Taman Mini Indonesia Indah
Taman Mini Indonesia Indah (TMII) yaiku kawasan taman wisata kang témané budaya Indonesia ing Jakarta Wétan.[1] Ambane kurang luwih 250 kilometer persegi iki ana ing koordinat .[1] Taman iki kalebu rangkuman kebudayaan bangsa Indonesia, kang nduweni aspek kauripan saben dinane masyarakat 26 provinsi Indonesia (ing taun 1975) kang ditampilake ing anjungan daerah berarsitektur tradisional, sarta nampilake aneka pakean, tarian lan tradisi daerah.[1] saliyane kuwi, ing tengah-tengahe TMII ana danau kang nggambarake miniatur kepulauan Indonesia ana ing tengah-tengahe, kereta gantung, macem-macem museum, lan Teater IMAX Keong Mas lan Teater Tanah Airku), sarana rekreasi iki ndadekake TMIII kalebu salah sijine kawasan wisata paling misuwur lan unggul ing ibu kota.[1]
Bab lan Paragraf |
Logo lan maskot [sunting]
TMII duwe logo kang ing intine ana huruf TMII, Singkatan saka "Taman Mini Indonesia Indah".[2] Maskot arupa tokoh wayang Hanoman kang jenenge NITRA (Anjani Putra).[2] Maskot Taman Mini "Indonesia Indah" iki diresmikake dening Siti Hartinah utawa kang dikenal kanthi asma Ibu Tien Soeharto, bareng karo dwi windu usia TMII, ing taun 1991.[2]
Bangunan keagamaan [sunting]
Bangunan keagamaan diwakili dening omah ibadah agama resmi kang diakui ing Indonesia, kuwi kanggo nggambarake toleransi lan keselarasan hubungan antar agama ing Indonesia.[2] Bangunan-bangunan keagamaan kuwi yaiku.[2]
- Masjid Pangeran Diponegoro
- Gereja Katolik Santa Catharina
- Gereja Protestan Haleluya
- Pura Penataran Agung Kertabhumi
- Wihara Arya Dwipa Arama
- Sasana Adirasa Pangeran Samber Nyawa
- Kuil Konghucu (tengah dibangun)
Bagian-bagian TMII [sunting]
Sarana rekreasi [sunting]
- Istana Anak-anak Indonesia
- Kereta gantung
- Perahu Angsa Arsipel Indonesia
- Taman Among Putro
- Taman Ria Atmaja
- Desa Wisata
- Kolam renang Snow Bay