Kapulisèn Negara Republik Indonésia
Kapulisèn Nagara Républik Indonésia dicekak Polri, iku minangka piranti nagara kang duwé peran lan tujuan kanggo minangka kaamanan dalam nagari, kang nyakup ngreksa kaamanan lan katertiban masarakat, njejegaké kukum, sarta mènèhi perlindhungan, pangayoman lan pelayanan masarakat, kanggo minangka katentreman masarakat kanthi njunjung dhuwur hak asasi manungsa.
Sajarah
[besut | besut sumber]Tuwuhing organisasi Polri ora lepas saka sajarah perjuangan kamardikan Républik Indonésia. Wiwit Proklamasi Kamardikan Indonésia, Polri wis diadhepaké marang tugas-tugas kang unik lan kompleks. Saliyané nata kaamanan lan katertiban masarakat ing mangsa perang, Polri uga mèlu langsung jrning pertempuran nglawan panjajah lan warna-warna operasi katentreman bebarengan karo kesatuan angkatan bersenjata liyané.
Organisasi
[besut | besut sumber]Organisasi Polri disusun miturut tataran saka tataran punjer nganti kawewengkonan. Organisasi Polri Tingkat Pusat ingaran Markas Besar Kapulisèn Nagara Républik Indonésia (Mabes Polri); déné organisasi Polri Tingkat Kawewengkonan ingaran Kapulisèn Nagara Républik Indonésia Laladan (Polda).
Mabes Polri
[besut | besut sumber]Unsur Pimpinan
[besut | besut sumber]Unsur pimpinan Mabes Polri ya iku Kepala Kapulisèn Nagara Républik Indonésia (Kapolri). Kapolri iku Pimpinan Polri kang ana ing sangisoré lan tanggung jawab marang Présidhèn. Kapolri sajeroning ngayahi tugas dibantu déning Wakil Kapolri (Wakapolri)
Unsur Pembantu Pimpinan lan Pelaksana Staf
[besut | besut sumber]Unsur Unsur Pembantu Pimpinan lan Pelaksana Staf antarané:
- Inspektorat Pengawasan Umum (Itwasum)
- Deputi Kapolri Babagan Perencanaan Umum lan Pengembangan (Derenbang)
- Deputi Kapolri Babagan Operasi (Deops)
- Deputi Kapolri Babagan Sumber Daya Manusia (De SDM)
- Deputi Kapolri Babagan Logistik (Delog)
- Staf Ahli Kapolri
Unsur Pelaksana Wiyata lan Pelaksana Staf Khusus
[besut | besut sumber]Unsur Pelaksana Wiyata lan Pelaksana Staf Khusus antarané:
- Perguruan Tinggi Ilmu Kapulisèn (PTIK)
- Sekolah Staf dan Pimpinan Kapulisèn (Sespimpol)
- Akademi Kapulisèn (Akpol)
- Lembaga Wiyata lan Pelatihan (Lemdiklat)
- Divisi Hubungan Masarakat (Div Humas)
- Divisi Pembinaan Hukum (Div Binkum)
- Divisi Pertanggungjawaban Profesi lan Pengamanan Internal (Div Propam)
- Divisi Telekomunikasi lan Informatika (Div Telematika)
Unsur Pelaksana Utama Pusat
[besut | besut sumber]Unsur Pelaksana Utama Pusat antarané:
- Badan Intelijen Keamanan (Baintelkam)
- Badan Reserse Kriminal (Bareskrim)
- Badan Pembinaan Keamanan (Babinkam)
- Korps Brigade Mobil (Korbrimob)
Ékan Organisasi Penunjang liyané
[besut | besut sumber]Ékan organisasi penunjang liyané, antarané:
- Sekretariat National Central Bureau (NCB) Interpol
- Pusat Kedhokteran Kepulisian lan Keséhatan, kalebu Rumah Sakit Pusat Polri
- Pusat Kauangan.
Polda
[besut | besut sumber]Kapulisèn Nagara Républik Indonésia Laladan (Polda) minangka ékan pelaksana utama Kawewengkonan kang ana ing sangisoré Kapolri. Polda duwé tugas nyelenggarakaké tugas Polri ing tataran kawewengkonan. Polda dipanggedhèni déning Kepala Kapulisèn Nagara Républik Indonésia Laladan (Kapolda), kang tanggung jawab marang Kapolri. Kapolda dibantu déning Wakil Kapolda (Wakapolda).
Polda mbawahi Kapulisèn Nagara Républik Indonésia Wewengkon (Polwil), lan Polwil mbawahi Kapulisèn Nagara Républik Indonésia Resort (Polres) utawa Kapulisèn Nagara Républik Indonésia Resort Kota (Polresta). Polwil lan Polres dipanggedhèni déning Komisaris Besar (Kombes). Sabanjuré, Polres mbawahi Polsek, dénég Polresta mbawahi Polsekta. Polsek lan Polsekta dipanggedhèni déning Komisaris Pulisi (Kompol).
Tugas lan wewenang
[besut | besut sumber]Tugas pokok Kapulisèn Nagara Républik Indonésia ya iku:
- ngreksa kaamanan lan katertiban masarakat;
- njejegaké kukum; lan
- mènèhi perlindhungan,pangayoman lan pelayanan marang masarakat.
