Watu
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Watu utawa wungkal iku sajinising material sing mawujud saka mineral lan kapilah miturut komposisi mineral. Pamilahan iki digawé adhedasar:
- kandhutan mineral, yaiku jinis-jinis imeral sing ana ing watu kasebut.
- tèkstur watu, yaitu ukuran lan wujud hablur-hablur mineral ing sajroning watu;
- struktur watu, yaitu susunan hablur mineral ing sajroning batu.
- proses dumadiné.
Watu-watu umumé dipérang miturut prosès dumadine, lan kanthi dipecah ing 3 (telung) kumpulan gedhé yaiku:
Watu igneus iku watu sing dumadi seka magma cair, watu endhapan liwat endhapan lan tekanan bahan tinamtu, lan batu métamorfosis liwat salah saji seka 2 (rong) cara sing kasebut mau sawisé salin rupa amarga suhu lan tekanan. Ing sawetara kasus-kasus nalika bahan organik ninggalaké tilas ing watu, dadiné fosil.
Kerak Bumi (klebu litosfer) lan mantèlé dumadi seka watu. Ing bangunan, watu biasané kanggo pondhasi sing dhuwur bangunané kurang seka 10 mèter. Watu uga kagunakaké ing candhi.