Indonésia
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
|||||
| Motto: Bhinneka Tunggal Ika Basa Jawa (Kuna): Sejé-sejé nging tetep manunggal) | |||||
![]() |
|||||
| Basa resmi | Basa Indonésia | ||||
| Ibukutha | Jakarta | ||||
| Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono | ||||
| Tlatah - Total: - % Air: |
urutan 15 1,919,440 km² 4.85% |
||||
| Pedunung
- Kapadhetan: |
urutan ping 4
119/km² |
||||
| Kamardikan - Proklamasi: |
17 Agustus 1945 |
||||
| Jenengé Dhuwit: | Rupiah | ||||
| Zona Wektu: | WIB, WITA, WIT | ||||
| Lagu Kabangsan: | Indonésia Raya | ||||
| Top-level domain|Internet TLD: | .ID | ||||
| Kodhe Negara | 62 | ||||
Républik Indonésia iku sawijing negara ing Asia Kidul-Wétan. Kawentar kadidéné negara kang dumadi saka maewu-ewu pulo, mula asring diarani Nuswantara (Nusantara). Miturut Departemen Dalam Negeri Republik Indonesia taun 2004, cacahing pulo ing saindhenging Nuswantara ana 17.504 pulo.
Sacara administratif wilayah, ana 33 provinsi, 440 kabupatèn/kutha, 5.263 kecamatan lan 69.929 desa/kalurahan.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Kanggo tulisan sabanjuré, pirsani Sajarah Indonésia
Ing samadyaning pangaruh agama Hindu lan Buddha, sawetara karajan ngadeg ing pulo Sumatra lan Jawa wiwit abad kaping-7 nganti abad kaping-14. Tekaning pedagang-pedagang Arab saka Gujarat, India sabanjuré nepungaké agama Islam kang pungkasané dadi agama paling gedhé ing Indonésia.
Wong-wong Éropah teka ing pawitaning abad kaping-16 lan nalika iku nemokaké negara-negara cilik. Negara-negara iku banjur kanthi gampang dikuwasani supaya sabanjuré uga bisa nguwasani dol-tinuku rempah-rempah ing tlatah kono.
Ing abad kaping-17, negara Walanda kang nalika iku minangka negara paling kuwat ing tlatah Éropah, nelukaké negara Inggris (British) lan Portugis (kajaba tlatah jajahan Portugis ing Timor Wétan). Bangsa Walanda njajah Indonésia nganti mangsané Perang Donya Kapindho. Wiwitané Walanda ngedegaké Syarikat Hindia Wétan Londho, yaiku armada niyaga rempah-rempah duwèké pamaréntah karajan Walanda, lan sabanjuré ing wiwitaning abad kaping-19 kanthi kekuwatan prajurité wiwit blak-blakan njajah tlatah Indonésia.
Samangsa Perang Donya II, Walanda (Landha) dijajah karo Jèrman, nalika kuwi Jepun nguwasani Indonésia. Sawisé Indonésia kapilut ing taun 1942, pihak Jepun sesora yèn para pejuwang Indonésia iku kanca dedagangan sing kooperatif lan sedya nggelar prajurit yèn dibutuhaké. Soekarno, Mohammad Hatta, K. H. Mas Mansur, lan Ki Hajar Dewantara banjur antuk kanugrahan saka Maharaja Jepun ing taun 1943.
Ing Maret 1945, pihak Jepun nggawé sawijining jawatan kuwasa kanggo mardikakaké Indonésia, sabubaré Perang Pasifik rampung ing taun iku. Kahanan iki kasurung déning organisasi para mudha, klompok pimpinan Soekarno nyoba supaya Indonésia bisa mardika.
Ing madya liya, Walanda ngirimaké pasukan kanggo ngrebut manèh Indonésia.
Samubarang pratingkah kebak getih kanggo nanggulangi para pejuwang kanggo mardika mau banjur kondhang kanthi sebutan 'tumindak polis' (Actie Politioneel). Pungkasané, Walanda gelem nampa hak bangsa Indonésia kanggo mardika ing 27 Desember 1949 sawisé kasurung-surung bangsa-bangsa liya, utamané Amérika Sarékat. Soekarno dadi présidhèn pisanan Indonésia kanthi Mohammad Hatta dadi wakil présidhèn.
