Candhi Sambisari

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Wangunan utami Candhi Sambisari

Candhi Sambisari inggih punika salah satunggalipun candhi tilaran mangsa kajayaanipun agami Hindu ing Pulo Jawa ingkang miturut administrasinipun wonten ing wewengkon Kabupatèn Sléman, Provinsi Dhaerah Istimewa Yogyakarta (DIY).[1] Candhi menika kalebet candhi aliran Syiwaistis ingkang dipunwangun ing abad X déning Wangsa Syailendra.[1] Candhi Sambisari nembe dipunpangggihi ing taun 1966 déning tiyang tani ingkang asmanipun Karyoniangun ingkang nembe macul sabinipun.[1][2]

Awit pamanggihan Candhi menika, Balé Arkéologi Yogyakarta lajeng ngawontenaken panalitén lan ékskavasi.[1] Adhedhasar panaliten bab géologis watu candhi lan siti ingkang sampun ngurug candhi sadangunipun atusan taun, candhi kanthi inggil 7,5 méter menika kinten-kinten kaurug déning material Gunung Merapi ingkang mbledhos ing wulan 1006 Maséhi.[1][3] Salajengipun, saking asil panalitèn ingkang dipunwontenaken ing wulan Juli 1966, pikantuk asil bilih wewengkon kasebat panci satunggalipun situs candhi.[1] Nalika taksih proses panalitèn (pangerukan) ugi dipunpanggihi kathah piranti ingkang nggadhahi sajarah, kados tembikar, emas, lan prasasti ingkang dipundamel saking emas.[1] Miturut tim ingkang neliti, pamanggihan kathah piranti kasebat dados indhikasi bilih Candhi Sambisari dipunwangun déning Raja Rakai Garung.[1][2] Sasampunipun ékskavasi dipunwontenaken, lajeng dipunwiwiti prosés panataan (panyusunan) malih candhi ingkang ing wekdal semanten taksih misah-misah.[1] Awit saking menika, situs candhi kasebat lajeng dipundadosaken minangka wewengkon suaka budaya.[1]

Taun 1987, Balé Arkéologi Yogyakarta ngawontenaken pamugaran lan rekonstruksi candhi.[1] Saking prosés rekonstruksi kasebat, pikantuk asil bilih wontenipun Candhi Sambisari menika ing jero 6,5 méter saking siti sisih nginggil.[1] Amargi menika, déning masyarakat ing mrika, candhi menika dipunsebat minangka Candhi Salebeting Siti.[1]

Cathetan suku [sunting]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m (id)Candi Sambisari dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)
  2. ^ a b (id)21 Tahun Merangkai "Puzzle" Candi Sambisari dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)
  3. ^ (id)Candi Sambisari dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)

Pranala njawi [sunting]

(id)Candi Sambisari


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Candhi_Sambisari&oldid=831979"