Wong Bugis

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Suku Bugis)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Suku Bugis

Wong Bugis utawa Suku Bugis iku kalebu klompok ètnik kang dhaérah asalé ing Sulawesi Kidul.[1] Suku Bugis bisa dititèni saka basa lan adat-istiadat.[1] Wong-wong Melayu lan Minangkabau kang ngulandara ing Sulawesi wiwit abad kaping 15 lan dadi pedagang lan tenaga administrasi ing Kerajaan Gowa kang wis ngalami akulturasi,uga bisa diarani wong Bugis.[1] Miturut sensus pendhudhuk Indonesia taun 2000, populasi wong Bugis akehé nem yuta wong.[1] Saiki wong-wong iki sumebar ing propinsi-propinsi liyané ing Indonésia kayata ing Sulawesi Tenggara, Sulawesi Tengah, Papua, Kalimantan Timur, lan Kalimantan Selatan.[1] Saliyane iku, wong Bugis uga akeh kang merantau ing mancanegara. [1] Bugis iku suku kang kagolong ing suku-suku Melayu Deutero.[1] Mlebu ing Nusantara sawise gelombang migrasi kang sepisanan saka daratan Asia yaiku ing Yunan.[1] Tembung Bugis asale saka tembung To Ugi, kang tegese wong Bugis. [1]Jeneng ugi uga jenenge raja kang sepisanan ing krajaan Cina kang manggon ing Pammana, Kabupaten Wajo saiki yaiku La Sattumpugi.[1] Nalika rakyat La Sattumpugi jenengi awaké, rakyat iku ngarah ing rajané, Jeneng To Ugi tegesé wong-wong kang melu mring La Sattumpugi.[1] La Sattumpugi iku bapak saka We Cudai lan isih sadulur karo Batara Lattu, bapak saka Sawerigading.[1] Sawerigading iku bojoné We Cudai kang nglairaké anak kalebu La Galigo kang nggawé karya sastra kang paling gedhé kang cacahé kurang luwih 9000 folio. [1]Sawerigading Opunna Ware (Yang dipertuan ing Ware) iku kisah kang ditulis ing karya sastra I La Galigo ing tradhisi masyarakat Bugis.[1] Kisah Sawerigading uga dikenal ing tradhisi masyarakat Luwuk, Kaili, Gorontalo lan tradhisi liyané ing Sulawesi kayata Buton.[1] Suku Bugis uga nduwèni aturan sajroné nenikahan.[2]


[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o (id)melayuonline.com(dipunundhuh tanggal 27 Agustus 2011)
  2. (id)forum.vivanews.com(dipunundhuh tanggal 27 Agustus 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wong_Bugis&oldid=635649"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès