Panagara Mirunggan Ngayogyakarta
Panagara Mirunggan Ngayogyakarta | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
| |||||||
[[File:
| |||||||
Searah jarum jam saking duwur: Papan Anggegana Internasional Ngayogyakarta, Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, Pasisir Wediombo, Ratu Baka, Hutan Pinus Pengger, Gunung Merapi, Candi Prambanan, Pasisir Parangtritis dan Tari Golek Ayun-Ayun. | |||||||
Sesanti: [1] Amemayu Ayuning Bawana Hanacaraka: ꦲꦩꦼꦩꦪꦸꦲꦪꦸꦤꦶꦁꦧꦮꦤ Slogan Pariwisata: Istimewa (Jogja Istimewa) | |||||||
Dina dadi | 4 Maret 1950 (umur 75) | ||||||
Dhasaring ukum | UU No. 3 tahun 1950; UU No. 13 tahun 2012 | ||||||
Kutha krajan | 20px Kota Yogyakarta | ||||||
Tlatah | |||||||
- Gunggung ambané | 3185,80 km2 | ||||||
Cacah jiwa (2020) | |||||||
- Gunggung | 3882288 | ||||||
- Pepadhet | 1218,62/km2 | ||||||
Pamaréntahan | |||||||
- Gubernur | Hamengkubuwana X[2] | ||||||
- Wagub | Paku Alam X[3] | ||||||
- Ketua [[{{{DPRD}}}|DPRD]] | Nuryadi | ||||||
- Sèkda | Kadarmanta Baskara Aji | ||||||
- Kabupatèn | 4 | ||||||
- Kutha | 1 | ||||||
- Kacamatan | 78 | ||||||
- Kalurahan | 440 | ||||||
APBD | |||||||
- DAU | Rp1.359.606.514.000,00 (2020)[4] | ||||||
Démografi | |||||||
- Étnis | Jawa (96,53%) Sunda (0,69%) Melayu (0,45%) Tionghoa (0,33%) Batak (0,29%) Madura (0,15%) Minangkabau (0,15%) Lain-lain (1,89%)[5] | ||||||
- Agama | Islam (92,62%) Kristen (7,18%) —Katolik (4,50%) —Protestan (2,68%) Hindu (0,09%) Buddha (0,09%) Lainnya (0,02%)[6] | ||||||
- Basa | Indonesia (resmi) Jawa (resmi daerah)[7] | ||||||
Lagu dhaèrah | Suwe Ora Jamu, Pitik Tukung, Walang Kekek, Caping Gunung | ||||||
Omah tradhisional | Rumah Joglo, Bangsal Kencono | ||||||
Gaman tradhisional | Keris | ||||||
Situs wèb | jogjaprov |
Panagara Mirunggan Ngayogyakarta (Indonésia: Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY)) yaiku panagara ing Indonésia lan dados salah sawijining panagara ing Indonésia ingkang nyandhang gelar istimewa utawa mirunggan. DIY wonten ing sisih kidul pulo Jawa pérangan tengah. Minangka kutha kraton Indonesia ingkang piyambak tetep dipunkengku dening monarkhi, Yogyakarta dipunanggep minangka pusat penting kanggé seni lan budaya Jawa klasik kadosta balet, kain batik, drama, sastra, musik, puisi, seni perak, seni rupa, lan wayang kulit.[8] Kawentar minangka pusat pendidikan Indonesia, Yogyakarta minangka omah kanggé mahasiswa lan puluhan sekolah saha universitas, kalebet Universitas Gadjah Mada, lembaga pendidikan inggil ingkang paling ageng ing nagari lan salah satunggaling ingkang paling prestisius.[9][10][11]
Sajarah
[besut | besut sumber]Sedurungipun proklamasi kamardikan Indonésia, DIY meniko karajan ingkang mardika utawi dipunsebat Zelfbestuurlandschappen/Daerah Swapraja, yaiku Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat lan Kadipatèn Pakualaman. Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat dipunjumenengaken dening Pangeran Mangkubumi ingkang gadhah gelar Sultan Hamengku Buwono I ing warsa 1755, dene Kadipaten Pakualaman dipunjumenengaken dening Pangeran Natakusuma (sadherekipun Sultan Hamengku Buwono II) ingkan gadhah gelar Adipati Paku Alam I ing warsa 1813. Pamarintah Hindia Belanda ngakui Kasultan, lan Pakualaman dados kerajaan ingkang gadhah hak kangge ngatur rumah tangga nipun piyambak ingkang wonten ing kontrak politik. Kontrak politik ingkang pungkasan Kasultanan wonten ing lebeting Staatsblaad 1942 Nomer 47, dene kontrak politik Pakualaman ing dalem Staatsblaad 1941 Nomer 577. Eksistensi kaping kalih kerajaan kasebat sampun angsal pangakuan saking dunyo Internasional, dene ing panjajahan Belanda, Inggris, saha Jepang. Nalika Jepang nilaraken Indonesia, kalih kerajaan menika sampun siap dados nagari piambak ingkang merdeka, jangkep kaliyan sistem pamarintahanipun (susunan ingkang asli), telatah, lan pendudukipun.
