Masjid
Mesjid (utawi ing Basa Jawi tataran ngoko: Masjid lan ugi kadhang kapocapaken Mejid) punika, papan kanggé ngibadah tiyang Muslim. Sanèsipun mesjid ugi wonten "langgar" kaliyan "mushola" ingkang mèmper Mesjid, namung langkung alit. Ing tanah Jawi kathah mesjid ingkang arsitèkturipun taksih mèmper Meru.
Bab lan Paragraf |
Étimologi [sunting]
|
Tembung "masjid" utawi "mesjid" punika kapendhet saking basa Arab masjid ingkang tegesipun "papan pasujudan". Tembung punika saking tembung kriya sajada (oyot s-j-d ingkang tegesipun "sujud" utawi "jèngkèng"). Tembung masjid utawi sajada dipunserap saking basa Aram. Tembung "m-s-g-d" sampun wonten ing abad ka-5 SM lan sasampunipun uga dipunpanggihi wonten prasasti-prasasti Nabatea lan tegesipun ugi "papan pasujudan".
Sajarah [sunting]
Wonten ing ajaran Islam kasebataken menawi masjid ingkang nomer setunggal punika Ka'bah ingkang dipundamel déning Nabi Ibrahim. Wangunan masjid kados ingkang kasebat punika dipunwiwiti wonten ing Madinah nalika jaman Nabi Muhammad ingkang kasebat Masjid Quba.
Mesjid Indonesia [sunting]
Masjid ingkang kawentar wonten ing Indonésia inggih punika Masjid Istiqlal ingkang dipunrakit déning Friedrich Silaban ingkang dunungipun wonten ing caket Silang Monas, Jakarta.
Uga pirsani [sunting]
Pranala jaba [sunting]