Gubernur

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Gubernur, jroning kontèks Otonomi Dhaérah ing Indonésia, yakuwi Kepala Dhaérah ing tingkat Provinsi. Gubernur duwé tugas lan wewenang mimpin panyelenggaraan dhaéerah miturut kawicaksanan sing ditetepkan bebarengan karo DPRD. Gubernur dipilih kanthi pasangan sacara langsung déning rakyat ing Provinsi kasebut; saéngga Gubernur duwé tanggung jawab marang rakyat.

Sajabané minangka Kepala Dhaérah, gubernur uga duwé kalungguhan minangka wakil pamaréntah ing wilayah provinsi kasebut; saéngga jroning bab iki Gubernur duwé tanggung jawab marang Presidhén. Gubernur dudu atasané Bupati utawa Walikutha, nanging mung sawates mbina, ngawasi, lan koordinasi panyelenggaraan pamaréntahan dhaérah kabupatèn/kutha

Tembung "Gubernur" bisa asal saka basa Portugis "governador", basa Spanyol "gobernador" utawa basa Walanda "gouverneur". Wangun Walanda iki mèmper karo wangun basa Prancis sing makna harafiahé "pemimpin", "panguwasa", utawa "sing mréntah".

Gubernur dudu kapanjangan tangan saka Pamaréntah Pusat, nanging minangka pamimpin independen saka Propinsi sing dipilih langsung déning rakyat Propinsi liwat Pamilihan Kepala Dhaérah utawa PILKADA. Gubernur duwé tanggung jawab langsung marang Dhéwan Perwakilan Dhaérah Propinsi.

[sunting] Delengen uga

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Gubernur"