Kapuloan Kai
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 72 dinten 1266 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Kapuloan Kai inggih punika kalebet salah satunggaling kapuloan Indonesia ingkang mapan wonten ing sisih tenggara kapuloan Maluku, ingkang kalebet propinsi Maluku. Kapuloan Kai mapan wonten ing latitude 5° 26' 39" S saha longitude 132° 59' 47" E. [1]
Bab lan Paragraf |
Geografi [sunting]
Kapuloan punika asring dipunsebat Nuhu Evav ("Kapuloan Evav") utawi Tanat Evav ("Negeri Evav") déning masarakat kapuloan Kai. Ananging masarakat ing pulo sanèsipun langkung remen nyebat kapuloan punika kanthi nama Kei utawi Kai. Kai punika sebatan saking jaman kolonial Hindia Belanda, lan taksih dipunginakaken wonten ing buku-buku ingkang dipunserat mawi sumber-sumber jaman rumiyin. Kapuloan punika mapan wonten ing dhaérah sakitering Kepala Burung Papua, ing sisih wetan saking Kapuloan Aru, lan ing sisih wetan tadi lor saking Kapuloan Tanimbar.
Wonten ing Kapuloan Kai, ugi dumunung pulo-pulo sanesipun, ing antawisipun inggih mekaten:
- Kei Besar utawi Nuhu Yuut utawi Nusteen
- Kei Kecil utawi Nuhu Roa utawi Nusyanat
- Tanimbar Kei utawi Tnebar Evav
- Kei Dulah utawi Du
- Dulah Laut utawi Du Roa
- Kuur
- Taam
- Tayandu utawi Tahayad
Kahanan Fisik [sunting]
Kapuloan Kai inggih kalebet kapuloan ingkang pulo-pulo nipun kalebet pulo-pulo tektonik, ingkang maujud saking jinising watu ultrabasa saha sedimen, saha gadhah terumbu karang ingkang saged dipun angkat. Kapuloan Kai sejatosipun maujud saking jinis watu gamping. Dene iklim ingkang wonten ing kapuloan punika inggih tropis kanthi wontenipun hutan hujan semi awet-ijo ingkang kasebar ing dhaérah -dhaérah bukit ing Kapuloan Kai Besar.
Pendhudhuk [sunting]
Ing kapuloan Kai, warga masarakat ingkang dumunung wonten ing pulo punika sampun langkung kathah saengga namung kantun sekedhik habitat alami turahanipun. Dene ing Kai Besar pendhudhukipun dereng patos kathah dados alas ingkang wonten taksih wiyar saengga boten ketingal wonten perkawis ingkang langkung temenan.
Fauna [sunting]
Wonten ing kepuloan Kai ingkang minangka pulo urut kaping kalih paling ageng ing dhaerah kepuloan ing sakitering Laut Banda, gadhah 18 spesies manuk sebaran ingkang kawates, saha sekawan saking wolulas jinis manuk ingkang wonten inggih manuk endemik Kai, kalebet manuk Kacamata Kai utawi ingkang gadhah nama latin 'Zosterops grayi ingkang kalebet manuk endemik Kai Kecil saha manuk Kacamata Tual utawi ingkang gadhah nama latin Zosterops uropygialis]], ingkang kalebet manuk endemik Kai Besar saha Tual. [2] Ing kapuloan Kai dereng wonten babar pisan kawasan knservasi alas saengga ndadosaken alas-alas ing kapuloan Kai taksih gampil dipun jarah. Ananging sk punika pihak PHPA saha BirdLife-IP saweg ngawontenaken survey ing Kapuloan Kai ingkang badhe dipun upayakaken saged dipun damel kawasan konservsi ing Kai Besar kanthi ambanipun lahan kirang langkung 145.00 hektar.
Basa [sunting]
Ing Kapuloan Kai masarakat ngginakaken tigang basa rumpun Austronesia. Basa-basa kasebat inggih punika Basa Kai (Veveu Evav) ingkang dipunginakaken dening saperangan ageng masarakat Kapuloan Kai, inggih punika dipunginakaken wonten ing 207 desa ing Kei Kecil, Kei Besar, lan pulo-pulo sakiteripun. Ingkang kaping kalih inggih punika Basa Kur (Veveu Wadan) ingkang dipunginakaken dening masarakat desa Banda Eli (Wadan El) lan Banda-Elat (Wadan Elat) ing sisih kilen lan timur laut Pulo Kei Besar. Ingkang kaping tiga inggih punika Basa Banda ingkang asalipun saking Kapuloan Banda. Ananging basa kasebat sampun boten dipunginakaken malih.
Delengen Uga [sunting]
- Basa Kei
- Maluku
- kabupaten Maluku Tenggara
- Pulo-pulo Kur, Maluku Tenggara
- Kota Tual
- Kei Besar, Maluku Tenggara
- Kei Kecil, Maluku Tenggara
- Pariwisata Maluku Tenggara
