Kapuloan Maluku
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Geografi | |
|---|---|
| Lokasi | Asia Kidul-Wétan |
| Koordinat | |
| Gunggung pulo | ~1000 |
| Pulau gedhé | Halmahera, Seram, Buru, Ambon, Ternate, Tidore, Kapuloan Aru, Kapuloan Kai |
| Jembar | 74.505 km² |
| Èlevasi paling dhuwur | 3.027 m |
| Pucuk paling dhuwur | Binaiya |
| Negara | |
|
Indonesia
|
|
| Provinsi | Maluku, Maluku Lor |
| Kutha paling gedhé | Kutha Ambon |
| Demografi | |
| Populasi | 1.895.000 (per 2000) |
Kapuloan Maluku iku saklompok pulo ing Indonésia sing dadi bagéan saka Nusantara. Kapuloan Maluku dumunung ing lempeng Australia. Kapuloan iki wewatesan karo Pulo Sulawesi ing sisih kulon, Nugini ing sisih wétan, lan Timor ing sisih kidul. Ing jaman kapungkur, bangsa Eropah njenengaké "Kapuloan rempah-rempah" — istilah iki uga ngarujuk marang saklompok pulo ing Afrika.
Wiwit taun 1950 - 1999, Kapuloan Maluku sacara administratif dadi bagéan saka Provinsi Maluku. Kabupatèn Maluku Lor sabanjuré ditetepaké dadi Provinsi Maluku Lor.
Bab lan Paragraf |
Geografi [sunting]
Kapuloan Maluku kerep dijlèntrèhaké jroning literatur pariwisata nduwèni 999 pulo; 90% saka wilayah kasebut arupa segara, 77.990 km2 arupa dharatan, déné 776.500 km2 arupa segara.[1]
Provinsi Maluku Lor [sunting]
- Ternate, pulo utama
- Pulo Bacan
- Halmahera - kanthi jembar 20.000 km2 minangka pulo paling gedhé ing Kapuloan Maluku.[2]
- Morotai
- Kapuloan Obi
- Kapuloan Sula
- Tidore
Provinsi Maluku [sunting]
- Pulo Ambon, pulo utama
- Pulo Saparua
- Kapuloan Aru
- Kapuloan Babar
- Kapuloan Banda
- Buru
- Kapuloan Kai
- Kisar
- Kapuloan Leti
- Seram
- Kapuloan Tanimbar
- Wetar
Referensi [sunting]
Sumber [sunting]
- ^ Monk, K.A.; Fretes, Y., Reksodiharjo-Lilley, G. (1996). The Ecology of Nusa Tenggara and Maluku. Hong Kong: Periplus Editions Ltd.. p. page 9. ISBN 962-593-076-0.
- ^ Monk, K.A.; Fretes, Y., Reksodiharjo-Lilley, G. (1996). The Ecology of Nusa Tenggara and Maluku. Hong Kong: Periplus Editions Ltd.. p. page 7. ISBN 962-593-076-0.