Kebaya
Kebaya yaiku blus tradhisional kang dienggo wong wadon ing Indonésia.[1] Kebaya digawé saka bahan kang tipis lan biyasané dienggo karo sarung, sléndhang, jarik utawa bathik.[1] Kebaya uga kena dienggo karo songket lan klambi tradhisional liyané.[1] Kebaya asalé saka tembung arab abaya kang tegesé sandhangan.[1] Sadurungé taun 1600 ing Pulo Jawa, kebaya mung dienggo karo kulawarga krajan.[1] Ing jaman jajahan Belanda wong Eropa banjur nganggo kebaya.[1] Kebaya dadi klambi resmi.[1] Kebaya banjur divariasi bentuk lan motifé, ana kang nganggo kain sutra, nganggo sulaman werna-werna. Saiki kebaya uga dhimodifikasi karo rok lan clana jean.[1] Kebaya uga nduwéni model kang werna-werna. Ana kang simétris lan asimétris.[1] Kebaya dimodifikasi karo payèt, bordiran lan renda-renda.[1] Sabe dhaerah ing Indonesia nduweni kebaya khas dhewe-dhewe, kayata kebaya Jawa, kebaya Bali, lan liya-liyané.[1]
Sandhangan kang mirip kebaya diarani nyonya kebaya.[1] Sandhangan iki digawé karo wong-wong pranakan Melaka. Wong-wong iku nganggo sandhangan iki karo sarung lan sepatu kanthi hiasan manik-manik kang diarani kasut manek.[1]
Kebaya nduwéni lengen kang dawa, biyasané dienggo karo ngisoran kang dawa.[2] Kebaya iku sandhangan kang khusus dianggo wong wadon.[2] Kebaya biyasané dienggo ing acara resmi kayata nganténan, resépsi, kartininan, lan acara-acara penyambutan tamu agung.[2]
Pranala njaba [sunting]
- (en) Dokumen konferensi
- (id) Kebaya Anne Avantie
- (id) Indonesian Traditional Textiles
- (id) Kebaya: Ini Indonesia