Proklamasi kamardikan Indonésia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Soekarno maca naskah Proklamasi sing wis diketik Sajuti Melik lan wis ditandatangani Soekarno-Hatta

Proklamasi Kamardikan Indonesia Jumat, 17 Agustus 1945 Taun Masehi, utawa 17 Agustus 2605 miturut taun Jepang, utawa 17 Ramadan 1365 Taun Hijriah diwacakaké déning Ir. Soekarno sing didhampingi déning Drs. Mohammad Hatta ing Dalan Pegangsaan Wétan 56, Jakarta Pusat. Prosès kanggo nggayuh proklamasi iki ora gampang. Sadurungé wis dibentuk sawijining panitia panyelidik, banjur ganti jeneng dadi panitia persiapan, sing diadani déning pamaréntah Jepang. Ing pungkasan Perang Donya II yaiku tanggal 12 Agustus 1945, Marsekal Terauchi wis ngandaraké marang Soekarno, Hatta lan Radjiman yèn pamaréntah Jepang bakal énggal mènèhi kamardikan marang Indonesia lan proklamasi kamardikan bisa dilaksanakaké jroning sawetara dina, gumantung cara kerja PPKI. Nanging para pemuda Indonésia wis ora sranta, saéngga kedadéyan Prastawa Rengasdengklok yakuwi 'penculikan' Soekarno saperlu didhesek supaya énggal ngumumaké kamardikan.

Latar wuri[sunting | sunting sumber]

Ing tanggal 6 Agustus 1945 sawijining bom atom ditibakaké ing sadhuwuring kutha Hiroshima Jepang déning Amérika Sarékat sing wiwit mudhunaké moral semangat tentara Jepang ing saindhenging jagad. Sedina sawisé kuwi Badan Penyelidik Usaha Persiapan Kamardikan Indonesia BPUPKI, utawa "Dokuritsu Junbi Cosakai", ganti jeneng dadi PPKI (Panitia Persiapan Kamardikan Indonesia) utawa disebut uga Dokuritu Junbi Inkai jroning basa Jepang, kanggo luwih negasaké kepinginan lan angkah nggayuh kamardikan Indonesia. Ing tanggal 9 Agustus 1945, bom atom kaloro ditibakaké ing sadhuwuring Nagasaki saéngga nyebabaké Jepang nyerah marang Amérika Sarékat lan sekutuné. Momèn ini pun dimanfaataké déning Indonesia kanggo mroklamasèkaké kamardikané.

Indonesian flag raised 17 August 1945.jpg

Soekarno, Hatta minangka pimpinan PPKI lan Radjiman Wedyodiningrat minangka mantan ketua BPUPKI dimaburaké menyang Dalat, 250 km ing sisih wétan segara Saigon, Vietnam kanggo ketemu Marsekal Terauchi. Ana kabar yèn pasukan Jepang pinuju ana ing jurang kakalahan lan bakal mènèhaké kamardikan marang Indonesia. Sauntara kuwi ing Indonesia, ing tanggal 14 Agustus 1945, Sutan Syahrir wis krungu warta liwat radhio yèn Jepang wis nyerah marang Sekutu. Para pejuang gerilya siap-siap mroklamasèkaké kamardikan RI, lan nulak bentuk kamardikan minangka hadiah Jepang.

Ing tanggal 12 Agustus 1945, Jepang liwat Marsekal Terauchi ing Dalat, Vietnam, ngandaraké marang Soekarno, Hatta lan Radjiman yèn pamaréntah Jepang bakal énggal mènèhi kamardikan marang Indonesia lan proklamasi kamardikan bisa dilaksanakaké jroning sawetara dina, gumantung cara kerja PPKI.[1] Senadyan mangkono Jepang ménginaké kamardikan Indonesia ing tanggal 24 Agustus.

