Menyang kontèn

Lobak

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lobak
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Ordho: Brassicales
Famili: Brassicaceae
Génus: Raphanus
Spésies: R. sativus
Jeneng binomial
Raphanus sativus
L.

Lobak yaiku tuwuhan kang kalebu kulawarga: Cruciferae. Lobak (Raphanus sativus l. ) inggih punika tuwuhan umbi ingkang asalipun saking tlatah Tiongkok, nanging wis akèh diusahakake ing Indonésia. Masyarakat Cina remen sanget mengonsumsi lobak amargi raosipun ingkang seger lan eca. Lobak inggih punika tanaman perdu. Lobak awujud lonjong sami kados wortel. Nanging, raos lobak mboten manis ananging sakedhik pahit lan pedhes. Lobak ugi nggadhahi pinten-pinten jinis. Jinis-jinisipun lobak ingkang asring dipunpanggihi inggih menika lobak pethak,lobak abrit (radish), saha lobak cemeng.

Tuwuhan iki gampang ditandur ing dataran cendhèk utawa dhuwur (pagunungan). Nganti seprene laladan kang akèh ditanduri lobak yaiku dhataran dhuwur Pangalengan, Pacet, Cipanas, lan Bedugul. Ambane areal tuwuhan lobak menika ing Indonésia saiki udakara 15.700 ha.

Lemah kang apik kanggo tuwuhan lobak yaiku lemah gembur, ngandhut humus (subur) lan lapisan dhuwure ora ngandhut krikil (watu-watu cilik).

Banjur derajat keasaman lemahe 5-6, déné wektu tandure yaiku mangsa rendheng utawa wiwitan mangsa katiga. Nanging yèn nandur ing mangsa katiga, banyune tuwuhan kudu cukup.

Carane Nandur

[besut | besut sumber]

Lobak ditandur saka wijine. Bibit lobak ora perlu saka luar negri (impor), cukup saka asil wiji iku dhéwé amarga tuwuhan iki gampang ngembang lan uga gampang thukul wijine. Wiji-wiji mau bisa ditandur langsung ing kebun tanpa disemai disik. Yèn nandure ambané 1 ha diperlokake wiji cacah 5 kg.

Miturut téyori, kanggo lahan kang ambané 1 ha diperlokake 4 kg wiji janthi daya kecambah 75%. Sadurungé wiji ditandur, lahan kang arep ditanduri diolah disik kanthi dipaculi nganti jerone 30–40 cm, banjur diwènèhi rabuk kandhang utawa kompos 10 ton/ha. Sawisé lemah diratakake, digawé alur kanthi jarak antaralur 30 cm.

Prayogane alur mau digawé mujur saka sisih kulon tekan wétan supaya srengengene bisa lumebu ing tuwuhan saakeh-akèhé. Candhake wiji-wiji mau disebarake tipis nanging rata sadawané alur, banjur ditutup lemah tipis-tipis. Wijine bakal thukul sawisé 4 dina.

Sawisé umur 2-3 minggu, tuwuhan wiwit diwatuni sinambi digawé guludan. Guludan digawé kanthi cara lemah ing sadawaning barisan tandurn didhuwurake. Sinambi ndangir lemah, tandurane digawé arang-arang. Carane tuwuhan kang thukulé endhek-endhek dijabuti lan kang subur ditinggalake.

Sawisé digawé arang-arang, jarak tandurane dadi 10–20 cm. Padatan wong tani arang mènèhi rabuk pabrik. Nanging supaya éntuk asil kang luwih akèh, tuwuhan lobak sejatine perlu diwènèhi abuk pabrik.

Rabuk pabrik kang diperlokake yaiku urea, TSP kanthi perbandingan 1:2 cacah 6 g saben tuwuhan. Rabuk ing kiwa tengen watang tuwuhan kanthi jarak 5 cm. Mula, kanggo tuwuhan kang ambané 1 ha diperlokake 100 kg rabuk urea lan 200 kg TSP. Rabuk prayogane diwènèhake nalika lemah didangir.