Sasampunipun Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia (RI), Sri Sultan Hamengkubuwana IX lan Sri Paku Alam VIII nyatakaken dhateng Presiden RI, menawi Daerah Kasultanan Yogyakarta, lan Daerah Pakualaman dados Negari RI, gabung dados satunggal kasatuan ingkang nyataaken minangka Daerag Istimewa Yogyakarta (DIY). Sri Sultan Hamengkubuwana IX lan Sri Paku Alam VII minangka Kepala Laladan, lan Wakil Kepala Laladan tanggel jawab langsung dhateng Presiden RI. Bab kasebat dipun nyataaken ing lebeting:
- Piagem adhisthana Sri Sultan Hamengku Buwono IX lan Sri Paku Alam VIII tertanggal 19 Agustus 1945 saking Presiden RI.
- Tuwawa Sri Sultan Hamengku Buwono IX lan Sri Paku Alam VIII tertanggal 5 September 1945 (dipun damel kaliyan kepisah).
- Tuwawa Sri Sultan Hamengkubuwono IX lan Sri Paku Alam VIII tertanggal 30 Oktober 1945 (dipun damel kaliyan kepisah).
Lebeting ing margi sejarah selajengipun kadudukan minangka Daerah Otonom satingkat Provinsi ingkang cocok kaliyan maksud pasal Undang-undang Dasar 1945 (saderengipun ebah) dipunatur dening Undang-undang Nomer 22 Warsa 1948 babagan Undang-undang pokok Pemerintahan Daerah. Minangka lanpahan selajengipun Daerah Istimewa Yogyakarta dipunbentuk kaliiyan Undang-undang Nomer 3 Warsa 1950 babagan Pambentuk Daerah Istimewa Yogyakarta. Paraturan Pemerintah Nomer 31 Warsa 1950 sebagaimana sampun dipunebah, lan dipun wuwuhi kaliyan Undang-undang Nomer 9 Warsa 1955 (Lembaran Nagari Warsa 1859 Nomer 71, dipunwuwuhi Lembaran Negari Nomer 1819) ingkang sakmenika taksih laku.
Pratélan Daérah Tingkat II
[besut | besut sumber]Deleng uga
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Situs Web Resmi Archived 2001-01-24 at the Wayback Machine.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ lebih tepat disebut sebagai filosofi
- ↑ Sesuai UU 13/2013 tentang keistimewaan DIY, nama yang digunakan adalah Sultan Hamengku Bawono, tanpa kata "Sri" didepannya, tanpa ada bilangan sultan ke.... pada bagian belakangnya
- ↑ Sesuai UU 13/2013 tentang keistimewaan DIY, nama yang digunakan adalah Adipati Paku Alam, tanpa frasa "Sri Paduka" didepannya, tanpa ada bilangan adipati ke.... pada bagian belakangnya
- ↑ "Rincian Alokasi Dana Alokasi Umum Provinsi/Kabupaten Kota Dalam APBN T.A 2020" (PDF). www.djpk.kemenkeu.go.id. 2020. Dibukak ing 11 Fèbruari 2021.[pranala mati permanèn]
- ↑ "Kewarganegaraan, Suku Bangsa, Agama, dan Bahasa Sehari-hari Penduduk Indonesia 2010". Badan Pusat Statistik. Dibukak ing 8 Juni 2018.
- ↑ "Jumlah Pemeluk Agama Provinsi DI Yogyakarta 2019". www.bappeda.jogjaprov.go.id. Diarsip saka sing asli ing 2020-02-25. Dibukak ing 25 Fèbruari 2020.
- ↑ "Peraturan Daerah Daerah Istimewa Yogyakarta Nomor 2 Tahun 2021 tentang Pemeliharaan dan Pengembangan Bahasa, Sastra, dan Aksara Jawa".
- ↑ "On Java, a Creative Explosion in an Ancient City". The New York Times. Dibukak ing 16 December 2018.
- ↑ "Introducing UGM". Universitas Gadjah Mada. 26 March 2017. Dibukak ing 4 October 2018.
- ↑ "Top Universities in Indonesia". Top Universities. Dibukak ing 4 October 2018.
- ↑ "UGM Ranks First in Indonesia and 53rd in Asia". Southeast Asian University Consortium for Graduate Education in Agriculture and Natural Resources. 3 October 2018. Diarsip saka sing asli ing 19 October 2017. Dibukak ing 26 March 2017.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |