Candhi
Candhi iku bangunan kang umumé digawe nalika jaman kuna saka kabudhayan Hindhu-Buddha.[1] sing diarani candhi durung mesthi jaman mbiyené dadi panggonan kanggo ngibadah. Ana uga candhi kang mbiyèné kanggo patirtan utawa kraton. [1]Candi yaiku salah siji bangunan peninggalan saking masa lampau ingkang dados panggonan ngibadah ibadah, istana, patirtaan lan gapura agama Hindu-Budha.[1] Tembung candhi asalé saka tembung “Candika” kang tegesé jeneng salah siji Dewa kematian (Durga).[1] Merga perkara mau candhi mesthi digayutake karo monumen panggon padharmaan kanggo muliakake raja Anumerta (kang wis seda) tuladhané candhi Kidal kanggo muliakake Raja Anusapati.[1]Penafsiran kang ana ing masyarakat yaiku istilah 'candhi' mung ngrujuk saka bangunan peninggalan jaman Hindu-Buddha ing Nusantara, yaiku ing Indonésia lan Malaysia waé (tuladhané: Candhi Lembah Bujang ing Kedah).[1]Nanging saka sudut pandang Bahasa Indonésia, istilah 'candhi' uga ngrujuk marang kabèh wangunan sejarah Hindu-Buddha ana ing donya ora mung sing ana ing Indonésia lan Malaysia, uga Candhi ana ing Kamboja lan India, kayata candi Angkor Wat ing Kamboja lan candi Khajuraho ing India.[1]
| Antara abad ke-7 dan ke-15 masehi, ratusan bangunan keagamaan dibangun dari bahan bata merah atau batu andesit di pulau Jawa, Sumatera, dan Bali. Bangunan ini disebut candi. Istilah ini juga merujuk kepada berbagai bangunan pra-Islam termasuk gerbang, dan bahkan pemandian, akan tetapi manifestasi utamanya tetap adalah bangunan suci keagamaan.[2] |
Bab lan Paragraf |
Fungsi lan Jenis[sunting]
Candi bisa migunani kanggo: [3]
- Candi stupa: digawé kanggo lambang Budha, tuladhané Candhi Borobudur.
- Candi pintu gerbang: digawé kanggo gapura utawa pintu mlebu, tuladhané: Candhi Bajang Ratu.
- Candi balai kambang/patirtan: digawé ing satengahé utawa minangka kolam, tuladhané: Candhi Belahan lan Candhi Tikus.
- Candi pertapaan: digawé ana ing lèrèng – lèrèng panggèn raja tapa, tuladhané: Candhi Jalatunda.
- Candi wihara: digawé kanggo panggon para pendéta semèdhi, tuladhané: Candhi Sari lan Plaosan.
Struktur Bangunan Candhi [4]
- Kaki candi yaiku dasaré candhi(segi papat, ujur sangkar utawa segi 20)[4]
- Tubuh candi, panggon iki awujud kamar–kamar kanggo nyimpen reca utawa patung.[4]
- Atap candi bentuké limasan, bermahkota stupa, lingga, ratna utawa amalaka.[4]
Sistem tata letak komplék candi
- Sistem konsentris (pengaruh saka India) yaiku posisi candhi indhuk ana ing tengah-tengah anak–anak candhi (candhi perwara), tuladhané Candhi Prambanan.[4]
- Sistem berurutan (asli Nusantara) yaiku posisi candhi indhuk ana ing mburiné anak–anak candhi, tuladhané Candhi Penataran.
Candhi dibagi dadi [4]
- Candhi kerajaan, yaiku candhi kang digawé kanggo kabeh warga kerajaan. Tuladhané: Candhi Borobudur, Candhi Prambanan, Candhi Sèwu, Candhi Plaosan (Jawa Tengah), Candhi Panataran ing Jawa Wétan.[4]
- Candhi wanua/watak,yaiku candhi kang digawé kanggo kabeh masyarakat ana ing daérah tartamtu ing sawijining kerajaan. Tuladhané: Candhi kang asalé saka jaman Majapahit, Candhi Sanggrahan (Tulung Agung, Jawa Wétan), Candhi Gebang (Yogya), Candhi Pringapus (Temanggung, Jawa Tengah).[4]
- Candhi pribadhi, yaiku candhi kang digawé kanggo dharmakaké salah sijining tokoh. Tuladhané: Candhi Kidal (pendharmaan Anusapati, raja Singhasari), Candhi Jajaghu (Pendharmaan Wisnuwardhana, raja Singhasari), Candhi Ngrimbi (pendharmaan Tribuanatunggadèwi, ibu Hayam Wuruk), Candhi Tegawangi (pendharmaan Bhre Matahun), lan Candhi Surawana (pendharmaan Bhre Wengker).[4]
Arsitektur Candhi[sunting]
