Jakarta

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Daerah Khusus Ibukota Jakarta
Jakarta symbol.gif
(Lambang DKI Jakarta)
Motto: "Jaya Raya"

(Basa Indonesia): "Jaya lan Agung"

IndonesiaJakarta.png
Dina dadi 22 Juni 1527
Ibu kutha Jakarta
Gubernur Fauzi Bowo
Wilayah
 - Total:

740,28 km²
Daerah Tk. II
 - Cacah:

5 Kotamadya lan 1 Kabupatèn
Pedunung
 - Total (2004):
 - Kapadhetan:

8.792.000
16.667/km²
Suku bangsa Betawi (+/-10%), Jawa, Sundha, Tionghoa (10%), dll.
Agama Islam, Kristen, Buddha, dll.
Basa Indonesia, Betawi, Jawa, Sundha, dll.
Zona wektu (WIB)
Maskot Elang Bondol
Lagu kedaerahan tidak ada

Jakarta punika ibukitha negari Républik Indonesia lan kitha ing pulo Jawi ingkang paling ageng. Jakarta kagungan pedunung cacahipun 10 yuta jiwa. Nanging wonten ing tlatah Jakarta Raya utawi Jabotabek cacahipun pedunung langkung saking 17 yuta.

Jakarta ugi naté dipun wastani Sundha Kelapa, Jayakarta, Jacatra, Batavia lan Betawi. Sanèspun kitha, Jakarta punika ugi satunggiling provinsi Indonesia.

Dasar hukum tumrap DKI Jakarta inggih punika Undhang-Undhang Republik Indonesia Nomer 29 Taun 2007, perkawis Pemerintahan Provinsi Daerah Khusus Ibukota Jakarta minangka ibukitha Negara Kesatuan Republik Indonesia. UU punika nggantosaken UU Nomer 34 Taun 1999 perkawis Pemerintahan Provinsi Daerah Khusus Ibukota Negara Republik Indonesia Jakarta sarta UU Nomer 11 Taun 1990 perkawis Susunan Pemerintahan Daerah Khusus Ibukota Negara Republik Indonesia Jakarta ingkang kalih-kalihipun sampun boten ka-anggé malih.

Jakarta gadhah status satingkat provinsi lan dipunpimpin déning satunggiling gubernur. Bènten kaliyan provinsi sanès, Jakarta namung anggadhahi pamérangan ing sangandhapipun arupi kitha administratif lan kabupatèn administratif, ingkang maknanipun boten gadhah perwakilan rakyat piyambak. Kanthi makaten, DKI Jakarta namung gadhah DPRD Provinsi lan mboten gadhah DPRD Kabupatèn/Kitha.

[sunting] Daftar Daérah Tingkat II

[sunting] Pranala jawi

Péta Jakarta



Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

 
DKI Jakarta
Lambang DKI Jakarta

Kotamadya

Jakarta Lor: Cilincing | Koja | Kelapa Gadhing | Tanjung Priok | Pademangan | Penjaringan
Jakarta Kulon: Tamansari | Tambora | Grogol | Palmérah | Kebon Jeruk | Kembangan | Cengkareng | Kalideres
Jakarta Pusat: Gambir | Tanah Abang | Menteng | Senen | Cempaka Putih | Johar Baru | Kemayoran | Sawah Besar
Jakarta Wétan: Matraman | Pulo Gadung | Jatinegara | Duren Sawit | Kramat Jati | Makasar | Pasar Rebo | Ciracas | Cipayung | Cakung
Jakarta Kidul: Kebayoran Baru | Kebayoran Lama | Pesanggrahan | Cilandak | Pasar Minggu | Jagakarsa | Mampang Prapatan | Pancoran | Tebet | Setiabudi

Kabupatèn

Kabupatèn Kapuloan Seribu: Kapuloan Seribu Lor | Kapuloan Seribu Kidul

 l  d  s 
Daftar Provinsi Indonesia
Gendhéra Indonesia

Provinsi: Bali | Banten | Bengkulu | DKI Jakarta | Daerah Istimewa Yogyakarta | Gorontalo | Jambi | Jawa Kulon | Jawa Tengah | Jawa Wétan | Kalimantan Tengah | Kalimantan Kidul | Kalimantan Kulon | Kalimantan Wétan | Kapuloan Bangka-Belitung | Kapuloan Riau | Lampung | Maluku | Maluku Lor | Nanggroe Aceh Darussalam | Nusa Tenggara Kulon | Nusa Tenggara Wétan | Papua | Papua Kulon | Riau | Sulawesi Kulon | Sulawesi Kidul-Wétan | Sulawesi Kidul | Sulawesi Lor | Sulawesi Tengah | Sumatra Kidul | Sumatra Kulon | Sumatra Lor

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Jakarta"