Géografi Indonésia
Indonesia ndarbèni 17.504 pulo (data ttaun 2004; pirsani: Gunggung pulo ing Indonesia), watara 6.000 ing antarané ora ana pedunungé, nyebar ing saubengé katulistiwa, kanthi hawa tropis. Pulo paling padhet pedunungé yakuwi Pulo Jawa, luwih saka setengah (65%) populasi Indonesia. Indonesia dumadi saka 5 Pulo gedhé, yaiku: Jawa, Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, lan Irian Jaya.
Indonesia nduwèni luwih saka 400 gunung geni lan 130 ing antarané klebu gunung geni aktif. Sebagéyan saka gunung geni dumunung ing dhasaring segara lan ora lumahing segara. Indonesia minangka papan patemon 2 rangkaian gunung geni aktif (Ring of Fire). Ana puluhan patahan aktif ing wilayah Indonesia.
Kahanan alam[sunting]
Sebagéyan ahli mérang Indonesia dadi telung wilayah geografis utama yakuwi:
- Kapuloan Sundha Besar nyakup Pulo Jawa, Sumatra, Kalimantan, Sulawesi.
- Kapuloan Sundha Kecil nyakup Bali, Nusa Tenggara Kulon lan Nusa Tenggara Timur.
- Kapuloan Maluku lan Irian
Ing zaman es pungkasan, ssadurungé taun 10.000 SM (Sadurungé Masehi), Ing bagéyan kulon Indonesia ana dharatan Sundha sing kahubung menyang bawana Asia lan memungkinkan fauna lan flora Asia pindhah menyang bagéyan kulon Indonesia. Ing bagéyan wétan Indonesia, ana dharatan Sahul sing kahubung menyang bawana Australia lan memungkinkan fauna lan flora Australia pindah menyang bagéyan wétan Indonesia. Ing bagéyan tengah ana pulo-pulo sing kapisah saka kaloro bawana kasebut.
|
|
||
|---|---|---|
| Prasajarah • Karajan Hindu-Buddha • Karajan Islam • Era Portugis • Era VOC • Era Walanda • Era Jepang | ![]() |
|
| Proklamasi • Mangsa transisi • Orde Lama • Orde Lama:Demokrasi Terpimpin • Gerakan 30 September • Orde Baru • Gerakan 1998 • Reformasi • Sajarah jeneng Indonésia | ||
| Pulo • Tlaga & Wadhuk • Gunung • Gunung geni • Taman nasional • Kali • Fauna • Flora | ||
| Administratif • Provinsi • Kutha & Kabupatèn • Hubungan luar negeri • Kapulisèn • Militer • Hukum • Badan lan Komisi | ||
| Partai pulitik • Presidhèn • Wakil Presidhèn • Kabinet • Pemilu | ||
| Prusahaan • Pariwisata • Transportasi • Pasar modhal • Bank • BUMN | ||
| Suku • Basa • Agama • Jeneng Indonésia | ||
| Arsitèktur • Seni • Film • Masakan • Tari • Mitologi • Pendhidhikan • Sastra • Media • Musik • Dina wigati • Olahraga • Busana Dhaérah | ||
|
Topik liya |
Bandar udhara • Tokoh • A - Z • Telekomunikasi • Kembang • Tandha Kaurmatan • Kodhe Telepon • Pambangkit Listrik • Télévisi Nasional • Télévisi Régional | |
| Gapura Indonésia | ||