Rong dina sabanjuré, wektu Soekarno, Hatta lan Radjiman bali menyang tanah air saka Dalat, Sutan Syahrir ndhesek supaya Soekarno énggal mroklamasèkaké kamardikan amarga nganggep asil patemon ing Dalat minangka tipu muslihat Jepang, amarga Jepang sawektu-wektu wis kudu nyerah marang Sekutu lan kanggo nyelaki anané perpecahan jroning kubu nasionalis, antara sing anti lan pro Jepang. Hatta nyritakaké marang Syahrir bab asil partemon ing Dalat. Soekarno durung yakin yèn Jepang pancèn wis nyerah, lan proklamasi kamardikan RI wektu iku bisa ndadèkaké wutahing getih sing akèh, lan bisa duwé akibat fatal yèn para pejuang Indonesia durung siap. Soekarno ngélingaké Hatta yèn Syahrir ora duwé hak mroklamasèkaké kamardikan amarga iku haké Panitia Persiapan Kamardikan Indonesia (PPKI). Sauntara kuwi Syahrir nganggep PPKI arupa badan gawéyan Jepang lan proklamasi kamardikan déning PPKI mung ateges 'hadiah' saka Jepang (sic).

Indonesia flag raising witnesses 17 August 1945.jpg

Ing tanggal 14 Agustus 1945 Jepang nyerah marang Sekutu. Tentara lan Angkatan Laut Jepang isih kuwasa ing Indonesia amarga Jepang wis janji bakal mbalèkaké kakuwasan ing Indonesia marang Sekutu. Sutan Sjahrir, Wikana, Darwis, lan Chaerul Saleh krungu kabar iki liwat radhio BBC. Sawisé krungu desas-desus Jepang bakal bertekuk lutut, golongan muda ndhesak golongan tuwa supaya énggal mroklamasèkaké kamardikan Indonesia. Nanging golongan tuwa ora kepingin kesusu lan ora gelem ana wutah getih nalika proklamasi. Konsultasi diayahi jroning wangun rapat PPKI. Golongan muda ora nyetujoni rapat iku, ngèlingi PPKI iku sawijining badan sing dibentuk déning Jepang. Golongan muda kepingin kamardikan saka usaha bangsa kita dhéwé, dudu pawèwèh Jepang.

Soekarno lan Hatta nekani panguwasa militer Jepang (Gunsei) kanggo konfirmasi ing kantoré ing Koningsplein (Medan Merdeka). Ananging kantor kasebut kothong.

Soekarno lan Hatta bebarengan Soebardjo sabanjuré lunga menyang kantor Bukanfu, Laksamana Muda Maeda, ing Dalan Medan Merdeka Utara (Rumah Maeda ing Jl Imam Bonjol 1). Maeda nyambut kerawuhan rombongan iki kanthi ucapan slamet wis kasil ing Dalat. Sinambi njawab yèn dhèwèké durung nampa konfirmasi sarta isih nunggu instruksi saka Tokyo. Samulihé saka Maeda, Soekarno lan Hatta énggal nyiapaké patemon Panitia Persiapan Kamardikan Indonesia (PPKI) ing jam 10 pagi 16 Agustus ésuké ing kantor Jalan Pejambon No 2 kanggo ngrembug sing magepokan karo persiapan Proklamasi Kamardikan.

Sedina sawisé kuwi, gejolak tekanan sing ménginaké pengambilalihan kakuwasan déning Indonesia tansaya ndadra, dilancaraké déning para pemuda saka manéka golongan. Rapat PPKI ing 16 Agustus jam 10 ésuk ora dilaksanakaké amarga Soekarno lan Hatta ora teka. Peserta rapat ora ngerti yèn wis kedadéyan prastawa Rengasdengklok.

