Kasunanan Surakarta Hadiningrat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian


Nagari Kasunanan Surakarta Hadiningrat

ꦟꦒꦫꦶ​ꦑꦱꦸꦤꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦯꦸꦫꦏꦂꦠꦲꦢꦶꦤꦶꦁꦫꦠ꧀

1745–saiki
Flag
Flag
Sri Radya Laksana, Lambang Kasunanan Surakarta
Sri Radya Laksana, Lambang Kasunanan Surakarta
Wewengkon Kasunanan Surakarta ing taun 1830 (werna abang tuwa ing sisih lor)
Kutha krajan Kutha Surakarta
Basa Jawa
Agama mayoritas Islam
Pamaréntahan Monarki
Susuhunan (Sunan)
 •  1745–1749 SISKS Pakubuwana II
 •  1945–1946 (status diturunkan); w. 2004 SISKS Pakubuwana XII
 •  2004-petahana SISKS Pakubuwana XIII
Sajarah
 •  Hadeging Nagari Surakarta (berdiri) 1745
 •  Pendirian Dhaérah Istiméwa Surakarta 19 Agustus saiki
 •  Pengundangan Penetapan Pemerintah No. 16/SD Tahun 1946 (pembekuan) 16 Juni 1946
Sadurungé
Sawisé
Kasunanan Kartasura
Karésidhènan Surakarta
Praja Mangkunagaran
Provinsi Surakarta


Gerbang Kraton Kasunanan Surakarta (foto antara 1880-1920)

Kasunanan Surakarta Hadiningrat (Hanacaraka: ꦑꦯꦸꦟꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦯꦸꦫꦑꦂꦡꦲꦢꦶꦟꦶꦁꦫꦠ꧀) iku karajan ing Jawa Tengah kang madeg taun 1745 minangka terusan saka Kasunanan Kartasura.

Latar wuri[besut | besut sumber]

Kasultanan Mataram bubar jalaran pambrontakan Trunajaya taun 1677. Kutha krajané dipindhah déning Sunan Amral menyang Kartasura. Ing jaman Pakubuwana II, Kasunanan Kartasura bubar jalaran pambrontakan wong-wong Tionghoa kang olèh panjurung saka wong-wong Jawa anti VOC taun 1742. Kutha Kartasura kasil direbut manèh déning Cakraningrat IV, panguwasa ing Medura Kulon, sekuthu VOC nanging kahanané wis rusak banget. Pakubuwana II kang nyingkir menyang Panaraga mutusaké kanggo miyasa pura anyar ing désa Sala, kang bakal dadi kutha krajaning Kasultanan Mataram kang anyar lan diwastani "Karaton Surakarta".

Wangunan Karaton Kartasura kang wus remuk, lan dianggep rusak wis ora pantes manèh. Mula saka iku Tumenggung Honggowongso, Tumenggung Mangkuyudha, lan J.A.B Hohendorff diutus déning Pakubuwana II kanggo golèk papan kanggo ngadegaké karaton kang anyar. Nuli karaton anyar diwangun ing pinggiré Kali Bengawan Sala, ing Désa Sala ing taun 1745. Karaton diyasa klawan kayu jati saking Alas Kethu, kang ana ing laladan Wanagiri. kayuné dikèlikaké lumantar Kali Bengawan Sala. Karaton resmi ngadeg ing 17 Fèbruari 1745, utawa Rebo Pahing 14 Sura 1670.

Jalaran Prajanjian Giyanti 13 Fèbruari 1755, Surakarta dadi kutha krajané Kasunanan Surakarta, klawan Ratu Pakubuwana III. Déné Ngayogyakarta uga yasa karatone dhéwé ing taun 1755, kalawan Ratu Hamengkubuwana I. Ing Prajanjèn Salatiga, taun 1757 wewengkon Kasunanan Surakarta ing sisih lor diwènèhaké menyang Pangéran Sambernyawa (Mangkunagara I).

Pangrembakan[besut | besut sumber]

Kasunanan Surakarta minangka terusan saka Kasunanan Kartasura banjur ngadhepi pambrontakan Pangeran Mangkubumi adhiné Pakubuwana II ing taun 1746. Ing satengahing prang, Pakubuwana II séda jalaran gerah ing taun 1749. Nanging, panjenengané masrahaké kadhaulatan nagari Jawa marang VOC kang diwakili déning Baron von Hohendorff. Wiwit iku, mung VOC kang duwé hak nglantik ratu-ratu turunané Mataram.

Ing tanggal 13 Fèbruari 1755 VOC kang nembé nemahi bangkrut kasil ngajak Pangeran Mangkubumi rukun. Prajanjian Giyanti kang ditapakasmani déning Pakubuwana III ngakoni kadhaulatan Pangeran Mangkubumi minangka ratu Mataram kang nguwasani separo saka wewengkon Kasunanan Surakarta kanthi wastana Hamengkubuwana I. Sairingan karo lumakuning wektu, nagari Mataram kang dipanggedhèni déning Hamengkubuwana I banjur luwih misuwur kanthi jeneng Kasultanan Yogyakarta.

Sabanjuré, wewengkon Kasunanan Surakarta tansaya suda jalaran separo saka wewangkoné diwènèhaké marang Mangkunagara I lumantar Prajanjian Salatiga taun 1757. Wewengkon Surakarta tansaya suda manèh sawisé Perang Dipanagara rampung taun 1830 jalaran laladan-laladan mancanagara direbut peksa déning Walanda.

Mangsa Kamardikan[besut | besut sumber]

Ing wiwitan mangsa kamardikan Républik Indonésia (1945-1946), Kasunanan Surakarta bebarengan karo Praja Mangkunagaran tau dadi Laladan Istimewa Surakarta. Nanging amarga gègèran lan agitasi pulitik nalika iku, ing tanggal 16 Juni 1946 Pamaréntah Indonésia ngowahi statusé dadi Karesidènan Surakarta, nyawiji sajeroning wewengkon Nagara Kesatuan Républik Indonésia.

Pratélan Sunan Surakarta[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]


Didhisiki déning:
Kasunanan Kartasura
{{{jabatan}}}
1742-1755
Diganti déning:
Kasunanan Surakarta
Kasultanan Yogyakarta
Didhisiki déning:
Kasunanan Surakarta
{{{jabatan}}}
1755-1757
Diganti déning:
Kasunanan Surakarta
Praja Mangkunagaran
Didhisiki déning:
Kasunanan Surakarta
{{{jabatan}}}
1757-1945
Diganti déning:
Dhaérah Istiméwa Surakarta


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Medhang, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Yogyakarta, Surakarta, Mangkunagaran, Pakualaman