Candhi Kidal

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Candi Kidal

Candhi Kidal yaiku candhi Hindhu paninggalané dinasti Singasari.[1] Candhi Kidal dumunung ing Désa Rejokidal, Kecamatan Tumpang, udakara 20 km sisih wétan kutha Malang.[1] Candhi Kidal ditemokaké dèning wong Belanda ing taun 1925.[1] Iki kabukti kanthi kasimpené arca Siwa sing kuduné ana ing Candhi Kidal nanging arca iki kasimpen ing Royal Tripical Institute Amsterdam.[1]

Candhi Kidal bisa diarani candhi pamujan sing paling tuwa ing Jawa Wetan, amarga ing pamaréntahan Airlangga (11-12 M) yaiku saka Kerajaan Kahuripan lan raja-raja Kerajaan Kediri (12-13 M) namung ninggalaké Candhi Belahan lan Candhi Jalatunda minangka petirtaan utawa padusan.[2] Candhi Kidal dibangun taun 1248 M, sawisé upacara ngubur Cradha kanggo Raja Anusapati minangka raja Kerajaan Singosari.[2] Ancas saka pembangunan candhi iki yaiku kanggo ndharmakaké Raja Anusapati, supaya bisa antuk kamulyan minangka Syiwa Mahadewa.[2] Amarga dibangun nalika jaman transisi saka jaman emas pamarentahan kerajaan-kerajaan Jawa Tengah tumuju kerajaan-kerajaan Jawa Wetan, ing Candhi Kidal ditemokaké corak bangunan sing ngatonaké gabungan antarané corak candhi Jawa Tengah lan candhi Jawa Wetan.[2] Sabagéyan pakar ngarani Candhi Kidal dadi prototipe saka candhi ing dhaérah Jawa Wetanan.[2]

Bangunan Candhi[sunting | sunting sumber]

Sawisé dipugar taun 1986 nganti taun 1990, ukuran Candhi Kidal dawané 10,8 m, ambané 8,36 m, lan dhuwuré 12,26 m.[3] Déné dhuwur asliné udakara 17 mèter.[3] Kabèh bangunan candhi kagawé saka watu andesit kanthi dimènsiné geometris vertikal.[2] Ing sakupengé latar candhi ana susunan watu sing fungsiné kanggo pager.[2] Awak candhi ngadeg ing sadhuwuré batur (sikil candhi) sing dhuwuré 2 m.[2] Kanggo tekan selasar ing jubin sikil candhi, digawé undhak-undhakan watu ing ngarep lawang.[2] Sing narik kawigatèn yaiku undhak-undhakan mau digawé tipis-tipis saéngga saka adoh katon ora kaya undhak-undhakan sing sabeneré.[2] Undhak-undhakan watu iki uga dijangkepi pipi andha sing bentuké ukel kaya ing candhi-candhi liyané.[2] Nanging, ing sisih kiwa-tengen undhak-undhakan sing sepisan ana badug, yaiku témbok cendhèk sing bentuké siku lan nutupi sisih pinggir lan sabagéyan sisih ngarep sikil undhak-undhakan.[2] Badug iki sing dadi ciri khas Candhi Kidal amarga ora ana ing candhi-candhi liyané.[2] Lawang candhi mandhep ngulon, dijangkepi bilik kanthi hiasan kalamakara (sirah Kala) ing dhuwuré.[2] Hiasan sirah Kala kuwi katon medèni amarga mripate mendelik, lambéné kabukak sarta taring gedhé lan mbengkok.[2] Ing pojok kiwa lan tengen ana driji tangan sing mudra (sikap ngancem), saéngga sampurna banget kanggo sesawangan makhluk sereng sing njaga bangunan suci candhi.[2]

Ing bagéyan sikil candhi mbentuk bujursangkar kang katon rada dhuwur mawa undhak-undhakan cilik-cilik.[4] Ukuran awak candhi luwih cilik tinimbang amba sikil sarta atap candhi, saéngga katon ramping. Ing bagéyan sikil lan awak candhi ana hiasan medalion.[4] Ing atap candhi ana telung bagéyan mawa bagéyan paling dhuwur nduwé permukaan kang amba tanpa hiasan kayata stupa. Saben lapisan disisakaké ruang kang rada amba kanggo hiasan.[4] Miturut crita, ing wiwitan nggawé bangunan candhi, saben pojok lapisan atap candhi diwènèhi berlian cilik.[4]

Ana telung relief Garuda ing candhi Kidal, sing sepisan yaiku Garuda sing nggéndhong ula gedhé sing gunggungé ana telu.[5] Relief kapindho nggambaraké Garuda kanthi kendhi ing dhuwur sirahé lan relief sing katelu yaiku Garuda sing nyangga wong wadon.[5] Ing antarané telung relief kasebut, relief kapindho sing paling apik lan isih wutuh nganti saiki.[5]

Mitos Garudheya[sunting | sunting sumber]

Ing kasusastran Jawa Kuno, ana mitos sing kawentar ing bebrayan, yaiku mitos Garudheya.[2] Sawijiné garuda bisa kasil mbébasaké ibuné saka donya budhak kanthi tebusan banyu suci amerta (banyu panguripan).[2] Relief mitos Garudheya iki digawé kanggo ngganepi weling Anusapati sing kepèngin ngruwat Kèn Dèdès, ibu sing banget ditresnani. Mitos iki jangkep kababar ing relief sakupengé sikil Candhi Kidal. Kanggo maca relièf kudu nganggo teknik prasawiya (nglawan arah pandom jam), diwiwiti saka sisih kidul.[2]