Prastawa Rengasdengklok[sunting | sunting sumber]

Para pemuda pejuang, klebu Chaerul Saleh, Sukarni, lan Wikana sing kobong semangat heroismené sawisé dhiskusi karo Ibrahim gelar Datuk Tan Malaka sing kagabung jroning gerakan pendhem kélangan kasabaran, lan ésuk umun=umun tanggal 16 Agustus 1945 bebarengan Shodanco Singgih, salah siji anggota PETA, lan pemuda liya, nggawa Soekarno (karo Fatmawati lan Guntur sing isih umur 9 bulan) lan Hatta, menyang Rengasdengklok, sing sabanuré misuwur minangka prastawa Rengasdengklok. Tujuané yakuwi supaya Ir. Soekarno lan Drs. Moh. Hatta ora kapengaruhan déning Jepang. Jroning patemon kuwi para pemuda ngupaya ngyakinaké Soekarno yèn Jepang wis takluk lan para pejuang wis siap kanggo nglawan Jepang, kanthi résiko apa waé.

Isi Teks Proklamasi[sunting | sunting sumber]

Proklamasi Kemerdekaan pada Indonesia Rupiah uang kertas (Rp100000).

Isi tèks proklamasi kamardikan sing cekak iki yakuwi:


Kami bangsa Indonesia dengan ini menjatbakal kamardikan Indonesia.
Hal-hal jang mengenai pemindahan kekoeasaan d.l.l., diselenggarbakal
dengan tjara seksama dan jroning tempo jang sesingkat-singkatnja.
Djakarta, dina 17 boelan 8 tahoen 05
Atas jeneng bangsa Indonesia.
Soekarno/Hatta


Tinulis ing kéné taun 05 amarga iki miturut taun Jepang sing wektu iku taun 2605.

Naskah Otentik[sunting | sunting sumber]

Swara Swara Bung Karno macakake naskah proklamasi ing studio RRI taun 1951, pamacan saka usul salah siji pendhiri RRI Jusuf Ronodipuro

Kangèlan mainaké berkas media?

Tèks ing ndhuwur minangka kasil ketikan saka Sayuti Melik (utawa Sajoeti Melik), salah siji tokoh pemuda sing mèlu andil jroning persiapan proklamasi.

Proklamasi
Kami bangsa Indonesia dengan ini menyatbakal kamardikan Indonesia.
Hal-hal sing mengenai pemindahan kakuwasan d.l.l., diselenggarbakal
dengan cara saksama dan jroning tempo sing sesingkat-singkatnya.
Jakarta, dina 17, bulan 8, taun 45
Wakil2 bangsa Indonesia.

Pèngetan 17 Agustus[sunting | sunting sumber]

Saben taun ing tanggal 17 Agustus, rakyat Indonesia mèngeti Dina Proklamasi Kamardikan iki kanthi meriah. Wiwit saka lomba panjat pinang, lomba mbakal kerupuk, nganti upacara militer ing Istana Merdeka, kabèh bagéan saka masarakat mèlu partisipasi nganggo carané dhéwé-dhéwé.

Lomba-lomba tradisional[sunting | sunting sumber]

Perlombaan sing kerep ana jroning pèngetan Dina Proklamasi Kamardikan RI ing kampung-kampung/ padésan déning warga saenggon lan dikoordinir déning pengurus kampung/ pemuda désa

Pèngetan Dhetik-dhetik Proklamasi[sunting | sunting sumber]

Pèngetan detik-detik Proklamasi ing Istana Merdeka dipimpin déning Presiden RI minangka Inspektur Upacara. Pèngetan iki biasané digiyaraké sacara langsung déning kabèh stasiun televisi. Acara-acara ing ésuk klebu: panembakan mriem lan sirene, pangibaran gendéra Sang Saka Merah Putih (Gendéra Pusaka), maca naskah Proklamasi, lll. Ing wayah soré ana acara penurunan bendera Sang Saka Merah Putih.

Rujukan[sunting | sunting sumber]

Deleng uga[sunting | sunting sumber]

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]

Cithakan:Dina gedhe Indonesia