Adolf Bastian

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Adolf Bastian
Adolf Bastian 1892 Benque & (...)Benque & btv1b10500763h (cropped).jpg
Adolf Bastian, 1892
Lair (1826-06-26)26 Juni 1826
Bremen, German Confederation
Pati 2 Fèbruari 1905(1905-02-02) (umur 78)
Port of Spain, Trinidad lan Tobago
Karièr ngèlmiah
Babagan Antropologi
Mrabawani Johann Gottfried Herder
Kaprabawan Carl Jung, Joseph Campbell, Franz Boas

Adolf Bastian (1826-1905) ya iku ètnograf lan uga dhokter saka Jerman kang tau mélu profési minangka dhokter kapal. Amarga iku dhèwèké wiwit lumawat lan plesir ing akéh daérah ing Afrika Kulon, Indhi, Indonésia, Tiongkok, Oséania, Mèksiko, lan Amèrika Kidul.[1][2] Saban sawisé nglakoni nekanii ing sapérang panggon dhèwèké nulis karangan-karangan étnografi kang isiné ngewrat akéh informasi bab suku bangsa kang tau diliwati. Conto karya étnografi kang ditulisé ya iku Indonesie oder die Inseln des Malaiischen Archipelis (Jawa: Indonésia atawa Kepuloan Malayu) kang dumadi saka limang jilid. Bastian uga sok nggawa barang-barang kabudayan saka manéka papan ing donya. Awit taun 1860, Bastian miwiti karangan kang sipaté téori. Ing jero tulisané, Bastian ngembangké konsèp-konsèp kanggo nerangké manéka kabudayan gedhé ing donya. Dhéwéké uga ngadegaké kalawarti Zeitschrift für Ethnologie (Jawa: Majalah kanggo Étnologi). Jaréné karyané Adolf Bastian akéh, nanging jarang antropolog kang maca amarga gaya basané kang rada angél. Bastian uga dhuwé jasa ngadegaké Berlin Museum für Völkerkunde (Jawa: Museum Élmu Suku-suku Bangsa ing Berlin).[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Koentjaraningrat (1964). Tokoh-tokoh Antropologi: Ikhtisar dari Karya-karya dan Konsep-konsèp Sarjana Utama dalam Antropologi. Jakarta: Penerbitan Universitas. 
  2. ^ Koentjaraningrat (1987). Sejarah Teori Antropologi I. Jakarta: Penerbit Universitas Indonesia.