Tentara Nasional Indonésia Angkatan Laut
TNI Angkatan Laut iku bagéyan saka Tentara Nasional Indonesia sing tanggung jawab ngenani operasi laut, dipimpin déning Kepala Staf TNI Angkatan Laut, sing wektu iki diwengku déning Laksamana Tedjo Edy Purdiyatno, SH. Kakuwatan TNI-AL wektu iki kapérang jroning 2 armada, Armada Kulon sing pusaté ing Tanjung Priok, Jakarta lan Armada Wétan sing pusaté ing Tanjung Perak, Surabaya, sarta siji Komando Lintas Laut Militer (Kolinlamil). Saliyané kuwi uga mbawahi Korps Marinir. Sumber prajurit TNI AL didhidhik lan dilatih ing AAL lan Kobangdikal sarta Seskoal.
TNI-AL nduwèni Slogan Jalesveva Jaya Mahe.
Bab lan Paragraf |
Komando Pasukan Katak [sunting]
Cithakan:Artikel Komando Pasukan Katak (dicekak Kopaska) iku pasukan khusus saka TNI Angkatan Laut. Semboyan korps iki yakuwi "Tan Hana Wighna Tan Sirna" sing maknané "ora ana rintangan sing ora bisa diatasi". Korps iki sacara resmi diadegaké tanggal 31 Maret 1962 déning Presiden Indonesia Soekarno kanggo mbantu jroning masalah Irian Jaya. Pasukan khusus iki sakbeneré wis ana wiwit taun 1954.
Detasemen Jala Mengkara [sunting]
Cithakan:Artikel Detasemen Jala Mangkara (disingkat Denjaka) iku sawijining detasemen pasukan khusus TNI Angkatan Laut. Denjaka iku satuan gabungan antara personel Kopaska lan Taifib Korps Marinir TNI-AL. Denjaka dibentuk miturut instruksi Panglima TNI marang Komandan Korps Marinir No Isn.01/P/IV/1984 tanggal 13 November 1984.
Korps Wanita Angkatan Laut [sunting]
Cithakan:Artikel Korps Wanita Angkatan Laut (disingkat Kowal) minangka bagéyan saka TNI Angkatan Laut, lan saben tanggal 5 Januari dipèngeti minangka Dina Dadi Kowal.
Pulisi Militer Angkatan Laut [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- (id) http://www.tni.mil.id
- (id) http://www.tnial.mil.id
- (id) http://www.marinir.mil.id/
- (id) http://www.tempointeraktif.com/hg/narasi/2004/12/15/nrs,20041215-01,id.html
- (en)http://www.dutchaviationsupport.com/00-HTMS/Indon-Airforce%20-3-FNaval.htm
- (en)http://www.dutchaviationsupport.com/00-HTMS/Indon-Airforce-AFM.htm