Ing warsa 1950-an lan 1960-an, pamarintah Soekarno wiwit mangayubagya blok sosialis, kaya ta Republik Rakyat China lan Yugoslavia. Ing taun 1960-an uga kedadèn konfrontasi adu tiyasa karo negara tangga, Malaysia, lan nggresulané para kawula amarga urip kecingkrangan tambah ndadra.
Jendral Soeharto dadi présidhèn ing taun 1967 kanthi alesan ngamanaké negara saka anceman komunisme tumrap Soekarno sing nalika kuwi sansaya tanpa daya. Sawisé Soeharto nyekel kuwasa, atusan éwu warga Indonésia sing dikira cawé-cawé lan mélu komunis dipatèni. Ing 32 taun pamarintahan Soeharto iku kasebut Orde Baru, kanggo mbèdakaké karo jaman Soekarno sing kasebut Orde Lama.
Soeharto kasil nyedhakaké manèh marang negara-negara manca - lan kasil nuduhaké ekonomi sing manjila, ora kétang ora rata, ing Indonésia. Ing wiwitané Orde Baru, strategi ekonomi negara digawé sapérangan ahli ékonomi lulusan fakultas ékonomi University of California at Berkeley, sing diwènèhi gelar "kelompok Berkeley". Nanging, Soeharto lan sakancané bisa dilèngsèraké sawisé unjuk rasa sing sumrambah ing sadhéngah papan. Tambah manèh, negara lagi keblandhang utang amarga krisis. Soeharto mudhun ing taun 1998.
Saka 1998 nganti 2001, ana telung (3) présidhèn sing mung sedhéla thok ngrasakaké kuwasané: Bacharuddin Jusuf (BJ) Habibie, Abdurrahman Wahid lan Megawati Soekarnoputri. Ing taun 2004 présidhèn Indonésia sing anyar yaiku Susilo Bambang Yudhoyono.
Indonésia saiki nggémbol prakara akèh, wiwit seka dhuwit, pulitik, agama, lan rasa guyub. Aceh lan Papua nyoba luwar seka Negara Kesatuan Républik Indonésia. Timor Wétan malah wis ngumandhangké kamardikané ing taun 2002 sawisé 24 taun dikuwasai Indonésia lan 3 taun ing panggulawenthahé PBB. Masalah paling anyar sing katimpa negara iki yaiku anané samubarang karusakan jalaran alam.
Ing 26 Desember 2004, tsunami nerjang puluhan éwu warga ing Aceh lan Nias, Sumatra.
[sunting] Pulitik
Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Pulitik Indonésia
Indonésia iku salahsijining saka telung negara (India, Indonésia, Israel) sing nganggo sistem Demokrasi kanthi pas lan bener ing pamaréntahané.
[sunting] Wewengkon
Kanggo tulisan luwih pramana, pirsani Dhaérah-Dhaérah ing Indonésia
Indonésia iku negara paling jembar ing Asia Kidul-Wétan sing ketata saka provinsi-provinsi.
[sunting] Géografi
Kanggo tulisan luwih lanjut, pirsani Géografi Indonésia
Indonésia ana ing posisi antara 6º LL – 11º LK lan 95º BW - 141º BW, antara Lautan Pasifik lan Lautan Hindi, antara Bawana Asia lan Bawana Australia, lan antara patemon 2 rangkeyan pagunungan, yaiku Banjaran Pasifik lan Banjaran Mediteranian.
Indonésia nduwé luwih 18,000 pulo (watara 6000 ora dienggoni) kasebar ing sekitar khatulistiwa, lan nduwé iklim tropika. Pulo sing paling padhet pedunungé yaiku pulo Jawa, separo pedunung Indonésia ana ing pulo iki. Indonésia nduwé 5 pulo gedhé, yaiku: Jawa, Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, lan Papua.
