Akuarium
Akuarium yaiku salah sawijiné vivarium. Biyasané digawé saka bahan kang transparan kang digawé saka gelas utawa plastik.[1] Bahan kang kanggo nggawé akuarium kalebu bahan kang kuwat supaya ora gampang pecah.[1]
Akuarium biyasané kanggo wadhah kéwan lan tanduran banyu kayata iwak.[1] Saliyané iwak uga kena kanggo wadhah invertebrata, amfibi, mamalia laut lan reptil).[1] Akuarium uga bisa dadi muséum iwak ing panggonan-panggonan wisata.[1] Ngingoni iwak ing akuarium kalebu hobi kang misuwur.[1]
Akuarium kang sepisanan digawé ing London, Inggris.[1] Akuarium iki digawé ing taun 1853.[1] Sawisé iku teknologi kang kanggo nggawé akuarium uga saya canggih saéngga ditemokaké sistem panyaringan lan panerangan arupa lampu-lampu lan hiasan ing akuarium.[1]
Piranti [sunting]
Kompa udhara akuarium arupa piranti kanggo nglebokaké udhara menyang njero banyu akuarium liwat difuser, saéngga hawa pecah dadi glembung-glembung cilik.[2] Glembung-glembung iki nambah kadhar oksigen ing banyu.[2]
Alat iki digawé saka logam.[2] Wanguné kaya kothak segi papat kang bagéyan dhasaré rada nongol mengarep.[2] Ing bagéyan mburi dipasang kabel listrik.[2] Nalika alat iki digunakaké, kabel listrik iku dihubungaké menyang sumber listrik.[2] Ing tengah-tengah bagéyan ngarep ana rodha kang digawé saka plat logam kang wujudé bunder.[2] Nalika dihubungaké karo arus listrik, rodha iki banjur mubeng lan ngobahaké kompa kang manggon ing sisihé.[2] Ing ngarep kompa ana pipa logam kang cacahé loro.[2] Pipa kang sijiné gunané kanggo ngisep udhara lan pipa kang sijiné manèh kanggo ngetokaké udhara nalika akuarium diuripké kanthi dihubungaké ing listrik.[2]
Pranala njaba [sunting]
Cathetan sikil [sunting]