Tugas-tugas
[besut | besut sumber]- nindakaké pengaturan, panjagan, pangawalan, lan patroli tumrap kagiyatan masarakat lan pamaréntah miturut kabutuhan;
- nyelenggarakaké kagiyatan sajeroning ngreksa kaamanan, katertiban, lan kalancaran lalu-lintas ing dalan;
- mbina masarakat kanggo ngundhakaké partisipasi, kasadharan kukum sarta kataatan marang kukum lan undhang-undhang;
- mèlu nyengkuyung sajeroning pambinaan kukum nasional;
ngreksa katertiban lan njamin kaamanan umum; ngayahi koordinasi, pangawasan lan pambinaan teknis tumrap kapulisèn mirunggan, penyidik punggawa nagari sipil lan pangamanan swakarsa;
- ngayahi penyelidikan lan penyidikan tumrap tindhak pidana miturut kukum acara pidhana lan peraturan perundhangan liyané;
- nyelenggarakaké idhèntifikasi kapulisèn, kadhokteran kapulisèn, laboratorium forensik lan psikologi kapulisèn kanggo kapentingan kapulisèn;
- nglindhungi kaslametan jiwa raga, bandha, masarakat lan lingkungan urip saka gangguan katertiban lan utawa bencana;
- nglayani kapentingan warga masarakat kanggo sauntara, sadurungé ditangani déning kang kajibah;
- mènèhi pelayanan marang masarakat miturut kapentingan lan lingkup kapulisèn; sarta
- nindakaké tugas liya miturut peraturan perundhangan.
Wewenang umum
[besut | besut sumber]- nampa lapuran utawa wadul;
- mbantu ngrampungaké pasulayan warga kang bisa nggangu katertiban umum;
- nyegah lan naggulangi tuwuhing lelara masarakat;
- ngawasi ilèn kang bisa njalari perpecahan utawa ngancam persatuan lan kesatuan bangsa;
- ngetokaké peraturan kapulisèn sajeroning lingkup kawenangan admininistratif kapulisèn;
- ngayahi pamriksaan mirunggan minangka péranganing tidhakan kapulisèn kanggo pancegahan;
- ngayahi tidhakan wiwitan ing papan kadadéan;
- njupuk sidik driji lan idhèntitas liyané sarta pamotrètan;
- golèk katrangan lan barang bukti;
- nyelenggarakaké Pusat Informasi Kriminal Nasional;
- ngetokaké surat idin lan katrangan kanggo pelayanan masarakat;
- mènèhi bantuan pangamanan sajeroning sidhang pangadilan, instansi liya sarta kagiyatan masarakat;
- nampa lan nyimpen barang temon kanggo sauntara wektu.
Wewenang liyané
[besut | besut sumber]- ngetokaké palilah lan ngawasi karaméan umum lan kagiyatan masarakat liyané;
- registrasi lan idhèntifikasi montor;
- ngetokaké layang palilah nyupir montor (SIM);
- nampa pratélan kagiyatan pulitik;
- ngetokaké palilah lan ngawasi senjata api, bahan peledhak lan gaman landhep;
- ngetokaké palilah operasional lan pengawasan tumrap badan usaha babagan jasa pangamanan;
- mènèhi pituduh, ndhidhik lan nglatih aparat kapulisèn lan punggawa pangamanan swakarsa bab teknis kapulisèn;
- kerjasama karo kapulisèn mancanagara sajeroning nyidik lan mbrantas kajahatan internasional;
- pangawasan fungsional kapulisèn wong asing kang ana ing Indonésia kanthi koordinasi kari instansi kagandhèng;
- makili pamaréntah Républik Indonésia sajeroning organisasi kapulisèn internasional;
- nindakaké kawenangan liya kang kalebu ing lingkup tugas kapulisèn.
Wewneang ing babagan pidhana
[besut | besut sumber]- ngayahi penangkapan, panahanan, panggeledhahan, lan panyitaan;
- nglarang wong ninggal utawa lumebu papan kadadéan prakara kanggo kapentingan panyidikan;
nggawa lan ngadhepaké wong marang panyidik kanggo panyidikan;
- ngendhekaké wong kang disujanani lan nakonaké lan mriksa idhèntitas dhiri;
- mriksa lan nyita surat;
- ngundang (memanggil) wong kanggo dirungu lan dipriksa minangka tersangka utawa seksi;
- nekakaké ahli kang diperlokaké sajeroning pamriksan prakara;
- nganakaké penghentian panyidikan;
- nyerahaké prakara marang panuntut umum;
- ngajokaké panyuwun marang instansi imigrasi ing kaanan dadakan kanggo nyegah utawa nangkal wong kang disujanani nglakoni tindhak pidana;
- mènèhi pituduh lan bantuan panyidikan marang panyidik punggawa nagari sipil kanggo diserahaké marang panuntut umum;
- nganakaké tindhakan liya miturut kukum.
Sumber
[besut | besut sumber]- Undhang undhang no. 2 Taun 2002 bab Kapulisèn Nagara Républik Indonésia