Lokasi Indonésia uga ana ing pinggir lèmpèng tèktonik sing aktif kang ateges Indonésia asring kena lindhu lan uga tsunami. Indonésia uga nduwé akèh gunung berapi, salah sijiné yaiku gunung Krakatau ing selat Sunda.
[sunting] Ékonomi
Kanggo tulisan luwih lanjut, pirsani Ékonomi Indonésia
Ing akir taun 1990-an Ékonomi Indonésia ngalami kamunduran amarga krisis ékonomi sing ngenani sabagéyan gedhé Asia wektu iku nanging Ékonomi Indonésia saiki wiwit stabil manèh.
Indonésia nduwé sumberdaya alam sing gedhé ing sanjabaning Jawa, antarané lenga mentah, gas bumi, timah, tembaga lan emas. Indonésia iku eksportir gas bumi paling gedhé nomer loro ing donya, ning akir-akir iki wiwit dadi importir lenga mentah. Kasil tetanèn kang utama antarané beras, tèh, kopi, rempah-rempah lan janganan lobak.
Mitra dagang Indonésia paling gedhé yaiku Jepang, Amérika Sarékat lan negara-negara tanggané yaiku Malaysia, Singapura lan Australia.
Indonésia nduwé akèh sumberdaya alam lan pedunung, nanging isih ngadhepi masalah kamiskinan sing sabagéyan gedhéné disebabaké korupsi utamané ing pamarèntahan.
Bank sentral Indonésia yaiku Bank Indonésia.
[sunting] Démografi
Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Démografi Indonésia
Yèn dideleng saklepasan, pedunung ing Indonésia bisa dipèrang dadi loro. Ing sisih kulon, pedunungé akèh saka suku Melayu. Ing sisih wétan akèh-akèhé seka suku Papua sing nduwé sesambungan karo kapuloan Melanesia. Akèh pedunung sing mratélakaké pérangan saka suku sing luwih pramana, kang dipérang manut basa lan asal wewengkon, upamané Jawa, Sundha, Batak.
Islam dadi agama mayoritas sing dianut udakara 80% pedunung Indonésia. Angka iki ndadèkaké Indonésia dadi negara kanthi pedunung muslim paling akèh ing ndonya. Sisané ngugemi agama Protestan (8,9%), Katulik (3%), Hindhu (1,8%), Buddha (0,8%), lan liya-liyané (0,3%).
Akèh-akèhé pedunung Indonésia migunakaké basa wewengkoné dhéwé kanggo pocapan padinan, Éwasemana, basa Indonésia dadi basa resmi sing diajaraké ing sekolahan.
Sumrambahing pedunung Indonésia ora rata. Pedunungé mundhak matikel-tikel kanthi angkan sing dhuwur. Pulo Jawa sing aling padhet pedunungé, lan uga dadi punjering pamarèntahan. Pulo Jawa iba vital lan strategis lan kudu digatèkaké temenan. Pedunung Indonésia sing manggon anèng pulo-pulo sisih lor luwih sithik, tinimbang negara-negara kaya ta Jepun, China lan India.
[sunting] Budaya
Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Budaya Indonésia
Jinising kasenian ing Indonésia akèh dipengaruhi karo sawetara kabudayan. Tari Jawa lan Bali iku sing kondhang, contoné, akèh antuk pangaribawa saka kabudayan Hindhu. Akèh candhi-candhi sing kawangun kaya ing tanah Indhia. Déné pagelaran wayang lan bathik uga kawentar ing ndonya.
Pencak silat iku salah sawijining olah raga sing asli saka melayu.
Akèhing suku bangsa lan agama agawé regeng kabudayan Indonésia.
[sunting] Kasil Alam
[sunting] Karèt
Karèt naté kondhang kanthi sebutan ‘enam hitam’ lan iku bebathi nguntungaké devisa ing jaman mbiyèn. Ing ndonya, saiki Indonésia ngancik trap ka-loro sawisé Malaysia ing babagan karèt. Negara-negara sing ngasilaké karèt liyané yaiku Thailand, India, Sri Lanka, Nigeria, Liberia, Zaire, Brazil lan Filipina.
