Hayam Wuruk
| Hayam Wuruk | ||
|---|---|---|
| Raja Majapait | ||
| Mréntah | Majapait: 1350 - 1389 | |
| Nami jangkep | Rajasanagara | |
| Birthplace | Majapait | |
| Majapait | ||
| Pendahulu | Tribhuwana Wijayatunggadewi | |
| Pangganti | Wikramawardhana | |
| Consort | Paduka Sori | |
| Consort | Concubine (ibuné Wirabhumi) | |
| Dinasti | Dinasti Rajasa | |
| Bapa | Cakradhara | |
| Ibu | Tribhuwana Wijayatunggadewi | |
Hayam Wuruk, uga ditepungi minangka (sawisé taun 1350) Rajasanagara sing mréntah taun 1351–1389, yaiku raja kaping papat saka Krajan Majapait. Bebarengan karo patihé Gajah Mada, Hayam Wuruk nggayuh kakuwasan sing gedhé. Hayam Wuruk nggantèkaké Tribhuwana Wijayatunggadewi lan diganti putra mantuné Wikramawardhana.
Hayam Wuruk iku putra saka Tribhuwana Wijayatunggadewi lan Sri Kertawardhana (Cakradhana). Ibuné yaiku putri Radèn Wijaya, déné bapaké yaiku raja sangisoré Singasari sing nduwèni gelar Bhre Tumapèl. Hayam Wuruk lair ing taun 1334. Prastawa kelairané diwiwiti kanthi lindhu ing Pabanyu Pindah lan mbledhosé Gunung Kelud. Ing taun iku uga Gajah Mada ngucapaké Sumpah Palapa. [1]
Garwané Hayam Wuruk yaiku Sri Sudèwi sing nduwèni gelar Padukasori putriné Wijayarajasa Bhre Wengker. Saka panganténan iku, lair Kusumawardhani sing banjur dadi garwané Wikramawardhana putrané Bhre Pajang. Hayam Wuruk uga nduwé putra saka selir sing dadi Bhre Wirabhumi, sing banjur dadi garwané Negarawardhani, putriné Bhre Lasem.
Cathetan Suku[sunting]
Wacan[sunting]
- Pringle, Robert. (2004)A Short history of Bali: Indonesia's Hindu Realm, Crows Nest, NSW: Allan & Unwin.
| Didhisiki déning: Tribhuwana Wijayatunggadewi |
Raja Majapait 1350–1389 |
Diganti déning: Wikramawardhana |