Carita[sunting | sunting sumber]

Kacarita, ana sawijiné resi arané Resi Kasyapa sing nduwé garwa loro yaiku Kadru lan Winata.[2] Satemené Kadru kuwi seduluran karo Winata nanging kekaroné asring padu amarga rebutan éntuk kawigatèn saka Resi Kasyapa.[2] Kekaroné padha prihatin amarga wis suwé durung bisa nduwé anak.[2]

Sawijining dina, Dewi Winata katekan déwa lan déwa mènèhi endhog marang Dewi Winata.[2] Dewa kuwi banjur weling supaya Dewi Winata njaga endhog kuwi apik-apik nganti tekan wayahé netes lan ngrumati makhluk sing netes saka endhog kuwi.[2] Dewi Winata banjur nyimpen endhog mau ing panggonan sing primpen. Wayah kuwi uga, Dewi Kadru ngalami kadadéyan sing padha.[2] Nganti tekan wayahé netes, endhog sing disimpen Kadru metu ula gunggungé telu, déné endhog sing disimpen Winata metu manuk sing gunggungé mungé siji.[2] Kadru lan Winata ngrumati anak-anak kuwi nganti padha gedhé.[2] Manuk mau dadi garuda sing dijenengi Garudheya, déné anak-anaké Kadru tuwuh dadi naga.[2]

Kadru kuwi sifaté kesèt lan wis krasa kesel ngrumati anak-anaké sing mbeling-mbeling amarga asring mumpet ing bulak-bulak.[3] Mula, tuwuh niyat ala ing atiné Kadru supaya bisa masrahaké anak-anaké marang Winata.[3] Winata diajak totohan dèning Kadru.[3] Nanging, Kadru tumindak urik, saéngga Kadru sing menang lan Winata kudu gelem ngrumati anak-anaké Kadru saben dina.[3] Sabanjure Winata njaluk tulung marang Garuda supaya ngewangi dheweke ngrumati anak-anake.[3]

Nalika wis gedhé Garudheya takon marang ibuné, Dèwi Winata, kenging ngapa kok dhèwèké lan ibuné kudu ngrumati sedulur kuwaloné.[3] Déné Kadru malah ora tau ngrumati anak-anaké kuwi. Sawisé dicritani dèning ibuné, Garudheya ngerti sujarahé. Mula banjur nggolèk cara supaya ibuné bisa ucul saka kasangsaran kuwi.[3] Lan cara supaya bisa nulungi ibuné yaiku kanthi nggawa banyu suci amerta sing kasimpen ing kahyangan lan dijaga para dewa.[3] Banyu kuwi asalé saka segara susu.[3] Garudheya nyaguhi lan mangkat menyang kahyangan sawisé èntuk idin saka Winata.[3] Para dewa mesthi ora mènèhi idin marang Garudheya njupuk banyu amerta kuwi saéngga kadadèn perang antarané Garudheya lan para dewa.[3] Nanging, Garudheya bisa ngasoraké para dewa. Mula Bathara Wisnu mèlu cawé-cawé nglawan Garudheya.[3] Garudheya bisa dikalahaké dèning Bathara Wisnu.[3] Nanging, sawisé Bathara Wisnu ngerti ancasé Garudheya nggolek banyu amerta kanggo nulungi ibuné Wisnu ngidinké Garudheya nyilih banyu amerta kuwi kanggo ngeculaké ibuné nanging saraté Garudheya kudu gelem dadi tunggangané.[3] Saka kuwi Garuda dadi tunggangané Bathara Wisnu kaya sing katon ing patung-patung Wisnu umumé.[3] Kanthi banyu amerta kuwi akhiré Garudheya bisa ngeculaké Winata saka kasangsaran.[3]

Pamugaran[sunting | sunting sumber]

Ing sakupengé candhi ana sisa-sisa pondhasi saka sawijining témbok mubeng kang wis kasil didhudhuk manèh minangka kasil pamugaran taun 1990-an. Ana andha mlebu menyang komplèks candhi ing sisih kulon liwat témbok kasebut nanging angèl dipesthèkaké apa pancèn kaya ngono asliné. Yèn didelok saka lemah sakupengé karo dhataran komplèks candhi, katon candhi komplèks Kidal rada menjero watara 1 mèter saka permukaan saiki iki. Apa dhataran candhi minangka permukaan lemah sabeneré amarga bencana alam kayata banjir utawa gunung mbledhos ora bisa dimangertèni tenanan. Dideleng saka umuré, Candhi Kidal minangka candhi paling tuwa ing antarané candhi-candhi periodhe sawisé Jawa Tengah (abad kaping 5-10 M). Perkara iki amarga periodhe Mpu Sindok (abad X M), Airlangga (abad XII M) sadurungé ora ninggalaké candhi, kajaba Candhi Belahan lan Jolotundo kang sabeneré dudu candhi nanging petirtaan. Sabeneré ana candhi kang luwih tuwa yaiku Candi Kagenengan kang miturut versi Kitab Negarakertagama dadi papan di-dhramakaké Kèn Arok. Nanging, candhi iki ora tau ditemokaké.

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d (id)Candi Kidal(diundhuh 9 Oktober 2012)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab (id)Tentang Candi Kidal(diundhuh 9 Oktober 2012)
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r (id)Pesona Candi Kidal(diundhuh 10 Oktober 2012)
  4. ^ a b c d (id)Candi Kidal peninggalan Anusapati(diundhuh 20 Februari 2013)
  5. ^ a b c (id)Budaya-Candi Kidal(diundhuh 10 Oktober 2012)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Candhi_Kidal&oldid=834913"