Pangopenan tuwuhan

[besut | besut sumber]

Tuwuhan lobak kudu dijaga saka tuma-tuma godhong kang bisa nyerang. Ama iki bisa dibrantas kanthi nyemprotake insektisida, kaya ta Kelthin 0,2% utawa Decis 2,5 EC 0,2-0,3%.

Panenan

[besut | besut sumber]

Asil tuwuhan bisa kajupuk sawisé umbi-umbine cukup gedhé, kira-kira sawisé tuwuhan umur 2 wulan. Yèn kesuwen anggoné methik asil, bakal nyebabake umbi dadi kayu lan rasané uga ora énak (kapus-kapus). Yèn nganti kedadeyan kaya mangkono, umbi lobak ora payu manawa didol.

Tuwuhan kang kopèn bisa ngasilaké umbi 15-20 ton/ha. Malah ana jinis lobak kang bisa ngasilaké umbi kang boboté mancik 0,5–1 kg saben tuwuhan lan rasa umbine uga énak.

Manfaat lobak

[besut | besut sumber]

Lobak badhe thukul optimal wonten siti gembur ingkang subur kaliyan derajat keasamanipun 5-6, cocok ditandhur wonten ing mangsa jawah utawi awal katiga kaliyan cekap toya wanci ketiga. Kandhutan nutrisi kados asam folat, vitamin c, kalsium, lan kalium ndamel lobak dipunminati amargi angsal nginggahaken daya tahan salira lan nggadhahi kathah manfaat kesarasan sanesipun. Lobak bisa dipunginaaken minangka obat gangguan ginjel lan gerah panas. Kajaba iku, ugi bisa ngasilaken lender sajeroning krongkongan saengga sae kangge obat watuk. Lobak, mligi umbine bisa dipundhahar mentah utawa dipundamel acar (asinan), nanging racakipun dipundamel minangka campuran soto. Sanadyan lobak nggadhahi kathah mupangat, dhahar lobak kedah dibatasi kangge ingkang nggadhahi masalah kesarasan  tertamtu kados gangguan tiroid saha sela empedu. Dhahar lobak lebet jumlah ingkang kathah ugi saged ndamel iritasi ing saluran pencernaan.[1]

Lobak ingkang nggadahi kathah mupangat kanggo kasarasan. Isining serat ingkang kathah bisa mbiyantu nglancaraken pencernaan saha ngalangi tuwuhipun bakteri Helicobacter pylori ingkang kerep dados sababipun maag saha gerah lambung. Vitamin C wonten ing sajroning tumindak minangka antioksidan ingkang ndamel daya tahan salira saya kuat. Saliyanipun menika, lobak uga migunani kangge njagi kesarasan jantung amarga serat saha senyawa fitokimia saged nyuda kolesterol uga tekanan rah. Lobak uga mbiyantu ngatur kadar gula wonten ing awak, pramila becik kangge wong ingkang nandhang diabetes utawa ingkang gadhah risiko ageng.[2]

Kalorinipun lobak menika sekedhik saha sugih toya uga serat, lobak ndadosaken raos wareg langkung dangu, dados cocog kangge tiyang ingkang malih program diet. Antioksidan saha vitamin C wonten ing lobak uga mbiyantu ngreksa sel-sel salira supados mboten gampil risak uga saged njagi kinasihan kulit. Mboten namung menika, zat lutein saha zeaxanthin wonten ing lobak uga njagi kasarasan mripat saking sinar UV uga saged ngirangi kasempatan kelainan degenerasi makula.[3]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. infobansos, infobansos (2024-09-14). "Mupangatipun Lobak kangge Kesarasan Salira". fahum.umsu.ac.id. Dibukak ing 2025-11-20.[pranala mati permanèn]
  2. Syafira, Syafira (2025-07-11). "Tepang Pinten-Pinten Varietas Lobak saha Cara Mengolahipun". timetoday.id. Dibukak ing 2025-11-20.
  3. Syafira, Syafira (2025-07-11). "Tepang Pinten-Pinten varietas Lobak saha Cara Mengolahipun". timetoday.id. Dibukak ing 2025-11-20.