiwa diyakini ana kelainan ing sistem saraf, nanging bab iki ditangani déning psikater utawa ahli lelara jiwa. Ana indhikasi kuwat yèn mekanisme neuro-kimiawi duwé peran wigati ing lelara jiwa kaya skizofrenia. Kelainan saraf kerep uga duwé manifestasi lelara jiwa kaya déprèsi pasca stroke, kapikunan sing digayutaké karo lelara Parkinson, dhisfungsi kognitif ing pendherita lelara Alzheimer.

Ora ana prabédan sing gedhé antara neurologi lan psikiatri. Prabédan iki mung alesan praktis lan akar sajarah.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Kadhokteran