[sunting] Klapa Sawit
Kebonan klapa sawit sansaya jembar. Kasilé kaolah dadi lenga lan inti sawit. kasilé iki dièkspor menyang njaba negara lan uga kanggo kabutuhané wong-wong Indonésia dhéwé.
[sunting] Tembako
Aréal tembako (mbako) ing taun 1979 kira-kira ambané 198.000 Ha. Ing antarané saka angka kuwi yaiku 183.000 Ha kaselenggarakaké déning rakyat, 2000 Ha diurusi cukong-cukong gedhé, lan 13.000 Ha didarbèni pamarintah (PTPN).
[sunting] Emas lan Pérak
Emas lan pérak digulawentah déning PT Aneka Tambang ing Banten Kidul, karo Freeport Indonésia lan bijih tembaga ing Papua. Kanthi prasaja, rakyat uga mélu ngolah emas lan pérak kanthi cilik-cilikan.
[sunting] Aspal Alam
Panambangan aspal kagiyaraké ing Sulawesi Kidul-Wétan, Sakabèhé 19 lapangan gedhé lan cilik, lima ing antarané kaanggep becik. Yèn dikira sakabèhé, kira-kira 28,5 yuta ton.
[sunting] Militèr
- Militèr Indonésia
- TNI AU
- TNI AD
- TNI AL
- Tanda Jasa lan Bintang Kaurmatan Indonésia
- Sajarah Pertahanan Indonésia
[sunting] Islam
[sunting] Uga delengen
- Daftar tokoh Indonésia
- Rupiah
- Garuda Indonésia
- Plesiran Indonésia
- Daftar Provinsi Indonésia
- Daftar kabupatèn lan kutha ing Indonésia
- Daftar kutha Indonésia
- Daftar pulo ing Indonésia
- Daftar partai pulitik Indonésia
- ASEAN
- Transportasi ing Indonésia
- Hubungan njaban rangkah Indonésia
- Pafilman Indonésia
- Pertamina
- Krisis Finansial Asia
- Sastra Indonésia
- Musik Indonésia
[sunting] Pranala Jaba
- Karajan Républik Indonésia
- Portal Informasi Nasional
- (id) Kantor Pawarta Antara
- (id) Televisi Républik Indonésia (TVRI)
- (id) Radhio Républik Indonésia (RRI)
- (id) Pawarta Indonésia
- (id) Daftar konsulat lan kadutaan Indonésia ing mancanegara (ing situs Departemen Luar Negeri)
- (id) Informasi Budaya Tradhisional Indonésia
- (en) Daftar situs lembaga pamarèntah Indonésia
- (id) Harian Bisnis Indonésia
- (id) Yayasan Lembaga Bantuan Hukum Indonésia
|
|
|
|---|---|
|
Brunei | Filipina | Indonésia | Kamboja | Laos | Malaysia | Myanmar | Singapura | Thailand | Vietnam |
|
| Status Peninjau: Papua Nugini | Timor Leste | |
Afganistan | Arab Saudi | Armenia | Azerbaijan | Bangladesh | Bahrain | Bhutan | Brunei | Republik China | RRT (Hong Kong, Makau) | Filipina | Georgia | India | Indonesia | Irak | Iran | Israel | Jepang | Kamboja | Kazakhstan | Kirgizstan | Koréa Kidul | Koréa Lor | Kuwait | Laos | Libanon | Maladewa | Malaysia | Mesir | Mongolia | Myanmar | Nepal | Oman | Pakistan | Qatar | Rusia | Singapura | Sri Lanka | Suriah | Tajikistan | Thailand | Timor Timur | Turki | Turkmenistan | Uni Emirat Arab | Uzbekistan | Vietnam | Yaman | Yordania
Australia | Brunei | Kanada | Chili | Republik Rakyat Cina | Hong Kong | Indonesia | Jepang | Malaysia | Meksiko | Selandia Baru | Papua Nugini | Peru | Filipina | Rusia | Singapura | Korea Selatan | Republik Cina | Thailand | Amérika Sarékat | Vietnam



