Karajan Majapahit
Karajan Majapahit wiwit dibangun taun 1293 Masèhi ing Jawa Wetan. Karajan iki nguasani mèh kabèh pulo Jawa, Madura, Bali, lan dhaérah liyané ing Nusantara. Majapait iki karajan gedhé pungkasan sing nganut agama Hindu-Buddha ing Nusantara. Pusat karajaan iki ana ing dhaérah sing saiki kalebu Kecamatan Trowulan, Mojokerto.
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Taun 1292 Singasari dikuwasani keturunan kraton Kediri yaiku Jayakatwang. Salah sawijining keturunan Singasari, Raden Wijaya, sumingkir menyang Pulo Madura. Ing pulo iku, Wijaya antuk pramayoga déning sing baureksa Madura, yaiku Aria Wiraraja, supaya éthok-éthok ngabdi karo Jayakatwang.
Jayakatwang nampa Wijaya lan kanugrahan lemah ing tlatah Tarik sing isih awujud alas. Tarik iki dadi cikal bakal kraton Majapahit. Ing pungkasan taun 1293, Wijaya migunakaké prajurit Kubilai Khan sing arep nyerang Singasari (Kertanegara), gabungané prajurit Cina karo Wijaya iki bisa ngalahaké Jayakatwang sing déning prajurit Cina dikira Kertanegara. Raden Wijaya uga ngalahké prajurit Kubilai Khan wektu acara pesta kamenangan musuh Jayakatwang.
Raja-raja [sunting]
- Raden Wijaya 1293 - 1309
- Jayanegara 1309 - 1328
- Bhre Kahuripan 1328 - 1350
- Hayam Wuruk 1350 - 1389
- Wikramawardhana 1389 - 1429
- Suhita 1429 - 1447
- Kertawijaya utawa Brawijaya I 1447 - 1451
- Rajasawardhana utawa Brawijaya II 1451 - 1453
- Purwawisesa utawa Girishawardhana utawa Brawijaya III 1456 - 1466
- Pandanalas utawa Suraprabhawa utawa Brawijaya IV 1466 - 1968
- Bhre Kertabhumi utawa Brawijaya V 1468 - 1478
- Girindrawardhana utawa Brawijaya VI 1478 - 1498
Sumber sajarah [sunting]
- Pararaton - Sejatine kitab iki nyeritaake Ken Arok ning uga ana catetan kebentu'e Majapahit.
- Kakawin Nagarakretagama
- Prasasti
- Catetan sajarah saka Cinten
Majapait ambruk [sunting]
|
Karajan Pangjalu II (Jayakatwang) > Karajan Majapahit > Kasultanan Demak |
|
|
|
|---|---|
|
0-600 (Hindu-Buddha Mataram Kuna): Salakanagara | Tarumanagara | Galuh | Sundha | Kalingga | Kanjuruhan |
|