Pembangunan candhi digawé manut ketentuan kang ana ing kitab Vastusastra utawa Silpasastra kang digawé dening silpin yaiku seniman kang gawé candhi (arsitek jaman dhisik).[3] [1]Salah saji bagian saka kitab Vastusastra yaiku Manasara kang asalé saking India kidul, kang ora mung isi patokan-patokan gawé kuil.[3]Salah siji ketentuan saka kitab saklitane Manasara nanging penting ing Indonésia yaiku syarat bangunan suci apiké dibangun cedhak banyu kali (utamané cedhak pertemuan 2 buah kali, tlaga, segara.[3]
Bahan-bahan kanggo gawé candhi: [3]
- Watu Andesit
- Watu putih (tuff), kaya nana ing Candhi Ratu Boko, Jateng
- Watu abang
Macem-macem dénah candhi: [3]
- dénah bujur sangkar
- dénah persegi panjang
- dénah lingkaran
| Bagian saka Candi | Langgam Jawa Tengah | Langgam Jawa Wétan |
|---|---|---|
| Bentuk bangunan | Cenderung tambun | Cenderung dhuwur lan ramping |
| Payon | Cetha nuduhaké undakan, umumé ana 3 tingkatan | Payoné dadi kesatuan tingkatan. Undakan-undakan cilik kang akeh mbentuk kesatuan payon kang melengkung halus. |
| Kemuncak | Stupa (candi Buddha), Ratna utawa Vajra (candi Hindu) | Kubus (kebanyakan candi Hindu), kadang kala Dagoba kang bentuke tabung (candi Buddha) |
| Gawang pintu lan hiasan relung | Gaya Kala-Makara; kepala Kala nganggo mulut menganga tanpa rahang ngisor ana ing nduwuré lawang, gatuk karo Makara ganda ing sisih lawang | Mung kepala Kala tengah menyeringai lengkap karo rahang ngisor ana ing nduwur lawang, Makara ora ana |
| Reliéf | Ukiran luwih dhuwur lan menonjol karo gambar bergaya naturalis | Ukiran luwih cendhak (tipis) lan kurang menonjol, gambar bergaya kaya wayang bali |
| Tata letak lan lokasi candi utama | Mandala konsentris, simetris, formal; kanthi candi utama ana ing tengahé halaman komplkés candi, diubengi jajaran candi-candi perwara kang luwih cilik ana ing barisan kang rapi | Linear, asimetris, ngetutké topografi (penampang ketinggian) lokasi; kanthi candi utama ana ing mburi, paling adoh saka lawang mlebu, lan seringkali terletak ing lemah kang paling dhuwur sakompléks candhi, candhi perwara ana ing ngarep candhi utama |
| Arah madap bangunan | Akehé madep ngétan | Akehé madep ngulon |
| Bahan bangunan | Akehé watu andesit | Akehé bata abang |
Indonesia[sunting]
Candhi-candhi ing Indonesia, yaiku:[5]
Jawa Bageyan Kulon[sunting]
Candhi-candhi ing Jawa Kulon yaiku:[5]
Jawa Bageyan Tengah[sunting]
Candhi-candhi ing Jawa Tengah lan Dhaerah Istimewa Yogyakarta, yaiku:[5]
- Candhi Arjuna
- Candhi Ratu Baka
- Candhi Banyunibo
- Candhi Barabudhur
- Candhi Ceto
- Candhi Dieng
- Candhi Gebang
- Candhi Gedhong Songo
- Candhi Gunung Wukir utawa Candhi Canggal
- Candhi Ijo
- Candhi Kalasan
- Candhi Losari
- Candhi Lumbung
- Candhi Mendut
- Candhi Pawon
- Candhi Plaosan
- Candhi Prambanan
- Candhi Pringapus
- Candhi Sari
- Candhi Sambisari
- Candhi Sojiwan
- Candhi Sukuh
- Candhi Wukir
Jawa Bageyan Wetan[sunting]
Candhi-candhi ing Jawa Wetan, yaiku: [5]
- Candhi Badhut
- Candhi Brahu
- Candhi Gambar
- Candhi Jabung
- Candhi Jawi
- Candhi Jago
- Candhi Kidhal
- Candhi Menak Jingga
- Candhi Panataran
- Candhi Selokelir
- Candhi Singosari
- Candhi Songgoriti
- Candhi Sumberawan
- Candhi Surowono
- Candhi Tegowangi
- Candhi Tigawangi
- Candhi Tikus
- Kompleks Trowulan
Bali[sunting]
Candhi-candhi ing Bali yaiku:[5]
Sumatra[sunting]
Candhi-candhi ing Sumatra, yaiku:[5]
- Candhi Muara Takus, ing Riau
- Candhi Biaro Bahal ing Tapanuli Kidul
- Candhi Muaro Jambi ing Jambi
- Candi Gumpung ing Muaro Jambi, Jambi
Kalimantan[sunting]
Candhi-candhi ing Kalimantan yaiku:[5]
Kamboja[sunting]
Candhi ing Kamboja:
Cathetan suku[sunting]
- ^ a b c d e f g h (id)http://candi.pnri.go.id
- ^ Soekmono, R. "Candi:Symbol of the Universe", pp.58-59 in Miksic, John, ed. Ancient History Volume 1 of Indonesian Heritage Series Archipelago Press, Singapore (1996) ISBN 978-981-3018-26-6
- ^ a b c d e f (id)www.oocities.org
- ^ a b c d e f g h i (id)http://okanila.brinkster.net
- ^ a b c d e f g (id)http://syadiashare.com