Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kasultanan Yogyakarta)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Lambang Kasultanan Ngayogyakarta
Pagelaran Kraton Ngayogyakarta
Sri Sultan Hamengkubuwono X

Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat iku diyasa déning Raden Mas Sujana utawa Pangéran Mangkubumi lan duweni gelar Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana Senapati ing Nglanga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah Ingkang Jumeneng Kaping I Ing Ngayogyakarta Hadiningrat. Kasultanan iki lair lumantar Prejanjèn Giyanti (Palihan Nagari) tanggal 13 Februari 1755 utawa 29 Rabiulakhr 1680 Be ing désa Giyanti, Karanganyar sawisé pamberontak saka nagara Mataram. Pecahé Kraton Mataram ora ucul saka anané prabawa bangsa walandi sing duwé kapentingan pulitik kolonialisme. [1]

Wiwitan[besut | besut sumber]

Adhedhasar Prejanjèn Giyanti utawa Palihan Nagari, Pangéran Mangkubumi duwé hak setengah laladan saka karajan Mataram. Kutha krajan kasultanan iki ya iku Yogayakarta. Sadurungé prajanjèn iki, ana pasemon antarané Pangéran Mangkubumi karo Nicholas Harthing kang manggon ing pasanggrahan Pangéran Mangkubumi ing désa Padhagangan, Grobogan. Ing pasemon iku sakloroné wawanrembug tansah alot, mula pasemon iki ngentekaké 2 dina, ya iku dina Minggu nganti Senin tanggal 22 nganti 23 Sèptèmber 1754. Pasemon iku ngrembug babagan pamérangan laladan, gela raja, pernahé laladan Pangéran Mangkubumi.

Pangéran Mangkubumi ngèyèl menawa laladané manggon ing kulon kanthi kutha krajané Yogyakarta, amarga dhèwèké mangertèni menawa Walanda arep nganggo pulitik devide et empera. Menawa kratoné kaya pilihan Pangéran Mangkubumi cedhak marang kraton Surakarta, Walanda kuwatir amarga sakloroné (Yogyakarta lan Surakarta) bisa nglawan Walanda, lan Walanda bisa kalah. Pangéran Mangkubumi milih papan kanggo kraton Yogyakarta amarga alesan filosofis magis kang duwé gegayutan marang topografi calon karajan Pangéran Mangkubumi. Walanda banjur ngalah marang panemuné Pangéran Mangkubumi babagan papan kraton lan punjeré pamaréntahan. Pangéran Mangkubumi uga nyebut pandhega minangka sultan, dudu sunan, supaya ora ngembari karo kraton Surakarta.

Banjur Prejanjèn Giyanti ditandhatangani ing désa Giyanti dina Kemis Kliwon, tanggal 29 Rabiulakhir, Be 1680 taun Jawa, wuku Langkir utawa tanggal 13 Februari 1755. Ing péhak Mangkubumi sing mèlu nandhatangani Pangéran Harya Hamangkunagara Mataram, Pangéran Natakusuma, Pangéran Ngabehi Lering Pasar, Pangéran Harya Pakuningrat, Adipati Danureja, lan Tumenggung Rangga Prawiradirja.[1]

Kaprajuritan[besut | besut sumber]

Nalika Karajan Mataram Islam wiwitan (Kotagedhé lan Plèrèt) dadi kabutuhan kang wigati amarga dinggo jagabaya lan pérangan saka stratègi. Ayahan prajurit kraton Yogyakarta ya iku dadi pérangan jagabaya lan ing jaman saiki dadi pérangan upacara.[1]

Jinis prajurit Kraton Yogyakarta:

  1. Prajurit Wirabraja
  2. Prajurit Dhaèng
  3. Prajurit Patangpuluh
  4. Prajurit Jagakarya
  5. Prajurit Prawiratama
  6. Prajurit Nyutra
  7. Prajurit Ketanggung
  8. Prajurit Mantrijero
  9. Prajurit Bugis
  10. Prajurit Surakarsa

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c Ensiklopedi Kraton Yogyakarta. Yogyakarta: Dinas Kebudayaan Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. 2009. 

Kasultanan Mataram > Kasultanan Yogyakarta > Kadipaten Pakualaman


 
Krajan ing Jawa

0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan
600-1500 (Hindu-Buddha): Mataram Kuna, Medhang, Kahuripan, Janggala, Pangjalu, Singhasari, Majapahit, Pajajaran, Blambangan
1500-saiki (Islam): Demak, Pajang, Banten, Cirebon, Sumedang Larang, Mataram Enggal, Yogyakarta, Surakarta, Mangkunagaran, Pakualaman