Bugis

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Disambig.svg
Bugis
Bugis Isi Kelapa.JPG
Bugis isi parutan klapa
Informasi
Asal Indonésia
Dhaérah Jawa
Penyajian lan bahan
Bahan Beras ketan

Bugis iku salah siji panganan tradhisional Jawa Tengah. Bugis digawé saka glepung beras , santen, lan enten-enten (parutan klapa dicampur gula). Panganan iki biasané digunakaké kanggo nyamikan nalika ana Sedekah Bumi lan sunatan. Bugis dibungkus nganggo godhong gedhang, wujudé kaya limasan.

Cara panggawéné [sunting]

  1. Glepung beras diuléni karo santen
  2. Yèn wis kalis banjur di gawé bunder-bunder lan tengahé diisi enten-enten
  3. Banjur dibungkus godhong gedhang, wujudé kaya limasan
  4. Yèn wis dibungkusi banjur di dang nganti mateng

Deleng uga [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bugis&oldid=682477"